Rabu, 10 April 2013

SARDOT GEK JERO KANDUNGAN

Hemmmm...wes dadi sak mestine yen Sardot iku gawe ulah sing super
usil bin koplak ing donyo,sebab naliko ing kandungane emak'e wae
wes marakno tobat bapak lan emak'e sardot...

Lha kok iso???? monggo disimak critane luuurrrd...

Wektu iku Juminten lagi ngidam lan Didampingi bojone sing paling setia
jenenge sodron...

Juminten : mas.. aku kok wes mulai pengen sing kecut kecut yo..

Sodron : tenaane dik..??? lha po wes telat to dik..??

Juminten : uwes mas...malah wingi ono petugas PLN moro nagih pajak
listrik jare wes telat 3 sasi mas...

Sodron : Sing tak maksut ki,kowe po wes telat sing haid dik...(karo geleng2)

Juminten : oaallaaaaah...mbok yo ngomong awit mau to mas...hehehhee.....iyo mas aku wes telat 3 sasi...

Sodron : alhamdulillaaah...akhire bojoku meteng tenan..trus kowe ngidam kecut-kecutan opo dik...kelekku yo?? xiixixixiiixi...

Juminten : hoekk sooorrr...pilih mati aku yen ngidame kelekmu mas...aku pengen ngidam dondong mas...

Sodron : wekekekekek...gampang kuwi dik,,neng pasar yo akeh sing adol dondong...mengko tak
tukokne...

Juminten : aku emoh mas yen dondonge soko pasar..

Sodron : lha trus soko ngendi dik ?? po soko kebon??

Juminten : ora mas.. nanging aku pengen dondong sing bekase
dipangan codot (kelelawar)
mas,,sebab wingi aku nemu dondong sing bekas dipangan codot rasane
cetaaar membahana mas...

Sodron : oaalllah dik ..dik...ngidam kok yo angel golek'ane...liyane wae
yo??

Juminten : yen ra kuwi pokok'e emoooh...iki sing jaluk dudu aku ,nanging anakmu mas...

Sodron : duh gusti...kok yo rekoso arep duwe anak,,,

Akhire sodron saben dino golek dondong sing bekas dikrikiti codot nganti suwene 2 sasi kanggo nuruti penjaluk'e anak sing neng kandungane juminten..

Sodron : piye dik saiki isih pengen dondong mneh ora?(karo ngelus2
wetenge juminten)

Juminten : ora mas...nanging saiki anakmu emoh yen mok keloni...saiki
wes iso mancal2 wetengku...aduuuhhh masss...wetengku dipancal anakmu
mneh...aduuuh,,,

Sodron : (bingung)..lha piye dik..aku turu ora neng amben wae yoo..

Juminten : iyo mas...tapi turumu ojo mlumah...aduuuh,,,anakmu koyone
ora pengen kowe turu mlumah..

Sodron : aku mengkurep,,,

Juminten : anakmu yo ra pengen kowe turu mengkurep mas,,,aduuhhh... isih mancal2 mas...

Sodron : po turuku miring wae dik..

Juminten : yen miring,anakmu yo isih mancal2 wetengku mas...aduuuhhh...

Sodron : mlumah salah...mengkurep salah...miring yo salah...po turuku
posisine koyo ngene iki wae yo dik...?

Juminten : naaahh...kuwi bener mas...saiki wetengku wes anteng ra dipancal2 maneh...pinter sampean
ngerti maksute penjaluk'e anak..

Sodron : Yen penjaluk'e anakmu ngono kuwi...Lha trus kapan sing ku iso turu yen posisine..........

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.....JONGKOK KARO MELET NGENE KI......duh gustiiii....Anakku durung laer wae wes digawe streessss aku....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar