Kamis, 23 Januari 2014

RESTORAN JEPANG

*Neng Restoran Jepang*

Sardot mlebu neng resto jepang, seng nglayani kui wong jepang tapi wes iso boso
jowo. Keren kan lur??? Xixixixiii

Part1
Pelayan : “ajeng pesen nopo mas?“
Sardot : "Pesenku, sampeyan ojo doyan mabuk, kerjo seng temenan, ben nduwe bojo seng ayu :)“
Pelayan ; “Kamfret“
*Nyokot Sendok*

Part 2
Sardot metu, banjur mlebu meneh .

Pelayan ; “Ajeng nopo meleh mas?“
sardot ; "aku gur nyampekk'e, sampeyan kudu temenan opo seng tak omongku mau,
ojo mabuk, kerjo seng tenan-an, ben entuk bojo seng ayu
Pelayan ; “kampret..!!“
*ngunyah panci*

Part 3
Sardot metu, tapi mbalek meneh

Pelayan ; “ojo macem" mas, neng kene ki kanggo wong Mangan (Makan) :(“
Sardot ; “oh ngapunten, kulo geh ajeng mangan teng mriki“
Pelayan ; “nah ngono to mas, pesen nopo?“
sardot : “Nganggo rames-an wae mas.. :)“
Pelayan ; iki restoaran jepang, duduk Warteg.
Enten'e Sushi .!!! Monggo sampeyan Metu soko kene .

Sardot banjur metu, tapi mlbu meneh

Sardot ; ngapunten.... Teng njawi nggeh mboten enten
Pelayan : “arrrrrgghhhh....!!“ Maksudku kui, Nek nggolek Rames'an onone neng warteg
*maangan taplak*

Part 4
Koyok biasane, sardot metu banjur mlbu meneh

Pelayan : sampeyan meneh,, sampeyan meneh... Wes tak andani, neng kene ora ono Rames'an ..!!!
Sardot : Aku neng kene arep mangan mas
Pelayan : Ohh... Arep pesen opo?
Sardot : Sushine ono??
Pelayan ; wonten ,,
Sardot ; tulung undangno Sushi, aku arep ngomong sedelok.
Pelayan ; arghhhhh
*Ngrikiti Garpu*

Part 5
Pelayang ; eh stop disik!!!! Ojo Guyon meneh !!!
Sardot ; aku arep pesen sushi sak porsi
Pelayan ; oke, orak ket mau wae koyok ngene.
Sardot : tapi, di campuri Ramesan sitik
Pelayan ; argghhhhhh
*Mangan upil garing*

Part 6
Sardot metu teko restoran jepang, pelayan'e wes stres nemuni sardot. Banjur pelayan
jepang iku mutuske tuku ramesan neng warteg sebelah.

Sardot-pun mlebu neng resto jepang wes peng enem (6) iki.

Pelayan ; monggo mlebet mas, saiki wes wonten rames'an.

Sardot ; ohhh,, aku mrene gur arep nyileh Korek kanggo ngurup-ke Rokok, aku mau wes mangan Rames neng Warteg sebelah.

Pelayan ; arggghhhhhh ... *+"#-¥$
Mimpi opo aku mau bengi, ketemu wong koyok ngene ..

*Nutup Restoran*
*Mbungkus pakaian*
*Balek kampung nulungi Ultraman Mateni monster*

SING LUWIH KEMPLING

Esuk iku Sardot lagi ngobrol karo anak'e sing jenenge Mukri...

"Ngeeeng...ngeeeeng...." (mukri dolanan montor-montoran)

Sardot : Krii...mak-mu nang ngendi kok ngomah gak ono??

Mukri : emak lagi nang pasar pak...jare tuku sembako karo tuku
arit titipane bapak..

Sardot : oh iyo...makmu wing tak titipi tuku arit yen nang pasar...
(nyumet rokok)

Mukri : arit kanggo opo to pak ?? (isih dolanan montoran karo mlayu2)

Sardot : kanggo nyunati
kowe...muehehehehe...(mrenges kadal)

Mukri : huuuuaaaaaaaaaaa.......!!!!!
(nangis kejer)

Sardot : ora Kri..bapak mung guyon kok...mrene tak wenehi duit kanggo
jajan...(karo menehi duit 20 ewu)

Mukri : (langsung meneng sing nangis)...

Sardot : Kri...kowe pengen pit onthel cilik ora??

Mukri : pengeeen...pengeen banget aku pak...konco2ku wes duwe
kabeh,mung aku sing durung duwe....bapak arep numbasne pit yo??

Sardot : iyo kri..

Mukri : asiiik...asiiik....aku ndang duwe pit anyar...(karo salto2)

Sardot : Tapi ono syarate kri...(karo ngakep rokok)

Mukri : syarate opo pak...

Sardot : tapi kowe menengo wae ojo
ngomong karo sopo2 yo ?

Mukri : iyo pak..

Sardot : Bapak arep golek emak anyar maneh..

Mukri : tapi pak...

Sardot : wes menengo disik...bapak pengen duwe bojo mneh sebab
bapak wes bosen karo emakmu sing cerewet wae..

Mukri : (meneng wae)

Sardot : makmu kae saiki
kemproh..aduse seminggu ping pisan..mangane sedino ping 7 marai
boros wae..masakane makmu saiki rasane koyo uyuh jaran..

Mukri : (isih meneng)

Sardot : Bapak arep golek bojo sing luwih kempling mneh..bapak wes
duwe inceran rondo ing kampung sebelah jenenge Paijem..

Mukri : (tetep meneng ra wani omong)

Sardot : Calon makmu sing anyar iku resik'an..pinter masak..pinter umbah2...lan pinter urusan servis
malam...muehehehehehehe....
(mringis wedus)...Piye
tanggapanmu???

Mukri : tapi pak...emak....

Sardot : wes to...asal kowe setuju makmu mesti yo melu setuju..pengen numpak pit anyar
ora?? (karo kipas2)

Mukri : ora mergo iku pak...tapi emak..

Sardot : aku ngerti kowe sayang karo makmu...tapi...

Mukri : dudu iku pak...

Sardot : lah..trus opo..ngomongo terus terang wae..

Mukri : iyo pak..aku arep ngomong terus terang...
.
.
.
.
Sardot : ho'o trus..(ngenteni karo mbrangkang)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mukri : YEN EMAK AWIT MAU WES MULEH LAN NENG MBURINE BAPAK.....
.
.
.
"DUAAAAAARRRRRRRRR.." (koyo disamber bledhek Sardot langsung
jempalikan..)

Juminten :
PAAAKKKNEEEEEE...........!!!!!!!!!!!
(sungune langsung metu karo nyekel arit)

AREP NGANTOR

Dino iku sardot ameh budhal ning kantor nanging di penggah (di
halang halangi) juminten
bojone

Juminten: "Pakne...ameh
nandi?" (karo manja manja)

Sardot: "budhal kantor nyambut gawe bune..."

Juminten: "ojo lungo kantor saiki pakne..."

Sardot: "ning kantor enek meeting penting...ngerti!"

Juminten: "tapi pakne...aku
pingen..."(omong ane kpotong)

Sardot: (motong omongan)
"mengko bengi wae...sisan bonuse yo bune...

Juminten: "pakne...."(wajah melas)

Sardot: "ealaaah,pancen ndoyani tenan...duwe bojo siji iki kok ora sabaran..."

Juminten: "aku pingen..." (kpotong maneh)

Sardot: (motong omongan)"pisan maneh ngomong pingen tak STOP dwit blonjomu bune...aku
selak telat ngantor...di lanjut mengko bengi lak yo iso tow bune...!!!"

Juminten : "pakne...aku pingen..."

Sardot : "Wes tow bune,opo ora isin karo member PDWJ..."

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Juminten: "WOOIIII BOJO
G*BL*K...AKU MUNG PINGEN NGOMONG,LAPO NING KANTOR ORA
NGANGGO CLONO...OPO AMEH MOK LER TURUT NDALAN NGONO KUWI
HAH!!!"

Sardot: (mlayu mlebu kamar krukupan semp*k)

GURU BIMBINGAN

Critane Sardot dadi guru bimbingan konseling anyaran..
Wektu iku pas istirahat, Sardot weruh ono murid lagi dewe-an,akhire x nyedak'i murid sing jenenge Mukri iku,,

Sardot : awit mau tak perhatekne kowe mung dewe-an lan ora melok bal2an kanca2mu nang tengah latar kae...emange ono masalah opo??

Mukri : mboten wonten masalah nopo2 kok pak..

Sardot : yakin kowe ra duwe masalah??? po tak kancani piye??

Mukri : mboten usah pak..kulo fine2 aja kok,,

Sardot : yo wes..tapi ojo ragu curhat karo aku yen ono masalah...soale aku ditugasne wenehi penyuluhan2 kanggo murid2 sing lagi ono masalah..

Mukri : injeh pak...

Akhire Sardot bali nang kantor,nanging tetep ngawasi murid iku...anehe murid iku tetep dewe-an lan ora gelem melu kancane bal2an nang tengah latar..

Trus Sardot marani murid iku maneh..

Sardot : kowe wes tak awasi awit mau,nanging isih tetep dewe-an ora pindah panggonmu..piye yen tak kancani..?? (PDKT)

Mukri : (mikir sedelo)...inggih pak..

Sardot: (lego)...saiki critakno masalahmu..keno opo kowe kok dewe-an,ora melu bal2an nang tengah latar kae..

Mukri : (meneng wae)..

Sardot : wes to ra usah ragu yen pengen crito..

Mukri : (isih meneng)

Sardot : tenang wae..aku rabakal bukak rahasiamu nang konco2mu..

Akhire mergo diburu trus,Mukri gelem ngomong..

Mukri : kulo badhe matur kaleh sampean pak..

Sardot : Naah...ngono iku lho sing tak karepne..ngomong wae trus terang..(ngrayu terus)

Mukri : masalah kulo inggih puniko..
.
.
.
.
Sardot : yak trus..
.
.
.

Mukri : Sakniki...
.
.
.
.

Sardot : ho.o trus...(ngenteni karo melet2)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

Mukri : DADI KIPER PAK...MAKANE KULO MBOTEN MELU BAL2AN NANG TENGAH LATAR LAN ORA PINDAH2....
.
.
.
#Sardot langsung salto trus ngrikiti gawang...

@Jowonesia

RAZIA SEKOLAH

Esuk iku neng SMP AJUR MUMUR lagi ono razia barang-barange murid sing dipimpin dening kepala sekolah Prof.DR.Ir.Alm.SARDOT Spdwj.

Sardot : pak guru Sodron...

Sodron : injeh pak...

Sardot : ayo digledah barang-barange murid neng kelas...

Sodron : siaap bos....anak-anak saiki arep ono penggeledahan barang,,(ngomong nang murid)

Murid2 : HUUUUUUUU....!!!!!!! (karo nguncali tisu,sapu,kaos sikil,sepatu,s*mpak lan liyane)

* Kiro2 setengah jam Sodron sing geledah barang-barange murid..

Sodron : Lapor komandan...razia barang wes rampung..laporan selesai (karo hormat)

Sardot : hemm...barang2 opo wae sing digowo murid sing mok razia nang kelas?? (karo mlintir untu)

Sodron : niki wonten ROKOK..

Sardot : trus..

Sodron : minuman keras..

Sardot : truss..

Sodron : ARIT...PACUL..

Sodron : trus opo mneh,,,

Sodron : SEGO KUCING..S*FTEK BEKAS...PIT ONTHEL..WEDHUS..

Sardot : Wes kabeh iku??

Sodron : mboten pak...niki kulo ugi nemu HP-ne murid sing isi pilem MIYABI..(karo wenehne hp nang sardot )

Sardot : waaahh...jiaaannn parah tenan murid2 saiki...

Sodron : tapi kulo salut karo sampean pak??

Sardot : salut piye maksudmu??(karo kukur2 bokong)

Sodron : sampean tegas..

Sardot : (ngelus2 rambut)

Sodron : Sampean displin..

Sardot : hoaammm...(angop karo mulet)

Sodron : kulo yakin yen kabeh pemimpin koyo sampen bakal maju sekolahane....Trus barang hasil razia niki dikapakno pak..??

Sardot : diguwak nag bak sampah wae trus di obong...kecuali hp sitaan..

Sodron : siapp...laksanakan tugas

Sardot : mengko hp iki balekno nang murid wae..

Sodron : Lhooohh...kok dibalekne pak..?? nopo bapak wedi yen muridte ngamuk..?

Sardot : ora..

Sodron : nopo sampean wedi yen dilabrak wong tuwone murid??

Sardot : ora mergo iku...HP iki mending dibalekno..

Sodron : injeh trus nopo...

Sardot : sebab aku.............
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
........WES RAMPUNG SING BLUETOOTH PILEM MIYABI-ne...dadi hp-ne yo dibalekno wae,,sopo ngerti sesuk wes diisi pilem sing anyar mneh...muehehehhehheheheh (guyu omes)

# Sodron langsung jempalikan karo mbrakoti s*ftek seken..

GLADAGK

Alkisah esuk iku Sardot karo Sodron gowo bedhil mergo pengen berburu...

Sodron : doot...piye yen saiki targete nembak garangan sing biasane mangan wedusmu kae...??

Sardot : waduuuh...yen garangan susah mburune dron...mending nembak BAJING sing biasane nongkrong neng wit klopo sisih kulon kae...

Sodron : waah...bener kowe doot...aku awit mbiyen pengen nembak bajing kae mergo sering nyolong duren,,duku,,rambutan nang kebonku...Malah bojoku pas nang kebon,yo arep dicolong karo Bajing kae...

Sardot : yen sing arep nyolong bojomu pas nang kebon kae dudu bajing dron,.,,tapi aku...wekekekekek

Sodron : pantesan Bajing kok gundule ireng karo gingsule pitu...haa hag hag...

Sardot : eh dron ...lha kae bajinge wes muncul karo angop...koyone lagi tangi turu kae...

Sodron : wah...minggiro dot...aku wae sing nembak bajinge (langsung ambil posisi siap nembak)

''Siaaap....1...2....3..........DUOOOOOORRRRR...!!!!!!!!!"

*Mergo krungu suoro tembakan,, bajing iku spontan langsung endo (menghindar) karo salto trus melet2 ngece..

Sodron : kaaampreeet...ora keno doot...Bajinge malah ngece...

Sardot ; wkwkkwkwkwkwk....minggir..minggir...Saiki gantian aku sing nembak..

"Siaap...1...2...3......DUOOOOOOORRRRRR!!!!!!"

*Saknaliko bajinge koprol ping telu trus goyang2ke bokong + buntute neng arahe Sardot...

Sodron : wuekekekekkek...kowe yo diece karo bajinge doot...

Sardot : DASAAAR BAJING WEDUUSSS....(emosi)

Sodron : lhoh...kowe ameh ngopo doot???

Sardot : AKU RA TRIMO DRON YEN DIECE BAJING KAE...(Nyincing kathok)

Sodron : trus yen gak trimo arep ngopo dot??

Sardot : AKU AREP MENEK WIT KLOPO KAE TRUS NANTANG GELUT KARO BAJINGE...(tambah ngamuk)

"PLAAAAKKKKK" (lambene Sartdot ditapuk sandal)

Sodron : lhoooh bajinge ilang doot...koyone wes mlayu...

Sardot : kuwi mergo bajinge wedi yen tak tantang geluut...wuekekekekkekek...

"PLAAAAKK.." (lambene ditapuk sandal mneh)

Sardot : eh kae ono manuk emprit 3 neng wit pete dron...

Sodron : aku awe sing nembak ...gantine bajing sing ilang...

"1....2....3....DUOOOOORRRR!!!

"Tlepppuk...Tleepuuk..Tleepukk...(emprite ciblok kabeh)

Sardot : hebat kowe dron...skali tembak langsung keno 3 manuk...

Sodron : saiki giliranmu doot...kae neng wit nongko ono rombongan manuk thilang sing mencok...

Sodron : oke komandan...

"Siaaap....1...2...3......Nyooooohhh...DUOOOORRRR...!!!

"Gedebuug...gedebuuug...gedebuuug...gedebuuug..."

Sodron : edaaan sing ciblok papat dooot..TAPI KOK...

Sardot : tapi opo dron...

Sodron : tapi sing ciblok dudu manuk tilang dooot..nanging NONGKO sing ciblok...wkwkwkwk barti kowe gagal nembak manuk doot...

Sardot : aku ra gagal dron...sebab ...

Sodron : sebab opo doot...

Sardot : disamping aku nembak nongko,,,,
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
........TEMBAKANKU YO KENO M*NUKE MBAH MUKRI SING LAGI MENEK NENG WIT NONGKO KUWI....LHA KAE MBAH MUKRI YO CIBLOK LAGI PRINGISAN KARO NDEKEP M*NUK'E DRON...
.
.
#Sodron langsung koprol karo ngemut bedhil...

IDUL ADHA HAAAAA

Kanggo nyambut hari raya idul adha,nang kampunge Sardot di adakno lomba balap wedhus.

Wedhus wedhus sing
wis di seleksi lan wis di
uji,jebul ono wedhus 3 sing
berhak maju nang babak final lan ngrebutke juara,yoiku wedhuse Sodron,wedhuse Mukri ,lan wedhuse Sardot.

Pertandingan final wis arep di mulai ,panitia pertandingan langsung menehi aba aba...

" siap !!!

.

.

1

.

.

2

.

.

3

.

.

priiiiiitttttt....!!!

Wedhus wedhus langsung podo mblayu balapan

Nanging aneh,wedhuse
Sardot ora gelem mblayu malah ndekem karo gebres gebres .

Penonton podo sorak
" Huuuuuuuu..."

Sardot karo geleng geleng
sirah, njur nyedak' i wedhuse terus mbisiki wedhusi.

Sak naliko wedhuse sardot
ngadeg lan mblayu buanter banget.

Saking bantere ,wedhus
wedhus liyane nganti keselip karo wedhuse Sardot.

Akhire wedhuse Sardot sing dadi juara.

"Wkwkwkekeee...Pancen wedhus balap tenan kowe dhus..."

Panitia sing heran njur
nyedak 'i Sardot lan takon .

Panitia : "mas sampean mau moco mantra opo
kok wedhus sing maune ndekem malih mblayu banter lan dadi juara "

Sardot : " aku ora nganggo mantra mas...ngeheheee"(ngguyu luwak)

Panitia : " ah...aku ora percoyo,soale aku
mau weruh dewe nak sampean mau mbisiki wedhuse sampean"

Sardot : "iku mau uduk mantra mas ,tapi aku mau mung ngomong karo wedhusku .."

Panitia : "Iyo piye Mas...(siap siap harlem shake)

Sardot : "Aku mung ngomong..."

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

KOWE PILIH DADI JUARA OPO PILIH SESUK TAK AJAK NANG MESJID HAH !!!"

WERENGE DESO

Sardot karo Sodron ki bocah
paling nakal sak deso.

Wong 2 kuwi gaweane mung maling wae..opo wae barang-e warga kerep dimalingbocah
kuwi,

Sakwijining dino Sardot karo Sodron beraksi awan-awan nyolong jeruk neng kebon.

Karang wez profesional, acara kuwi sukses tenan,oleh jeruk setengah karung.

Wes rampung olihe nyolong,wong 2 kuwi mlayu banter selak konangan warga, neng arah kuburan..

Tekan kuburan, pas arep mlebu GERBANG KUBURAN,ndilalah Sardot kesandung JERUK-e tibo ngglundung
2 iji.. Tapi ditinggal wae perlune arak cepet cepet ngumpet neng kijing..

Kiro2 wis aman,Sardot karo Sodron mulai bagi hasil..
.
.
.
"aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji.."
.
.
.
ngono terus ngasi ora sadar ono wong mabuk jenenge Mukri,lewat ngarep kuburan,banjur mandeg karo gliyengan

Amargo krungu suoro aneh
seko njero kuburan..
.
.
.
"aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..."
.
.
.
Kaget campur mumet,Mukri lungo ngundang kyai cedhak kono lan ngrungokke tenanan suara mau..
.
.
"Aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..."

Pak kyai karo Mukri nglindik neng GERBANG KUBURAN ..

Mukri banjur ngomong karo pak kyai

"nopo niku suoro iblis kalih Malaikat lagi itung2an nyowo menungso pak kyai.?

"mbuh aku dewe ora begitu paham"
jawabe pak kyai

Ora suwe ono siji suoro seko njero kuburan..

"iki wes rampung kabeh ..saiki sing cacahe 2(loro) neng GERBANG KUBURAN kae arak dijupuk sopo?kowe opo aku??"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"WAAAAAAAA!!"
(Saknaliko Mukri karo Pak Kyai
mlumpat mlayu keponthal-ponthal..)

RAI SETAN

Bengi kuwi Sodron lagi ngapeli Markonah neng omahe.

Amargo omahe Markonah sepi, iki kesempatane sodron berduaan.

Tapine ono bocah sing jenenge sardot senengane ngincengi Sodron karo Markonah mesra mesraan seko cendelo

Sodron : dik mar.. aku kepengen nyekel tanganmu

Markonah : emange enek opo karo tanganku mas

Sodron : tangane Sampean drijine kok jempolan kabeh to dik kik...kik...karo ngelus ngelus tangane Markonah

Sardot mripate byar pet byar pet nginceng sodron karo markonah

Sodron : dik aku arep ngomong sampean oleh gak...

Markonah : yo oleh to mas ndang ngomong

Sodron : aku kepingen ngesun pipine sampean dik (karo nyosor lambene)

Markonah : ojo mas mengko ono sing ngerti piye??

Sodron : ora ora dik,kan keluargane sampean lagi lungo(karo ngelus ngelus rambute markonah)

Sardot nginceng karo ngowoh klambine teles iler

Sodron : tenan kok dik aku pengen ngesun pipimu pisan ae

Markonah : sampean opo ora ngerti kuwi durung oleh mas

Sodron :iyo aku ngerti, kan mumpung ora enek sing ngerti(karo merem merem arep ngambung markonah)

Markonah : lha nek enek sing ngerti piye mas

Sodron : iyo dik aku ngerti sak iki,nek enek wong lanang karo wong wedok lingguh jejeran berarti sing ketelu (3) iku lakyo SYETAN

Sardot : HOOOiiii . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . AKU IKI MENUNGSO UDUK SYETAN !!!

JAMAN SMP

Iki CRITo pas sardot,sodron lan mukri lagi SMP

bocah-bocah kuwi konco kenthel tenan lur.. nangdi
wae dolan bareng..

koyo dino kuwi,bali sekolah
langsung podho ngumpul neng kamare sardot karo niate ameh podho joinan udud tapi umpet-umpetan wedi konangan mbakyune sardot sing jenenge
juminten..

mukri : "aman pora dot?"

sodron : "iyo ki.. mbakyumu nangdi dot?"

sardot : (karo nyumet rokok)"pfuuuuuhhh.. sante wae cah...mbakyuku neng kamar sebelah...nyoh ki gilirane sopo?"

mukri : (nyaut) "pfuuuuuhh..
uhuk..uhuk.. asem.. kloloden
mbako..."

sodron : (mbisiki) "ssssttt.. paok!ojo seru-seru ngomonge kri!!"

sardot : (mbisiki) "pekok kowe
kri.. kebulmu kuwi lho..ambune tekan kamare mbakyuku...waduh..kepiye iki..?"

mukri : "cah lanang kok criwis..wes.. manut ideku wae.."

sardot + sodron : "piye??"

mukri : "dewe gantian NGENTUT men ambune rokok ra konangan..
pfuuuuuhh.. uhuk.. uhuk.. asem..kloloden maneh..nyoh dron gantian.."

sodron : (nyaut rokoke)"apik
idemu.. kene aku ndisik tak
ngentut yo? hehehe"

saknaliko sodron ngentut..
PHUUUUUUUUSSSS...

sardot karo mukri tutupan irung karo muni-muni tapi alon..

ora suwe mbakyune sardot mbengok seko kamar sebelah..

juminten : "dooottt!!"

sardot : (wedi) "o..ono opo
mbaaak??"

juminten : "simbok lagi ngliwet
pora? kok aku mambu LIWET
GOSONG??"

bocah 3 kuwi langsung podho ngguyu cekikikan tapi alon-alon..

sardot : "o..ora kok mbaak..
hmmpff..xixixixi.."

mukri : (mbisiki) "xixixi.. apik to ideku cah? saiki gantian aku sing ngentut yo.. siji.. loro.. te..luuu..
PHUUUUUSS..PRIET..PRIEEET..
DUT!!

sardot karo sodron langsung
mlayu neng jendelo bingung ra iso ambegan amargo entute mukri iki ambune dahsyat tenan..

juminten : "doooooottttt!!"

sardot : (nahan ngguyu) "hmmmffttt.. o..opo maneh sih mbak?? xixixixi.."

juminten : "NEK BAR NGANGGO JUMBLENG KI
MBOK DISIRAM DOT!!
SETAAAAN!!"

cah 3 kuwi guling koming karo nahan ngguyu.. ngasi
podho pancal-pancalan sikil saking geline..

sardot : (mbisiki) :"sssttt iki
rokok'e kan wes entek? tapi aku awit mau durung ngentut.. ra popo yo nek aku tetep urun sithik? wuekekekek...

..bersedia..

..siaaaapp...

..nyooohh..

PHUUUUUUUUUUUUUUS...
BRUUUUTT.. BRUUUUTT..
PREKETEEEEKKK!!!

mukri karo sodron ora kuat..
langsung mlayu metu omah karo tutupan irung kabeh.. amargo entute sardot ambune ora umum..ora normal.. pokoke koyo uduk gas-e menungso lah..

juminten : "DOOOOOTTTT!!"

sardot : "xixixi..hmmffhhh..
pi..piye mb..mbaaak??"

juminten : "aku njaluk tulung
gelem ra? soale aku wedi dot.."

sardot : (bingung) "ono opo to
mbak??"

juminten metu seko kamar trus nemoni sardot..karo nangis.. raine abang ireng..karo tutupan irung..

juminten : "hiks..hiks..
dot..tulung....tiliki tegalan mburi......
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

KETOE ONO WONG MBUANG
MAYIT..."
.
.
.
*bocah 3 salto jempalitan karo ngakak

════════════════════════════

DADI KULI

CRITane Sodron kerjo dadi kuli
bangunan

Dino iku ono kenek
anyar jenenge Sardot

Sodron : "WOIII CAH ANYAR!! KUWI BOTO'NE GOWO RENE CEPET!!"

Sardot mlaku njupuk boto kuwi banjur diwenehke

Sodron : "KUWI PASIR KARO SEMEN NDANG DIJENANG(DI CAMPUR) CEPET...ORA MUNG PLOLAR PLOLOR WAE!!"

Sardot ngaduk pasir campur semen

Sodron : "NEK WES DADI KI GEK DILANGSIR MRENE BLOK!! DISAWANG WAE SELAK DADI GARING !! CEPET!!"

Sardot ngeterke jenangan karo
ngampet emosi

Sodron : "IKI JENANGANE KURANG PASIR BOROS SEMEN!! KOWE KOK GOLOBOK NEMEN TO HAH?? WES TAU KERJO NUKANG OPO DURUNG??"

Sardot sing awit mau meneng nahan emosine akhire nyedhaki Sodron karo nggowo PACUL sing mau gawe ngaduk pasir terus nyuoro

Sardot : "aku mbiyen wes tau nukang......

.

.

.

.

tapi njuk mlebu bui(penjara) 15 tahun...wingi nembe wae bebas..."

Sodron : "(nggeblak njuk tangi)Nyolong semen sak sak'an yo...hahahahaaa" (ngguyu ngece)

Sardot : "aku mlebu neng bui
sebabe .......

.

.

.

.

.

Sodron : Nyolong pasir yo....wakakakaaa (ngguyu puas)

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

....MACUL MBUN-MBUNANE MANDOR KU SING CREWET!!!

Sodron : Masss....

Sardot : (ngungkal pacul)

Sodron : Saiki wes jam12...kae enek warteg ning ngarep proyek...menowo ameh mangan,mengko tak bayari nggeh....

════════════════════════════

DUWE KUCING

Juminten ki nduwe kucing
kesayangan...Pokoke pas neng
omah,Kucing kuwi ora bakal ucul seko Juminten...nempeeeell wae koyok prangko

Pas wektu iku CRITane sardot apel neng omahe juminten..

Sardot : "enake jagongan nek teras wae po jum?men iso bebas..hohoho (ngguyu jahat)"

Juminten : "ayo mas..tapi kucingku melu yo? xixixi.."

Sardot : "asal uduk bapakmu sing melu wae jum..huwakakaa (ngguyu iblis)"

Saknaliko Sardot karo juminten njagong neng teras..sing rodo peteng..

Sardot : "dek jum..kok bengi iki kowe katon ayu tenan... (karo ameh nyekel tangane juminten)"

Saknaliko kucinge juminten
nesu..langsung nyakar tangane
sardot..

MEEAAAAWWW!!!!

Sardot : "HALAHIYUNG..!! Kucingmu nyakar aku iki jum??"

Juminten : "xixixi.. Kapok! salahe tanganmu nakal mas..xixixi"

Sardot : "ooh.. ngono tow? Hehehe...aku ora wedi.. Mosok aku kalah karo kewan.. Nganu jum..Rambutmu kok wangi sih? Nembe keramas pow? (karo tangane ameh
ngrangkul juminten)"

Kucinge weruh.. Langsung wae..

MEEAAAAWWW!!!!

Sardot : "J*NCOK! NYAKAR MANEH JUM !!"

Juminten : "xixixixi.. kandhani
satpamku galak kok ngeyel tow mas..xixixi"

Sardot kesuh karo mikir,kepiye carane men kucing kuwi ora ngganggu dekne maneh...

Juminten : "eh aku lali..tak
gawekke wedang sek yo
mas..tulung kucing iki cekelno
ndisik.."

Sardot (mesem licik) : "oke
jum..endi kene kucingmu tak
pangkune..aku ki asline yo seneng karo kucing kok.. Hehehehe.."

Saksuwene juminten lungo neng mburi,. Sardot ngomong karo kucing kuwi..

Sardot : "cing.. Tak ajak kerjasama gelem ora? Nek umpomo bengi iki kowe ora ngganggu aku,.sesuk tak
gawakke pindang karo gereh..
piye.. gelem ora?"

Trus Kucinge manthuk-manthuk sajak gelem karo manja ndusel neng pangkuane sardot sing
rumongso menang..hahaha

Ora suwe juminten teko..

Juminten : "iki mas diombe
wedange.. Mumpung anget.."

Sardot : "ora ono sing luwih anget seko..... (karo nyosor ameh ngambung juminten)"

Tapi.....
.
.
.
.
.
MEEAAAAWWW!!!!

MEEAAAAWWW!!!!

MEEAAAAWWW!!!!

MEEAAAAWWW!!!!

MEEAAAAWWW!!!!
.
.
.
Sardot : "HWADAAWW...BAJINGSUT!! KUCING SETAAAANN!!.. RAIKU AJUUUR..
HWADUH GUSTI....PARINGONO RUPO ANYAR MIRIP ARIEL!!"

Juminten : "mas sardoott!! Kowe ora popo mas?? Lho raimu getih tok mas..aduh.. Sek diluk tak jupukno obat merah mas!!"

Saksuwene juminten mlayu
memburi,. sardot misuh-misuh karo kucinge mau..

Sardot : "wooiiiy kewan edan.. !!!Nopo kowe iseh nyakar aku hah..??"

Kucinge mlaku santai nyedhaki
sardot trus ngomong alon.....

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

....aku ora percoyo karo CANGKEM BOYO..!!!"

#sardot kejet kejet

════════════════════════════

TELPON

Dino seloso Sardot telpon ning omahe Sodron

Sardot : Dron.. dino iki kowe
ono acara ora???

Sodron : Ora dot.,,ameh
ngopo???

Sardot : Arep tak ajak dolan
neng Tawangmangu,,mreneo
cepet..

Sodron : Siap komandan..

Kiro-kiro setengah jam Sodron
teko ing omahe Sardot...

Sodron : Tumben ngajak dolan
aku,,ono opo dot??

Sardot : ngene dron..aku kan
duwe kenalan cewek lewat
fb,trus dino iki pengen
ketemuan neng tawangmangu...

Sodron : ngopo kok gak mok
temoni dewe wae...???

Sardot : waduuh dron...pekokmu kok malah tambah to...yen aku karo kowe
perlune kowe sing boncengne
aku numpak pit motormu
dron ...xixiixixixii

Sodron : bajingsut...ra modal
blass kowe dot..

Akhire wong 2 kuwi langsung
meluncur neng TKP,,,

Sardot : kowe nunggu neng
warung kene wae yo..aku tak
nemoni cewek'e jare wes
ngenteni neng ngarep
terminal..

Sodron : iyo dot...mugo2
sukses

Bareng wes neng ngarep
Terminal,ono cewek ayu telu
sing lagi lungguh..

Sardot : (mesem)..misi
mbak...opo kowe sing jenenge
juminten???

(cewek-cewek kuwi podo
meneng)

Sardot : Aku sing neng pesbuk
jenenge CLAUDIO SARDOT ...huehehehe

(cewek'e isih meneng)..

Sardot : aku sing.....(ujug2 ono
sing ngundang)

Juminten : mas Claudio....aku
sing neng mburine cewek 3
kuwi mas....xixixiixixi

Sardot : (kaget)...sampean
sinten ??

Juminten : yo iki aku sing neg
pesbuk jenenge JUMY CICEWEKCETYA TAK
INGINDICAKITI...xiixiixixixiixi

Sardot langsung tibo koprol
trus mlayu marani sodron...

Sardot : Dron...dron...ayo bali
mulih dron...(karo ngos-ngosan)

Sodron : on...ono..opo dot...

Sardot : Tibak'e cewek kuwi
elek,ireng,mrongos,tuwek...wes pokok'e koyo wewe gombel dron...

Sodron : wakkakkkakkkaak...kapok kowe dooot...

Tanpo dingerteni sardot lan
sodron,tibak'e Juminten wes
neng kono...

Juminten : mas Claudio
sardooot......Lhooooh dron
kowe kok yo neng kene???

Sardot : emange sampean kenal kaleh Sodron?? (bingung)

Juminten : Yo mestine kenal
banget to mas......
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
....KAN SODRON IKU ANAKKU
MAS....xixixixiiixixi...

Sodron : iyo dot...kuwi
mbokku...(karo ndingkluk
mergo isin)
.
.
.
#Sardot nangis gero-gero karo
klesotan neng dalan

MACUL

CRITone waktu iku Sardot karo Sodron Lungguh-lungguh nang sawah.

Sodron : Dot, pemandangane uapik yo?

Sardot : Iyo uapik, gak klamben barang *malah nginceng Paijem adus*

Sodron : Janc***k !! Your mather is goal keeper(makmu kiper), malah nginceng bojo ku sing lagi adus ning kali *nyawat wet gedang*

Sardot : sek ta Dron, ono opo sih ?(tolah toleh)

Sodron : Mreneo Dot..

Sardot : Nopo Dron?

Sodron : Iku loh delok'en sapine awak dewe

Sardot : Wuih seksi Dron....(ngences)

Sodron : Boyo panuan, kowe wes elek, napsu karo kewan sisan...!

Sardot : Muehehee *cengengesan tanpo duso*

Sodron : Ngene lho Dot masalae, sapine awakdewe kan podo lanange, gede karo bobote yo podo.

Sardot : Lah terus Dron? (uthik uthik upil)

Sodron : Aku bingunge iku piye mbedakno sapine awakdewe?

Sardot : Iyo yo, mengko ketuker kan repot, tapi aku duwe akal Dron, piye carane supoyo sapine awakdewe gak ketuker.

Sodron : Piye carane Dot?

Sardot : Sapimu kupinge tugelen siji, dadi kan mengko yen onok sapi seng kupinge mung siji, berarti iku sapimu, yen kupinge 2 berarti sapiku...muahahaaa

Sodron : Wuih, tumben utekmu main, biasane mok goreng terus mbok pangan Dot..huwakakaaa

Sardot : Gambusiasi tenan kowe Dron, huh ! (mbanting sapi)

Sodron langsung nugel kupinge sapi

Sodron : Piye Dot? Wes gak podo kan? mueheheee

Sardot : Iyo Dron, wes bedo

Maringono wong 2 iku mau takon nang mbah Mukri seng mari panen nang sawah

Sodron: Mbah..

Mbah Mukri : *meneng ae*

Sodron : Woey kupingmu kopok yo?

Mbah Mukri : Aku gak kopok C*K (napuk pacul) onok opo kowe nyelok aku hah?

Sodron : Ngene loh mbah, cobak delok'en sapi 2 iku, opo bedane mbah?

Mbah Mukri : Kowe wuto ta....

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Lah jelas sijine puteh sijine ireng ngono !

Sodron : *mbaten* Loh Sardot is SEGAWON, tiwas sapiku wes tak putul kupinge. Nandi koen Dot?

Sardot : *mlayu ngacir* Sek aku moleh dilut Dron, mbahku ganti kulit.

PILOT BECAK

Sardot propesine dadi PILOT BECAK sing senenge mangkal ning pasar Johar Semarang

Ora suwi enek penumpang jenenge Juminten ngawe awe

Juminten : Piro mas...?

Sardot : Biasa mbak,sepuluhewu...

Juminten : Nyoh mas satusewu...nanging terke aku tekan omah yo....xixixi (kedep kedep)

Sardot : Mangkaaaaat.....

Sardot langsung semangat 69 mancal pedal becake

* Ning ndalan

"DUUUOOORRRR..."

Juminten : Lhadalah mas...pean ngentut yo...?

Sardot : Wkwkwkekeeee...ora mbak,iku sworo ban becak sebelah tengen mbledos....

Juminten : Yo wes mas,di tambalno dhisik...

Sardot langsung nambalke ban becake

Ora suwi,Sardot mancal pedal becake meneh karo ngos ngosan

* Ning ndalan

"DUUUOOORRRR..."

Juminten : Lhadalaaah mas...pean wahing yo....?

Sardot : Wkwkekekeeee...ora mbak,iku sworo bam becak sebelah kiwo mbledos...

Juminten : Yo wes mas...di tambalno dhisik...

Sardot langsung nambalke bam becake

Ora suwi,Sardot mancal pedal becake meneh karo ambeg'an senen-kemis

* Ning ndalan

"DUUUOOORRRR..."

Juminten : Lhadalah mas...ban becak'e mbledos meneh yo...?

Sardot : (Meneng)

Juminten : Mesti ban becak sing mburi yo mas...?

Sardot : MBAK...!

Juminten : Piye mas...

Sardot : Kuwi ora sworo ban mbledos...

Juminten : Terus sworo opo mas...?

Sardot : .................

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

IKU SWORO KENTHOL SIKIL KU SING MBLEDOS MBAK....BAYANGKE,SEMARANG-SOLO NUMPAK BECAK KOK TRIMO MOK UPAHI SATUSEWU...SEMARANG-SOLO MBAK....HUAAA....HUUUUAAAAAA....

___________________________________

NGAMUK2

Isuk isuk Juminteb wes ngamuk-ngamuk nang Sardot seng dodolan es orson.

Juminteb : Woi PANU BADAK,Gara-gara kowe lewat, anakku nanges terus. (mbanting lemari)

Sardot : Trus opo hubungane karo aku hah? (ngangkat grobak es)

Juminten : anakku nanges gara-gara pengen njajan es mu cuk!

Sardot : Loh, aku kan wong dagang es. Yen anakmu pengen yo tukokno ae. Ngono ae kok repot...opo kowe ora gablek duwet? mueheheee (ngguyu ngece)

Juminten : JANC*K, mok kiro aku isok nyetak duwek ngono ta. (mendelik)

Sardot : ngomong ae lek pelit, eman karo duwekmu....muahahaaa (ngguyu congak)

Juminten : Gak perkoro pelit, tapi...

Sardot : Tapi opo? Arep utang yo? Oh tidak bisa...huwekekeee (ngguyu puas)

Juminten : pancen rupo sempak seken wong iki. Aku gak peduli kowe dodolan es opo dodolan sempak....Tapi yen lewat kene ping pisan ae, Mosok tiap 5 menit lewat kene.

Sardot : Yo terserah aku, seng dodolan aku kok.

Juminten : Iyo emang kowe seng dodol. Tapi isok ngedol omah aku lek tiap 5 menit kowe lewat anakku nanges njalok es. Emange gak onok nggon liyane ta? Huh ! (ngrikiti piring)

Sardot : Tujuane dagang iku golek untung. La nek lewat kene aku mesti untung. Makane aku lewat kene terus.

Juminten : Golek untung yo gak popo......

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Tapi nek lewat kene mung anakmu tok seng tuku, Trus untung teko ndi? Duh Gusti paringono bojo bagus mirip Ariel Noah...pakne...pakne....Mending ngingu laler ae daripada dagang es tapi seng tuku anakmu dewe.... Stres aku dadi bojomu..... HUAAA HUAAA HUAA *nanges golong-golong*

SARDOT APEL

Sardot sing wis kenal juminten Seminggu, wengi iku nduwe niat dolan nang omahe juminten.

Sakwise tekan omahe juminten

Sardot: "Kulonuwun.... Assalamu'alaikum..!!!"

Juminten: "Wa'alaikumsalam... eekkh mas ganteng.... xixixii.." (karo muntah-muntah)

Sardot : (mlintir brengos)

Juminten : "..sek paling gagah....." (karo kedip-kedip genit)

Sardot : "Diiik jum.. Aaakkhh.. (karo jungkatan)

Juminten: "Sak KUBURAN CINO..!!"

(Sardot tibo njempalikan, njuk tangi maneh)

Sardot: "lho, dik jum kok omahmu sepi? Bapakmu karo mami mu lagi podo nang ndi?? Ngurus pegatan pow?? Muehehe.." (ngguyu monster)

juminten: "Iki mau mbokde mantu mas, sak keluarga nginep nang nggone mbokde.. xixixi.. "

Sardot: "wah kebeneran dik jum..." (kedip-kedip ngode)

Juminten: "kebeneran piye mas maksude?" (curiga)

Sardot: "ngene lho dik jum aku arep ngomong serius karo kowe.."

Juminten: "iyo mas.. Tapi adoh sitik tow.. Ababmu mambu ki lho.. xixixi..." (hooeeekk)

Sardot: "Sak benere aku... anuuh... anuuuh"

Juminten: "onah anuh onah anuh.. Anuh-mu knopo mas?? Dicokot jangkrik??"

Sardot : "ora to dik jum, ngene lo.. masio dewe nembe kenal.."

Juminten : "iyo mas.. "

Sardot : "..aku njaluk ngapuro nek aku lancang..."

Juminten : "kok iso mas.."

Sardot : "tapi perasaan iki.. Ora iso ngapusi..."

Juminten : "maaas..." (mripate berkaca-kaca)

Sardot : "aku ora kuat nahan..."

Juminten : "maaaass.. " (karo mancal-mancal)

Sardot : "Ora kuat ngampet..."

Juminten : "aaarggggghh..!!!" (karo nyakari tembok)

Sardot : "rasane koyo ameh njeblug!!!.."

Juminten : "ciaaatt.. Hiaaak.. Dhueezz!!" (pamer jurus silat)

Sardot : "ora peduli jawabanmu kepiye.."

Juminten : (jengkel maksimal)

Sardot : "AKU KUDU WANI..!!!!!"

Juminten : (deg-deg'an... dag dig dug)

Sardot : "AKU KUDU NGOMOOOONG....!!!"

Juminten : Ono opo to mas Sardot ki jane..?? (jengkel karo kukor2 ngolek tumo)

Sardot : "DIK JUUM... NEK SAK BENERE A..A..KU.... AKU....
.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.... Wis 5 dino ORA NGROKOK...!!!!

...tulung jupukno rokok'e bapakmu sak batang wae yo dik jum.. tak gawene UDUD... Heheheuw (Mrongos mamerke gingsule pitu)

Juminten : (Semaput kejet-kejet)

PERAWAT RUMAH SAKIT

Bengi iku Sardot lan Juminten ditugasne bareng dadi perawat jaga neng Rumah Sakit Waras Ora Mari

Nanging kesempatan iku malah digunakne kanggo pacaran.

Sardot : dik jum...(nyisir untu)

Juminten : injeh mas..

Sardot : tumben bengi iki
sepi,,pasien gak ono sing
rewel...pasien sing arep rawat neng kene yo gak ono..

Juminten : kan malah penak gak ono sing ganggu mas..xixixi (njawil untune Sardot)

Sardot : (ngelus2 tangane juminten) dik..mumpung lagi sepi..aku pengeen...

Juminten : pengen nopo mas...(mripate kedip2)

Sardot : aku pengen CIPIKA CIPIKI dik...mueheheee..(modus)

Juminten : aah..mas Adot..pinter banget golek kesempatan...

Sardot : ayolah dik...mumpung sepi,,,(karo sikatan)

Juminten : tapi ping pisan wae yo mas...isin mengko yen dikonangi member kene..

Sardot : oke dik...

Tanpo nunggu suwe,Sardot langsung siap2 nyosor..
.Nanging pas ameh ngambung pipine Juminten...ono wong sing bengok2..

"Perawat..perawat...Tulung bapak kulo perawat..!!!"

Saknaliko juminten langsung ngadeg trus marani wong iku

Sardot sing wes kebacut siap nyosor dadi bablas tibo,lambene nyosor kursi..

Juminten : wonten nopo pak..

"tulung bapak kulo niki
suster..hik..hiks.."

Juminten : mas Sardot..ono pasien anyar..ayo ndang ditangani mas...

Sardot : iyo dik jum..(karo ngelus2 lambene sing nyonyor)

Saknaliko Sardot karo Juminten gowo pasien iku neng ruang UGD..

Juminten : waduh mas..pasien iki wes parah keadaane..(panik)

Sardot : tenang jum..

