Rabu, 10 April 2013

KONANGAN SATPOL PP

....Sodrun sing lagi pipis sembarangan neng pinggir dalan konangan Petugas Satpol PP sing jenenge Sardot..

Sardot:"woi.. lagi ngopo kowe? Kurang ajar pipis sembarangan!!"

Sodrun:"ampun pak..ampun..aku ora ngerti nek dilarang.."

Sardot:"ngerti ora..kuwi ono Peraturan Daerah-e! Dendane 50ewu!!"

Sodrun:"ngapunten nggeh pak..kulo ngaku salah..kulo bayar dendane nggeh.."



Banjur Sodrun ngetoke dompet njuk mbayar nganggo duit pecahan 100ewu..

Sodrun:"monggo pak..niki artane.."

Sardot:"hahaha lha ngono iki sing bener.. Sesuk ojo dibaleni yo?"

Sodrun:"nggeh pak..tapi nuwun sewu,.susuke pundi nggeh pak?dendanipun kan 50ewu..lha arto kulo 100ewu.."

Sardot:"waduh.. Aku ora duwe susuk ki... Wes ngene wae.. Sampeyan .
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
..
.
.
.
.
.
 
..
.
.
.
pipis neng kono meneh men genep 100ewu..! AYO CEPET!!" .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar