Sabtu, 06 April 2013

poster sharini

Esuk iku Sardot lagi sibuk pasang poster nang kamare... "duook...doook...doookk..." (nuthuk paku gowo palu) Sardot : fyuuuhhh...(ngelap untu sing kringeten)....kamar wes rampung sing pasang poster sahrini...pindah nang ruang tamu luuurr "doook...dooookk...doookk.....­ (pasang poster mneh sampek tembok'e goyang) Juminten sing krungu dak dok dak dok trus marani sardot... Juminten : dooot....omahmu daripada mok palu mending dirubuhne sisan... Sardot : aku lagi sibuk mbok... Juminten : oalaaah dooot...dooot kabeh tembok kok mok pasangi gambar iku...koyo kampanye wae...emange iku gambar calon lurah ngono po??(ngelus dodo) Sardot : iki artis mbok...ARTIIIISSS...simbok ra gaul ah.. Juminten : Artis yo artis doot...tapi awit teras...ruang tamu...dapur...kandang pitik...kamar mandi ...kabeh dipasangi poster iku... Sardot : tapi postere ayu to mbok...?? muehehehhehe...­ (mrongos) Juminten : trus yen ayu kon ngapakno?? Sardot : yo disawang to mbok....sopo ngerti artis iku mbesuk dadi pacarku mbok...wuekekekekek...(guyu luwak) Juminten : (tibo geblak trus tangi maneh).....emange artis iku mripate pece?? (hoeeek cuiiih...) Sardot : wes lah mbok...saiki gantian postere arep tak pasang nang kamarmu mbok... Juminten : OPOOOO??? DIPASANG NANG KAMARKU...??? Sardot : iyo mbok..ben komplit mbok...wekekek.. Juminten : Dooott...mengko gek piye yen tonggo2 mlebu ngomah??? aku isin doot...isiinn...omahe kebak poster iku..(karo petentang petenteng) Sardot : alaah tenang wae mbok...ngomong wae yen iku calon mantumu...huehehehehehe.. (mlaku nag kamare juminten) Juminten : KOWE DIKANDANI OJO NGEYEL DOT....OJOOO DOOOT.. (gondeli kathok'e sadot) Sardot : gak po2 mbok...(mbukak lawang kamar) Juminten : KOWE YEN NGEYEL TAK LINGGIS UNTUMU LHO DOT....(isih gondeli sardot) ''BRUUUAAAAAKKK..." (lawange mbukak trus Sardot mlebu kamar) . . . . . . Sardot : OAAALAAAAH MBOOOK...MBOOOK... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .....PANTESAN ORA OLEH PASANG POSTER SAHRINI NANG KAMARMU...JEBUL KAMARMU WES KEBAK POSTER SM*SH TO MBOOK.... . . Juminten : hihihihihhiii...isin aku dot...(raine ditutupi k*tang) Sardot : eling mbok...umurmu wes 60 tahun luwih.. Juminten : SOPO NGERTI MBESUK SALAH SIJINE ANGGOTA SM*SH IKU DADI BAPAKMU SING ANYAR DOOT...xixixixixixiixii #Sardot langsung koprol karo ngemut palu...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar