Minggu, 07 April 2013

METU BANYUNE

sore sore sardot mulih kerjo karo gowo kalung kanggo surprise ning juminten

tekan omah,sardot kaget mergo ning kamar krungu sworone juminten karo wong lanang

mergo penasaran,sardot nyobak sabar lan ngrungokno(mendengarkan) opo wae sing di lakoni juminten karo wong lanang liyo mau

"ayo jum...bantu nyekeli yo..."

"iyo mas..."

"tak puter alon alon yo jum..."

"he'em mas...alon alon wae...wis metu durung mas...?"

"durung jum...dhilit kas paling jum..."

"ora sabar aku mas..."

"huft...akhire jum...iso metu...lego..."

sardot sing ora iso ngempet emosi,akhire jupuk linggis karo dobrak lawang

juminten lan wong lanang mau langsung kaget

"lapo kowe jum...bojo di rewangi kerjo golek dwit,kowe malah icik icik ehem karo lanangan liyo!"

"aku ora icik icik ehem mas..."

"terus mau ngopo karo lanangan kuwi...jawab!"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"kran banyune kan rusak ora metu banyune mas,mulo aku jaluk tulung sodron mbenak'no mas..."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar