Jumat, 05 April 2013

welinge mbah dukun sodron..

Sakdurunge ketemu Juminten sing dadi TARGET-e.,sardot isih kelingan welinge mbah dukun sodron.. sodron : ojo lali.. nek mlebu pager omahe bocahe... sing pertama mlebu kudu SIKIL KIWO ndhisik!! tekan ngarep gerbang omahe juminten, sardot nglangkah mlebu nganggo SIKIL KIWO ndhisik.. syarat pertama sukses lur.. sodron : sakdurunge tekan lawang,. sikilmu kudu NGIDAK LEMAH PING TELU!! neng ngarep lawang omahe juminten,sardot NGIDAK LEMAH PING TELU.. DUK.. DUK.. DUK.. syarat kepindho sukses lur.. sodron : sak lebare kuwi,. GEDOR LAWANGE PING LIMO.. !!! saknaliko sardot NGGEDOR LAWANG PING LIMO.. DOG.. DOG.. DOG.. DOG.. DOG.. syarat ketelu wes dilakoni lur.. sodron : saiki sing terakhir.. kowe kudu MOCO SING SERU rapalan seko aku iki.. munine ngene... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ...GADHAH PANCI BOROT,EMBER BEKAS,WAJAN GUMPIL,TV AMBYAR NOPO ROSOK MBAK?? MANGKE KULO TUMBASE!!!! saknaliko sardot ngglethake karung karo timbangane neng lemah trus nglakoni syarat kepapat seko dukune kuwi.. . . *kapusan yo lur? hahahaha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar