Senin, 08 April 2013

SARDOT AREP SUNAT(kithan)

Ono pitakon soko admin  SARDOT.COM
Loro endi wong lanang di sunat...karo wong wadon kang lagi nglairno,,,,??
Naaaah.....jawabane neng ngisor iki,,,,,,!!!

*****
SARDOT seng umure 7 taun ..Karo emakeJUMINTEN arep di sunatno ..Kuatire yen sunate telat mundak gak tedas di gunting..Wkwkwk

# Singkat cerito ..SARDOT waktu muleh scola mampir nang umahe pakde ne seng jenenge SODRON

SARDOT: pakde..Pakdee...!!

SODRON: lapo lee ....?

SARDOT: aku diluk engkas arep di sunatne karo emak..Hehehe...( karo mesem curut )

SODRON: koe arep sunat wes wani tenan tah....??

SARDOT: lha wedi opo toh., wong sunat iku gak loro..Yen jare bapak lorone waktu di suntik thok..Koyo di cokot semut..!!

SODRON: ngawur wae..Sunat iku lorone setengah mati kok..!!

SARDOT: lha jare bapak lorone waktu di suntik thok..Iku wae rasane amung koyo di cokot semut

SODRON: bapakmu iku ngapusi...Di suntik ndek bokong karo ndek pusoko iku rasane karo alate yoh gak podo ??

SARDOT: opo iyo pakde..? (mulai wedi)

SODRON: rasane koyo di cokot semut iku yen di suntik ndek bokong..Mergo seng gawe nyuntik jarume amung cilik .

SARDOT: emang seng gawe nyuntik pusoko iku gede tah ..??

SODRON: koe weruh doran pacul pora...?? Yoh sakmunu iku jarume gedene .

SARDOT:...???,,,,???@_@ ( raine abang ireng kate nangis )

SODRON: koe weruh pora..Yen wong sunat iku ngetoke / motonge karo opo ..??

SARDOT: yen jare bapak karo gunting pakde....!!

SODRON: ngawur wae..bapakmu iku ngapusi..Alate gawe ngetok pusoko yoh iku karo graji,,kampak,,golok,,pacul ..Utowo pedang

SARDOT: ,,, @_@,,,, @_@,,,,???? (kate nangis keweden)

SODRON: koe weruh pora..Opo seng di gawe njahit pusoko..??

SARDOT: yen jare bapak benang biasa .

SODRON: ngawur wae...Bapakmu iku ngapusi..Koe weruh tampar seng gawe naleni sapi...?? Yoh karo iku njahite .

SARDOT: HIIIII...Sereeem,,?????

SODRON: umpomo benange gedene sak tampar..Koe iso mbayangno pora , sak piro gedene jarum e ..??

SARDOT: hikz..Hikz..( tambah mewek koyo kudanil )

SODRON: rasane iku luoorooo setengah mati...Koe tak takoni yoh..Opo seng di gawe mbuntel pusokone wong tas mari sunat...??

SARDOT: yen jare bapak di bungkus perban .

SODRON: ngawur wae...Di bungkus karo godong jati utowo godong gedang.....Wes talah sunat iku loro setengah mati..Aku gak ngapusi

SARDOT: HUUUAAAAAA,,,,HUUUAAAAA,,,,,HUAAAAA,,,,(nangi buanter karo mlayu muleh)

* sardot seng nangis keweden akhire wadul nang emake si juminten

SARDOT: HUAAA,,HUAAA,,HUUUAAA..Aku wegah sunat..Aku wegah sunaaaat...( karo gulung2)

JUMINTEN: loh..Loh...Ngawur wae,, wong islam kudu di sunat

SARDOT: aku wegaah,,aku emoh..Di sunat iku loro..Aku wegah

JUMINTEN: koe kok ngerti jare sopo..?

SARDOT: jare pakde..Trus jare pakde yen ngetok pusoko karo graji,pecok,utowo kampak..Trus jarene jarum seng di gawe nyuntik gedene sak doran pacul...Aku wegah di sunat..Hikz...Hikz...Hikz

* juminten seng di waduli anake..Emosi banjur nglabrak nang umahe sodron

JUMINTEN: kang droon...Anakku mau kok kandani opo..Nganti nangis trus gak gelem sunat

SODRON: aku mung ngandani...Yen di sunat iku loro buanget

JUMINTEN: sampean ngerti pora...Mergo sampean si sardot wegah di sunat

SODRON: hahaha..Alhamdulillah...Yen gak gelem di sunat ben podo karo aku...Xixixi (nyengir jaran)

JUMINTEN: jabang bayik lanang wedook...Jebul pean iki gerang daplok gurung sunat tah..??

SODRON: aku pancen gak sunat snajan umurku wes 30 taun..Jare bapakku di sunat iku loro stengah mati...Malah rasane luweh loro wong sunat ktimbang wong nglahirno anak

JUMINTEN: PLAAAAKKK(ngaplok sodron karo sandal) wooy..Ngawur wae..Wong nglairno iku larane setengah mati...Ktimbang wong sunat..Yen wong nglairno iku taruhane nyowo

SODRON: tapi jek tetep loroan wong di sunat rasane..

JUMINTEN: jek tetep luweh perih lan loroan wong nglairno...(karo mendelik)

SODRON: jek loroan wong sunat..Sampean opo tumon.....
.
.
.
.
.
..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
Wong sunat nganti imbuh ping..2...3..4..5...lst

.
, mergane sunat iku loro..Mangkane ganok seng gelem di sunat maneh...
, bedo karo wong nglairno iso nganti ping 10 barang..Iku mergo rasane enak gak loro..Wkwkwk,,,,,( karo ngguyu koyo setan)

JUMINTEN:...@_@,,,?? @_@,,,??? ( langsung nggeblak terus semaput gak iling2 ...7 dino 7 bengi )

share ke facebook

Tidak ada komentar:

Posting Komentar