Rabu, 03 April 2013

KENALAN LIWAT CHATINGAN

Critane Sardot iku anak'e wong kere,entuk kenalan seko pesbuk anak'e wong sugih Jenenge Juminten

Saben dino wong 2 iku chattingan ora ngerti wayah

Sardot : Dik Jum,pean iku ayu...opo meneh esem mu,marai aku ora doyan mangan 7 dino suwine...axixixi (nyengir jaran)

Juminten : halaaah Mas Sardot iku iso wae...

Sardot : Kulit mu Dik Jum,alus koyok kayu kusen sing wes di amplas...muehehehee (mesem trengiling)

Juminten : Aw aw aw...Mas Sardot iku lho,pinter banget nggawe aku mabur...

* Singkat crito

Masio di gombali saben dino karo Sardot liwat chatt pesbuk,Juminten tetep jogo jarak marang Sardot

Juminten kerep ngumpetke perasaane marang Sardot

Juminten kerep cuek marang Sardot,Juminten ugo kerep nyio nyio'ke opo sing di lakoni Sardot marang Juminten

Pernah wektu iku Sardot pingen menehi(memberi) surprisse marang Juminten pas dino ulang taone Juminten,nanging rencanane Sardot iku kocar kacir mergo jebule Juminten malsuke tanggal ulang taone

Sardot ugo bola bali pernah nyobak "nembak" Juminten,nanging kerep di tolak Juminten

Ugo pernah Sardot curhat marang Paijem koncone kenthele Juminten,curhat bab gedhene tresnone Sardot marang Juminten...nanging Juminten tetep wae ora ngreken prasaane Sardot sakwise di critani Paijem tentang prasaane Sardot

Juminten ngerti,klakuane iku salah...nanging Juminten nglakoni kabeh iku mergo pingen ngetest,sepiro gedhene roso tresnane Sardot marang Juminten

Masio di acuhke Juminten bola bali,nanging Sardot ora gelem nyerah

Malem minggu Sardot lan Juminten mlaku mlaku ning alun alun kota


Ora suwi mlaku mlaku,wetenge Juminten kroso luwe,akhire Juminten sambat marang Sardot

Juminten : Mas,weteng ku luwe...aku pingen mangan PIZZA karo BURGER...(maklum cah,Juminten iku wong sugih)

Sardot : Iyo Dik,enteni dhilit yo...

Sardot langsung ninggalke Juminten tuku mangan

Ora suwi Sardot mbalik karo nggowo bungkusan tas kresek sing isine panganan

Juminten sing kadung luwe langsung mbukak kresek iku

Ora nyono,pas kresek di bukak jebul isine gethuk lan apem

Juminten : Mas,iki maksute opo....aku kan jaluk pizza lan burger...!!!

Sardot : Dik Jum,sempurane aku mung iso nukoke kowe panganan koyok ngene iki

Juminten : Yen panganan murahan koyok ngene,aku ora kolu...ngerti!!!

Sardot : Dik Jum,cobak delok panganan iku,masio wujute ora mbejaji lan regane murah,nanging panganan iku iso marake weteng mu wareg,marake weteng mu nyaman ora ngrasake luwe meneh...ugo koyok iku tresna ku marang pean Dik,masio rupa ku ora mbejaji,nanging tresno ku marang pean Insya'Allah marake nyaman...dadi ojo pernah nyawang tresnane wong mung liwat wujute,tresna ku marang pean gedhe Dik,masio pean kerep acuh lan nyio nyio'ke aku,aku ora penah benci marang pean,aku tetep tresno pean...aku pancen kere bondho,nanging ati ku sugih tresno kanggo pean

Juminten : Mas Sardot...ngapurane aku yo...aku sing salah,mergo kerep nyepeleke tresna mu...nanging saiki aku sadar,tresna mu marang awak ku jebul tulus sak jeroning ati...hikz hikz

* Sardot langsung jupuk gitar terus nyanyi "Armada_hargai aku"


Seringkali kau merendahkan ku
Melihat dengan sebelah matamu
Aku bukan siapa-siapa
*courtesy of LirikLaguIndonesia.Net
Selalu saja kau anggap ku lemah
Merasa hebat dengan yang kau punya
Kau sombongkan itu semua

Coba kau lihat dirimu dahulu
Sebelum kau nilai kurangnya diriku
Apa salahnya hargai diriku
Sebelum kau nilai siapa diriku

Seringkali kau merendahkan ku (kau merendahkan ku)
Melihat dengan sebelah matamu
Aku bukan siapa-siapa

Coba kau lihat dirimu dahulu
Sebelum kau nilai kurangnya diriku
Apa salahnya hargai diriku
Sebelum kau nilai siapa diriku

Coba kau lihat dirimu dahulu
Sebelum kau nilai kurangnya diriku
Apa salahnya hargai diriku
Sebelum kau nilai siapa diriku
Sebelum kau nilai siapa diriku



LIHAT DI FACEBOOK



SUKAI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar