Rabu, 03 April 2013

DI TAWANI MANGAN GEK WARUNG

Awan iku,sardot lg ngadeg (berdiri) nang arep lawang warung.. juminten sing penjuale banjur nawari.

AJUMINTEN >"opo arep mangan mas"

SARDOT> "iyo bu"

JUMINTEN>"lawuhe opor ayam yo?"

SARDOT>"iyo bu"

JUMINTEN>"ngombene es teh manis yo?"

SARDOT>"iyo bu "

ADMIN>>Sakwise panganan lan nginuman siap..sardot langsung nyantap panganan mau koyok wong ora tau mangan 2 dino..

Sawise iku, Sardot langsung metu seko warung karo setengah mlayu(lari)..

Juminten sing weruh, banjur bengok-bengok..

JUMINTEN>>> "woy !!! Mandek woy !! Duwite(uang) durung !!"

ADMIN> Sardot karo mbanterke langkahe banjur nyahuti SARDOT >>"mboten usah bu !! Niki wau mawon mpun cukup !!

Mboten usah repot2 nyukani sangu kulo "

Juminten ngomong duak-duak) Dengkulmu mlocot, dikon mbyar malah dikiro aku arep aweh sangu koe.!

Sardot:Aku kuwi ora tumbas bu,, Lha bu Juminten seng nawari aku mangan yo aku gelem-gelem wae.

Juminten: Dengkulmu... Pancen Koplak koe dot..



lihat postingan di facebook

Tidak ada komentar:

Posting Komentar