Jumat, 05 April 2013

Akhir-akhir iki nang brita heboh masalah PERMEN CINTA...iku lho luur,permen sing marai merangsang nafsu birahi

Nah..wektu iku Sardot pengen nyoba khasiat permen iku arep diwenehne pacare..Saknaliko Sardot langsung nang toko obat "TONG SENG" Sardot : mas,,ono permen sing marai..,. Sodron (pelayan toko) : Marai terangsang yo...huehehe Sardot : kok kowe ngerti maksudku mas.. Sodron : ditonton seko tampangmu,,aku wes paham...wuekeke (guyu tekek) Sardot : emang tampangku tampang mesum ngono po? (mrengut) Sodron : ora mas..tapi tampangmu TAMPANG MAHO..xixixi Sardot : (koprol ping telu)..WOOI AKU KI NORMAL MAS...NORMAL...­ (ngrawusi rai)...aku duwe pacar cewek mas.. Sodron : pacarmu wedhus po sapi??? wkwkwk Sardot : Wes mas..aku mrene arep tuku permen cinta..ora arep ngajak gelut.. Sodron : yo wes..nyooh permene... Akhire Sardot oleh permen cinta,trus ngajak pacaran Juminten nang taman.. Sardot : dik jum.. Juminten : opo mas.. Sardot : kowe ngerti gak saiki tanggal piro..? Juminten : tanggal 17 maret mas.. Sardot : ono kejadian opn ing tanggal 17 maret dik? Juminten : opo yo....matine mbahmu mas..?? Sardot : dudu iku dik..Setahun kepungkur (yg lalu), katresnanku ditompo sliramu dik.. Juminten : eh...iyo...brarti dino iki ULTAH pacaran yo mas..(karo ndusel) Sardot : iyo dik..(ngelus2 tangane juminten) Juminten : trus kado ultah endi mas..xixixi (mringis) Sardot : LHA YO IKI SING TAK TUNGGU LUUR...xixixi (salto 7 x) Juminten : ngomong opo sih mas.. Sardot : oo..o..ra dik...aku gk iso wenehi opo2 kajobo (selain) tresno lan sayang..karo iki dik.. (wenehi permen cinta) Juminten : opo iki mas.. Sardot : iku permen cinta dik..masio ujudte mung permen tapi maknane gede supoyo langgeng sing brhubungan..(mesem gombal) Juminten : oh..ngono to... (langsung ngemut permen).. Sardot nunggu karo deg- degkan..Sak lebare 5 menit mulai ono reaksi.. Juminten : maas..(raine abang) Sardot : (Yees)...opo dik.. Juminten : kok perasaanku ujug2 dadi aneh..(mingsat-mingsetke bokonge koyo wong ambeien) Sardot : mosok to dik.. (PERMENE AMPUH YO LUR..) Juminten : eeehhmmm..aku pengen mas..(nyokot lambene dewe) Sardot : pengen opo dik.. (tambah deg2an) Juminten : pengeen ngono kae mas..tapi ojo nang kene.. Sardot : oke dik..aku manut..(OJO IRI YO LUUR...xixixi) Trus Sardot golek tempat sing sepi Sardot : nang kene wae yo dik Juminten : emoh mas..aku isin yen ono sing ngerti.sbelah kono wae mas. Sakwise nyampek neng TKP. Sardot : kowe pinter milih tempat dik...ayo mlebu bareng..aku yo wes rakuat ngampet dik.. . . . . . ....PLAAAAKKK.... . . Sardot : wuaaduoh..kok malah nampar aku dik.. . . . . . . . . . . . . . . . . . Juminten : DASAR OTAK MESUM..NANG TOILET IKI AKU PENGEN NGISING SEBAB AKU NGAMPET WES AWIT MAU.. . . Sardot : (tibo jungkel)..tapi kowe wes mangan permen cinta dik Juminten : YO MERGO PERMEN CINTAMU IKU SING MARAKNO AKU KROSO NGISING..AKU WES KEBAL KARO EFEK PERMEN CINTA MAS..xixixi # Sardot salto ping 10 bablas nyebur sumur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar