Senin, 15 April 2013

restoran pak de sardot


Awan kuwi sodron mangan awan neng restoran "Pak Sardot" sing jare paling terkenal amargo akeh artis ibukota sing wes tau mampir rono..

Sakwise mangan,sodron ngobrol karo sing nduwe restoran,. Jenenge pak sardot..

Sodron : opo bener akeh artis sing wes tau mangan neng kene pakdhe?

Sardot : iyo kang.. Umpomo pengen bukti,.monggo didelok foto-foto neng tembok kuwi..

Saknaliko sodron nyedhak tembok karo nyawang foto-foto neng kono..

Sodron : lho? Iki kan...

Sardot : iyo kang.. Kuwi fotone ARIEL.. Muehehe (ngguyu sombong)

Sodron : dekne wes tau rene kang?? (gumun)

Sardot : iyo kang.. Nek ra salah,mbiyen dekne mangan rene wong 2 tok karo cewek'e sing jenenge cut.. cut.. Sopo kae lah.. Aku lali..

Sodron : CUT TARI ??

Sardot : iyo bener!! Aku kelingan mbiyen ariel nembung nyilih kamarku diluk jare ameh nggawe video opo ngono.. Tapi aku ra oleh.. Hehehe

Sodron : lho?? Iki kan fotone KRISDAYANTI kang?

Sardot : iyo kang.. Dekne nek mangan seneng lalapan timun sing gede!! Nek cilik wegah.. Wah repot tenan ngurusi penjaluke artis..

Sodron : kayane iki fotone GAYUS TAMBUNAN?? Tau rene po?

Sardot : iyo kang.. Aku kelingan mbiyen pas teko rene langsung nraktir wong sak restoran!! Duite akeh tenan kang!!!

Sodron : wow.. Iki idolaku NIKITA MIRZANI yo wes tau rene po? (karo ngiler)

Sardot (melu ngiler) : iyo kang.. dekne senenge ngombe kopi ra karo susu.. Wuekekeke (ngguyu omes)

Sodron : lha iki foto wong lanang bagus-bagus dikrubuti cewek-cewek ngene.. Sopo iki kang?

Sardot : iku boyband ibukota kang.. Wah cowok-cowok manja tenan kuwi.. taplak,serbet,kembang,kipas angin.. Njaluk diatur rapi lan wangi kabeh.. Marai ngel tnan

Sodron : wkwkwkwk opo iyo kang..? Eh.. Iki rak fotone AYU TING-TING kang?? Kok iso mangan tekan kene??

Sardot : oh.. Pas kuwi dekne tkan kene amargo kesasar dike'i alamat palsu..

Sodron : lha iki fotone SULE,ANDRE,AZIZ,NUNUNG, lan PARTO kok ugo tkan kene to?

Sardot : aku kapok ditekani wong-wong edan kuwi kang..

Sodron : lha nopo?

Sardot : dapurku remuk,bubar pasar.. Panci,wajan,gelas piring kompor rusak kabeh dinggo guyon karo gebug-gebugan neng kono.. Aduh..

Sodron : wah.. Sampeyan hebat tenan jebule kang... Iso nggawe restoran rame lan didolani wong-wong terkenal.. Hehehe..

Sardot : jujur yo kang.. Asline aku yo iso KEJEM nek ono wong kurang ajar karo aku..

Sodron : mosok to kang?

Sardot : ora perduli wong kuwi terkenal ..

Sodron : contone?

Sardot : sampeyan weruh foto WONG TUWO sarungan sing lagi ASAH-ASAH PIRING kuwi..?

Sodron : iyo.. Sopo kuwi yo? Ketoe aku wes tau weruh wong kuwi neng tv kang..

Sardot : iyo bener.. Kuwi fotone..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...EYANG SUBUR sing bar mangan tapi RA DUWE DUIT NGGO MBAYAR !!!
Huahahahaha (ngguyu jahat)

*sodron ngrikiti pigura
.
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar