Sabtu, 06 April 2013

MANUSIA BODOH (ADA BAND)

Wengi iku sardot budhal ning omahe juminten

dandanane necis,parfum ugo wangi

tekan ning omahe juminten,sardot ngajak metu juminten ning cafe

ning cafe,wong 2 mau ngobrol ngalor ngidul

mergo dasare playboy cap tengu,sardot langsung ngentokno rayuan gombale marang juminten

"dik..bapak mu manager hotel yo..?"

"kok ngerti mas.."

"mergo yen cedhak awak mu,hawane pingen nginep ning ati mu dik.."

"hehew..mas sardot iso wae..ngomong ngomong yen cedhak pean,aku kelingan judul lagune ADA BAND mas.."

"opo dik..'kau aura ku' yo..?"

"ora mas.."

"opo sing 'surga cinta' dik..?"

"ora kuwi mas.."

"terus sing opo dik..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"MANUSIA BODOH mas..!!!"

sardot: (krukupan taplak mejo cafe)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar