Minggu, 07 April 2013

numpak motor mabur


#sardot panen tebu gede2an, hasile melimpah,
amargo nduwe duit akeh sardot kepingin ngelencer nek jakarta numpak montor mabur (pesawat udara).

akhire sardot kasil numpak montor mabur cap manuk garuda, sardot koyok wong ngerti toto coro numpak montor mabur, padahal babar pisan ora ngerti mergo durung tau.
lungguh nek bangku paling
g ngarep, nyekel koran, tapi mripate ndelok jendelo.

ora benggang 5 menit juminten melebu arep lungguh nek bangku sing dilungguhi sardot #

JUMINTEN "mas iki lungguhanku, tolong sampeyan pindah neng bangku ne sampeyan dewe, nomor piro bangku sampeyan?"

SARDOT "walah mbak mbak, lha wong bangku akeh kok ngajak rebutan iki kepiye to?" (karo mendelik)

#pramugari ngerti nek ono masalah langsung nyedaki tur takon karo juminten#

PRAMUGARI "wonten nopo niki kok ribut?"

JUMINTEN"niki lho mbak, bangku kulo kok di panggeni lare niki".

#manthuk2 pramugarine terus njaluk tikete sardot#

PRAMUGARI "walah mas mas, njenengan niku tikete ekonomi, ampun lenggah wonten mpriki, tapi teng wingking mpriko, bangku nomr24 A"

SARDOT"kowe sopo to kok ngongkon aku pindah2 mburi"

PRAMUGARI"kulo niki pramugari"

SARDOT"pramugari iku opo?"

PRAMUGARI "pramugari niku ingkang ngelayani panjenengan wonten sak lebete montor mabur"

SARDOT"lha yo babu ku kok wani ngongkonaku iki kepiye, ora usah aneh2, aku wegah ngalih"

#pilot sing lagi melebu melu kaget ndelok wong podo ribut, trus takon nang pramugari, lan diterangne karopramugarine. paham masalah, pilot banjur ngomong karo sardot#

PILOT "mas njenengan lungguhe niku mboten teng mriki, tapi teng wingking"

SARDOT"kowe sopo maneh?"

PILOT"kulo pilot"

SARDOT"pilot iku opo?"

PILOT"pilot niku sopire montor mabur niki"

SARDOT"sopirku kok ngatur aku, sing pas iku aku ngatur kowe, wegah aku manggon mburi, nek kene enak kok"

#let sediluk sodron melebu pesawat, ndelok ono ribut koyok ngono si sodron takon nang pilote#

SODRON "ono opo to pak? kok koyok ono sing ora bener"

PILOT"nggih mas, niku lho tiyang tikete ekonomi kok lenggah teng kelas bisnis, ingkang gadah hak kursi mboten terimo"

SODRON"wis kene tak atasane"

#banjur sodron nyedaki sardot#

SODRON"nuwun sewu, asmane sinten?"

SARDOT"kulo raden mas sardot"

SODRON"jenengan bade tindak pundi?"

SARDOT"arep menyang jakarta"

SODRON"weleh...... ajeng teng jakarta kok lenggah mriki? niki jurusan medan, nek ajeng teng jakarta niku lenggahe wonten wingking"

SARDOT"he ladalah..... untung sampeyan elingne mas, nek ora di elingne aku biso bablas tekan medan, kurang ajar sopir karo babu iku, kawit mou gak ngomong nek kene jurusan medan..... matur nuwun yo mas"


PRAMUGARI+PILOT+SODRON cengingisan MEMBER pripun lorr....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar