Kamis, 23 Januari 2014

RESTORAN JEPANG

*Neng Restoran Jepang*

Sardot mlebu neng resto jepang, seng nglayani kui wong jepang tapi wes iso boso
jowo. Keren kan lur??? Xixixixiii

Part1
Pelayan : “ajeng pesen nopo mas?“
Sardot : "Pesenku, sampeyan ojo doyan mabuk, kerjo seng temenan, ben nduwe bojo seng ayu :)“
Pelayan ; “Kamfret“
*Nyokot Sendok*

Part 2
Sardot metu, banjur mlebu meneh .

Pelayan ; “Ajeng nopo meleh mas?“
sardot ; "aku gur nyampekk'e, sampeyan kudu temenan opo seng tak omongku mau,
ojo mabuk, kerjo seng tenan-an, ben entuk bojo seng ayu
Pelayan ; “kampret..!!“
*ngunyah panci*

Part 3
Sardot metu, tapi mbalek meneh

Pelayan ; “ojo macem" mas, neng kene ki kanggo wong Mangan (Makan) :(“
Sardot ; “oh ngapunten, kulo geh ajeng mangan teng mriki“
Pelayan ; “nah ngono to mas, pesen nopo?“
sardot : “Nganggo rames-an wae mas.. :)“
Pelayan ; iki restoaran jepang, duduk Warteg.
Enten'e Sushi .!!! Monggo sampeyan Metu soko kene .

Sardot banjur metu, tapi mlbu meneh

Sardot ; ngapunten.... Teng njawi nggeh mboten enten
Pelayan : “arrrrrgghhhh....!!“ Maksudku kui, Nek nggolek Rames'an onone neng warteg
*maangan taplak*

Part 4
Koyok biasane, sardot metu banjur mlbu meneh

Pelayan : sampeyan meneh,, sampeyan meneh... Wes tak andani, neng kene ora ono Rames'an ..!!!
Sardot : Aku neng kene arep mangan mas
Pelayan : Ohh... Arep pesen opo?
Sardot : Sushine ono??
Pelayan ; wonten ,,
Sardot ; tulung undangno Sushi, aku arep ngomong sedelok.
Pelayan ; arghhhhh
*Ngrikiti Garpu*

Part 5
Pelayang ; eh stop disik!!!! Ojo Guyon meneh !!!
Sardot ; aku arep pesen sushi sak porsi
Pelayan ; oke, orak ket mau wae koyok ngene.
Sardot : tapi, di campuri Ramesan sitik
Pelayan ; argghhhhhh
*Mangan upil garing*

Part 6
Sardot metu teko restoran jepang, pelayan'e wes stres nemuni sardot. Banjur pelayan
jepang iku mutuske tuku ramesan neng warteg sebelah.

Sardot-pun mlebu neng resto jepang wes peng enem (6) iki.

Pelayan ; monggo mlebet mas, saiki wes wonten rames'an.

Sardot ; ohhh,, aku mrene gur arep nyileh Korek kanggo ngurup-ke Rokok, aku mau wes mangan Rames neng Warteg sebelah.

Pelayan ; arggghhhhhh ... *+"#-¥$
Mimpi opo aku mau bengi, ketemu wong koyok ngene ..

*Nutup Restoran*
*Mbungkus pakaian*
*Balek kampung nulungi Ultraman Mateni monster*

SING LUWIH KEMPLING

Esuk iku Sardot lagi ngobrol karo anak'e sing jenenge Mukri...

"Ngeeeng...ngeeeeng...." (mukri dolanan montor-montoran)

Sardot : Krii...mak-mu nang ngendi kok ngomah gak ono??

Mukri : emak lagi nang pasar pak...jare tuku sembako karo tuku
arit titipane bapak..

Sardot : oh iyo...makmu wing tak titipi tuku arit yen nang pasar...
(nyumet rokok)

Mukri : arit kanggo opo to pak ?? (isih dolanan montoran karo mlayu2)

Sardot : kanggo nyunati
kowe...muehehehehe...(mrenges kadal)

Mukri : huuuuaaaaaaaaaaa.......!!!!!
(nangis kejer)

Sardot : ora Kri..bapak mung guyon kok...mrene tak wenehi duit kanggo
jajan...(karo menehi duit 20 ewu)

Mukri : (langsung meneng sing nangis)...

Sardot : Kri...kowe pengen pit onthel cilik ora??

Mukri : pengeeen...pengeen banget aku pak...konco2ku wes duwe
kabeh,mung aku sing durung duwe....bapak arep numbasne pit yo??

Sardot : iyo kri..

Mukri : asiiik...asiiik....aku ndang duwe pit anyar...(karo salto2)

Sardot : Tapi ono syarate kri...(karo ngakep rokok)

Mukri : syarate opo pak...

Sardot : tapi kowe menengo wae ojo
ngomong karo sopo2 yo ?

Mukri : iyo pak..

Sardot : Bapak arep golek emak anyar maneh..

Mukri : tapi pak...

Sardot : wes menengo disik...bapak pengen duwe bojo mneh sebab
bapak wes bosen karo emakmu sing cerewet wae..

Mukri : (meneng wae)

Sardot : makmu kae saiki
kemproh..aduse seminggu ping pisan..mangane sedino ping 7 marai
boros wae..masakane makmu saiki rasane koyo uyuh jaran..

Mukri : (isih meneng)

Sardot : Bapak arep golek bojo sing luwih kempling mneh..bapak wes
duwe inceran rondo ing kampung sebelah jenenge Paijem..

Mukri : (tetep meneng ra wani omong)

Sardot : Calon makmu sing anyar iku resik'an..pinter masak..pinter umbah2...lan pinter urusan servis
malam...muehehehehehehe....
(mringis wedus)...Piye
tanggapanmu???

Mukri : tapi pak...emak....

Sardot : wes to...asal kowe setuju makmu mesti yo melu setuju..pengen numpak pit anyar
ora?? (karo kipas2)

Mukri : ora mergo iku pak...tapi emak..

Sardot : aku ngerti kowe sayang karo makmu...tapi...

Mukri : dudu iku pak...

Sardot : lah..trus opo..ngomongo terus terang wae..

Mukri : iyo pak..aku arep ngomong terus terang...
.
.
.
.
Sardot : ho'o trus..(ngenteni karo mbrangkang)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mukri : YEN EMAK AWIT MAU WES MULEH LAN NENG MBURINE BAPAK.....
.
.
.
"DUAAAAAARRRRRRRRR.." (koyo disamber bledhek Sardot langsung
jempalikan..)

Juminten :
PAAAKKKNEEEEEE...........!!!!!!!!!!!
(sungune langsung metu karo nyekel arit)

AREP NGANTOR

Dino iku sardot ameh budhal ning kantor nanging di penggah (di
halang halangi) juminten
bojone

Juminten: "Pakne...ameh
nandi?" (karo manja manja)

Sardot: "budhal kantor nyambut gawe bune..."

Juminten: "ojo lungo kantor saiki pakne..."

Sardot: "ning kantor enek meeting penting...ngerti!"

Juminten: "tapi pakne...aku
pingen..."(omong ane kpotong)

Sardot: (motong omongan)
"mengko bengi wae...sisan bonuse yo bune...

Juminten: "pakne...."(wajah melas)

Sardot: "ealaaah,pancen ndoyani tenan...duwe bojo siji iki kok ora sabaran..."

Juminten: "aku pingen..." (kpotong maneh)

Sardot: (motong omongan)"pisan maneh ngomong pingen tak STOP dwit blonjomu bune...aku
selak telat ngantor...di lanjut mengko bengi lak yo iso tow bune...!!!"

Juminten : "pakne...aku pingen..."

Sardot : "Wes tow bune,opo ora isin karo member PDWJ..."

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Juminten: "WOOIIII BOJO
G*BL*K...AKU MUNG PINGEN NGOMONG,LAPO NING KANTOR ORA
NGANGGO CLONO...OPO AMEH MOK LER TURUT NDALAN NGONO KUWI
HAH!!!"

Sardot: (mlayu mlebu kamar krukupan semp*k)

GURU BIMBINGAN

Critane Sardot dadi guru bimbingan konseling anyaran..
Wektu iku pas istirahat, Sardot weruh ono murid lagi dewe-an,akhire x nyedak'i murid sing jenenge Mukri iku,,

Sardot : awit mau tak perhatekne kowe mung dewe-an lan ora melok bal2an kanca2mu nang tengah latar kae...emange ono masalah opo??

Mukri : mboten wonten masalah nopo2 kok pak..

Sardot : yakin kowe ra duwe masalah??? po tak kancani piye??

Mukri : mboten usah pak..kulo fine2 aja kok,,

Sardot : yo wes..tapi ojo ragu curhat karo aku yen ono masalah...soale aku ditugasne wenehi penyuluhan2 kanggo murid2 sing lagi ono masalah..

Mukri : injeh pak...

Akhire Sardot bali nang kantor,nanging tetep ngawasi murid iku...anehe murid iku tetep dewe-an lan ora gelem melu kancane bal2an nang tengah latar..

Trus Sardot marani murid iku maneh..

Sardot : kowe wes tak awasi awit mau,nanging isih tetep dewe-an ora pindah panggonmu..piye yen tak kancani..?? (PDKT)

Mukri : (mikir sedelo)...inggih pak..

Sardot: (lego)...saiki critakno masalahmu..keno opo kowe kok dewe-an,ora melu bal2an nang tengah latar kae..

Mukri : (meneng wae)..

Sardot : wes to ra usah ragu yen pengen crito..

Mukri : (isih meneng)

Sardot : tenang wae..aku rabakal bukak rahasiamu nang konco2mu..

Akhire mergo diburu trus,Mukri gelem ngomong..

Mukri : kulo badhe matur kaleh sampean pak..

Sardot : Naah...ngono iku lho sing tak karepne..ngomong wae trus terang..(ngrayu terus)

Mukri : masalah kulo inggih puniko..
.
.
.
.
Sardot : yak trus..
.
.
.

Mukri : Sakniki...
.
.
.
.

Sardot : ho.o trus...(ngenteni karo melet2)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

Mukri : DADI KIPER PAK...MAKANE KULO MBOTEN MELU BAL2AN NANG TENGAH LATAR LAN ORA PINDAH2....
.
.
.
#Sardot langsung salto trus ngrikiti gawang...

@Jowonesia

RAZIA SEKOLAH

Esuk iku neng SMP AJUR MUMUR lagi ono razia barang-barange murid sing dipimpin dening kepala sekolah Prof.DR.Ir.Alm.SARDOT Spdwj.

Sardot : pak guru Sodron...

Sodron : injeh pak...

Sardot : ayo digledah barang-barange murid neng kelas...

Sodron : siaap bos....anak-anak saiki arep ono penggeledahan barang,,(ngomong nang murid)

Murid2 : HUUUUUUUU....!!!!!!! (karo nguncali tisu,sapu,kaos sikil,sepatu,s*mpak lan liyane)

* Kiro2 setengah jam Sodron sing geledah barang-barange murid..

Sodron : Lapor komandan...razia barang wes rampung..laporan selesai (karo hormat)

Sardot : hemm...barang2 opo wae sing digowo murid sing mok razia nang kelas?? (karo mlintir untu)

Sodron : niki wonten ROKOK..

Sardot : trus..

Sodron : minuman keras..

Sardot : truss..

Sodron : ARIT...PACUL..

Sodron : trus opo mneh,,,

Sodron : SEGO KUCING..S*FTEK BEKAS...PIT ONTHEL..WEDHUS..

Sardot : Wes kabeh iku??

Sodron : mboten pak...niki kulo ugi nemu HP-ne murid sing isi pilem MIYABI..(karo wenehne hp nang sardot )

Sardot : waaahh...jiaaannn parah tenan murid2 saiki...

Sodron : tapi kulo salut karo sampean pak??

Sardot : salut piye maksudmu??(karo kukur2 bokong)

Sodron : sampean tegas..

Sardot : (ngelus2 rambut)

Sodron : Sampean displin..

Sardot : hoaammm...(angop karo mulet)

Sodron : kulo yakin yen kabeh pemimpin koyo sampen bakal maju sekolahane....Trus barang hasil razia niki dikapakno pak..??

Sardot : diguwak nag bak sampah wae trus di obong...kecuali hp sitaan..

Sodron : siapp...laksanakan tugas

Sardot : mengko hp iki balekno nang murid wae..

Sodron : Lhooohh...kok dibalekne pak..?? nopo bapak wedi yen muridte ngamuk..?

Sardot : ora..

Sodron : nopo sampean wedi yen dilabrak wong tuwone murid??

Sardot : ora mergo iku...HP iki mending dibalekno..

Sodron : injeh trus nopo...

Sardot : sebab aku.............
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
........WES RAMPUNG SING BLUETOOTH PILEM MIYABI-ne...dadi hp-ne yo dibalekno wae,,sopo ngerti sesuk wes diisi pilem sing anyar mneh...muehehehhehheheheh (guyu omes)

# Sodron langsung jempalikan karo mbrakoti s*ftek seken..

GLADAGK

Alkisah esuk iku Sardot karo Sodron gowo bedhil mergo pengen berburu...

Sodron : doot...piye yen saiki targete nembak garangan sing biasane mangan wedusmu kae...??

Sardot : waduuuh...yen garangan susah mburune dron...mending nembak BAJING sing biasane nongkrong neng wit klopo sisih kulon kae...

Sodron : waah...bener kowe doot...aku awit mbiyen pengen nembak bajing kae mergo sering nyolong duren,,duku,,rambutan nang kebonku...Malah bojoku pas nang kebon,yo arep dicolong karo Bajing kae...

Sardot : yen sing arep nyolong bojomu pas nang kebon kae dudu bajing dron,.,,tapi aku...wekekekekek

Sodron : pantesan Bajing kok gundule ireng karo gingsule pitu...haa hag hag...

Sardot : eh dron ...lha kae bajinge wes muncul karo angop...koyone lagi tangi turu kae...

Sodron : wah...minggiro dot...aku wae sing nembak bajinge (langsung ambil posisi siap nembak)

''Siaaap....1...2....3..........DUOOOOOORRRRR...!!!!!!!!!"

*Mergo krungu suoro tembakan,, bajing iku spontan langsung endo (menghindar) karo salto trus melet2 ngece..

Sodron : kaaampreeet...ora keno doot...Bajinge malah ngece...

Sardot ; wkwkkwkwkwkwk....minggir..minggir...Saiki gantian aku sing nembak..

"Siaap...1...2...3......DUOOOOOOORRRRRR!!!!!!"

*Saknaliko bajinge koprol ping telu trus goyang2ke bokong + buntute neng arahe Sardot...

Sodron : wuekekekekkek...kowe yo diece karo bajinge doot...

Sardot : DASAAAR BAJING WEDUUSSS....(emosi)

Sodron : lhoh...kowe ameh ngopo doot???

Sardot : AKU RA TRIMO DRON YEN DIECE BAJING KAE...(Nyincing kathok)

Sodron : trus yen gak trimo arep ngopo dot??

Sardot : AKU AREP MENEK WIT KLOPO KAE TRUS NANTANG GELUT KARO BAJINGE...(tambah ngamuk)

"PLAAAAKKKKK" (lambene Sartdot ditapuk sandal)

Sodron : lhoooh bajinge ilang doot...koyone wes mlayu...

Sardot : kuwi mergo bajinge wedi yen tak tantang geluut...wuekekekekkekek...

"PLAAAAKK.." (lambene ditapuk sandal mneh)

Sardot : eh kae ono manuk emprit 3 neng wit pete dron...

Sodron : aku awe sing nembak ...gantine bajing sing ilang...

"1....2....3....DUOOOOORRRR!!!

"Tlepppuk...Tleepuuk..Tleepukk...(emprite ciblok kabeh)

Sardot : hebat kowe dron...skali tembak langsung keno 3 manuk...

Sodron : saiki giliranmu doot...kae neng wit nongko ono rombongan manuk thilang sing mencok...

Sodron : oke komandan...

"Siaaap....1...2...3......Nyooooohhh...DUOOOORRRR...!!!

"Gedebuug...gedebuuug...gedebuuug...gedebuuug..."

Sodron : edaaan sing ciblok papat dooot..TAPI KOK...

Sardot : tapi opo dron...

Sodron : tapi sing ciblok dudu manuk tilang dooot..nanging NONGKO sing ciblok...wkwkwkwk barti kowe gagal nembak manuk doot...

Sardot : aku ra gagal dron...sebab ...

Sodron : sebab opo doot...

Sardot : disamping aku nembak nongko,,,,
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
........TEMBAKANKU YO KENO M*NUKE MBAH MUKRI SING LAGI MENEK NENG WIT NONGKO KUWI....LHA KAE MBAH MUKRI YO CIBLOK LAGI PRINGISAN KARO NDEKEP M*NUK'E DRON...
.
.
#Sodron langsung koprol karo ngemut bedhil...

IDUL ADHA HAAAAA

Kanggo nyambut hari raya idul adha,nang kampunge Sardot di adakno lomba balap wedhus.

Wedhus wedhus sing
wis di seleksi lan wis di
uji,jebul ono wedhus 3 sing
berhak maju nang babak final lan ngrebutke juara,yoiku wedhuse Sodron,wedhuse Mukri ,lan wedhuse Sardot.

Pertandingan final wis arep di mulai ,panitia pertandingan langsung menehi aba aba...

" siap !!!

.

.

1

.

.

2

.

.

3

.

.

priiiiiitttttt....!!!

Wedhus wedhus langsung podo mblayu balapan

Nanging aneh,wedhuse
Sardot ora gelem mblayu malah ndekem karo gebres gebres .

Penonton podo sorak
" Huuuuuuuu..."

Sardot karo geleng geleng
sirah, njur nyedak' i wedhuse terus mbisiki wedhusi.

Sak naliko wedhuse sardot
ngadeg lan mblayu buanter banget.

Saking bantere ,wedhus
wedhus liyane nganti keselip karo wedhuse Sardot.

Akhire wedhuse Sardot sing dadi juara.

"Wkwkwkekeee...Pancen wedhus balap tenan kowe dhus..."

Panitia sing heran njur
nyedak 'i Sardot lan takon .

Panitia : "mas sampean mau moco mantra opo
kok wedhus sing maune ndekem malih mblayu banter lan dadi juara "

Sardot : " aku ora nganggo mantra mas...ngeheheee"(ngguyu luwak)

Panitia : " ah...aku ora percoyo,soale aku
mau weruh dewe nak sampean mau mbisiki wedhuse sampean"

Sardot : "iku mau uduk mantra mas ,tapi aku mau mung ngomong karo wedhusku .."

Panitia : "Iyo piye Mas...(siap siap harlem shake)

Sardot : "Aku mung ngomong..."

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

KOWE PILIH DADI JUARA OPO PILIH SESUK TAK AJAK NANG MESJID HAH !!!"