Juminten : napase pasien iki kok tersenggal-senggal koyo ngene mas...piye iki?? (tambah panik)

Sardot : tenangno pikirmu
jum...saiki jupukno tabung oksigen sak perlengkapane...cepet jum..

Juminten langsung mlayu njupuk tabung oksigen sak perlengkapane..

Juminten : mas..mas..gawat mas..

Sardot : ono opo Jum??

Juminten : stock tabung oksigen sing isi wes entek..trus piye mas..padahal
pasien iki butuh oksigen??

Sardot : (mikir sedelo)...ngene wae jum..kowe ngundang dokter Sodron
neng kantor dikon mrene..sementara aku sing nangani pasiene..

Juminten : tapi mas..

Sardot : wes to..percoyo
aku..pengalamanku dadi asisten dokter hewan 2 tahun karo dadi asisten dukun bayi,,cukup iso kanggo aku kerjo profesional..

Akhire Juminten budal neng kantor,ngundang dokter Sodron..

Singkat crito Juminten wes
mbalik karo dokter Sodron..

Sodron : lhooh dot..Jare ono pasien sing napase tersenggal2..kowe kok
malah nang luar ruangan UGD..??

Sardot : pasiene sampun kulo tangani pak..

Sodron : trus keadaane saiki piye??

Sardot : saiki pasiene sampun tenang pak..

Sodron : hebat kowe saiki dot...ra rugi aku bagi ilmu kesehatan neng kowe...Emange pasiene mok
tangani piye kok iso tenang??

Sardot : namung kulo akali pak..

Sodron : mbok akali piye..???

Sardot : ..........
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MERGO STOCK TABUNG OKSIGEN ENTEK..KULO GANTI NGANGGO TABUNG GAS ELPIJI 3 KILO...LAN IKU JEBUL ISO CUKUP NGGAWE PASIEN TENANG.

#Juminten sing krungu langsung semaput..

Sodron : hebat...penemuanmu dot...memang iku iso gawe pasien dadi tenang...TAPI...

Sardot : tapi nopo dok...

Sodron : ...........
.
.
.
.
.
TAPI TENANG SAK LAWASE...MINGGAT SEKO RUMAH SAKIT KENE !!!

DADI ARSITEKTUR

Critane sodron dadi tukang bangunan.. Awan kuwi sodron oleh gawean neng omahe tanggane sing jenenge sardot.. Kiro-kiro gaweane opo yo lurd? Monggo dicek neng TKP..

Sardot : iki lho dron.. WC -ku mampet.. Kowe iso ndandani ra?

Sodron : iso dot..

Sardot : ..susah nek mampet ngene iki dron..

Sodron : iyo dot..

Sardot : ..pokoke aku pengen dadi lancar maneh..

Sodron : beres dot..

Sardot : ..koyo dalan bayi.. Muahaha!!

Sodron : siap dot.!! tapi...

Sardot : ..masalah bayaran gampang.. Ojo kuatir..

Sodron : iyo dot.. tapi...

Sardot : ..masalah mangan gampang..

Sodron : ok dot.. Ta..tapi..

Sardot : ..wedang tak sediakke,. Kopi, teh, susu, opo wedang galak?

Sodron : wow!! Mantep dot.. Ta..tapi..

Sardot : ..rokokmu merk opo? Cap trenggiling super, luwak filter, 69 kretek opo mbako semprul? Tak tukokke..

Sodron : istimewa!! Jos dot!! Ta..tapi.. Dot?..

Sardot : ..wes, ayo ndang digarap saiki..

Sodron : doott..?

Sardot : ..ojo kesuwen, ojo mulur wektune..

Sodron : dooottt..?

Sardot : ..ojo kakean ngobrol dron...

Sodron : doooootttttt...

Sardot : ..soale aku ora seneng weruh tukang sing...

Sodron : WOOOIII TELEK SINGO !!!! IYO TAK GARAPE.. TAPI..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.... KOWE OJO NANGKRING NENG NDUWUR KLOSET DOT!!!

..duh gusti paringono vicky shu.. (karo tutupan irung)
.
.
.
Sardot : ..HEKGGGGHH!!! ... ta..tanggung dron.. i..isih se..setugel ki...

*sodron mbanting kunci inggris

DADI MAHASISWA

Critane trio SMS dadi mahasiswa, tapi bedo jurusan.. Bengi kuwi wong 3 iku lagi neng warung angkringan,.

Mukri : ora sio-sio aku njupuk PERTANIAN.. Aku iso nggabungke 2 jenis tanduran dadi jenis anyar.. Muehehe.. (ngguyu sombong)

Sodron : wow!! tanduran opo wae kuwi kri?

Mukri : wit bayem karo kelopo dron..

Sodron : trus jenenge opo kuwi?

Mukri : kuwi tak jenengi..
.
.
.
.
.
.
...URAP.. !!

*sodron keloloden gelas

Sodron : wong ediyan!!

Mukri : lha awakmu neng PETERNAKAN iso nemok'ke opo dron?

Sodron : nek aku durung dadi penemuan kok kri.. Lagi riset tapi gagal terus ki..

Mukri : lha opo?

Sodron : Aku karo kanca-kancaku lagi njajal ngawinke wedhus karo babi..

Mukri : ekstrim tenan kuwi dron!!

Sodron : ..tapi gagal terus kri.. hiks.. hiks.. (mewek)

Mukri : lha gagal mergo opo?

Sodron : masalahe...
.
.
.
.
.
...ditolak MUI.. jare haram..

*mukri salto memburi

Mukri : kampret!! Nek ngomong waton.. Huh..

Saknaliko sardot sing awit mau meneng wae, melu crito..

Sardot : nek masalah penemuan ki cah TEHNIK jagone.. Behahaha34c!!

Mukri+sodron : penemuan opo dot?

Sardot : ..iki proyek rahasia... Mung kowe kowe tok sing tak ngerteni.. tulung dijogo ojo nganti bocor..

Mukri+sodron : i..iyo dot..

Sardot : ..aku ra pengen barang iki dicekel wong jahat.. Wah.. iso Kacau..

Mukri+sodron : (wedi karo sikepan)

Sardot(mbisik) : ssstt... aku nemok'ke alat sing iso ngontrol kendaraan seko jarak jauh !!

Mukri+sodron : WOW !! (karo tepuk tangan)

Sardot (mbisik) : .. Ojo mbengok golobok!!

Mukri+sodron : (langsung mingkem)

Sardot (mbisik) : ..alat iki wes tak jajal wingi neng ngarep pasar sing rame kae..

Mukri+sodron (mbisik) : sukses ra?

Sardot : Alhamdulilah sukses .. Muahaha!! (ngguyu congkak)

Mukri+sodron : kendaraan opo wae iso dikontrol ?

Sardot : sing rodo angel mung becak.. Mungkin setelan gelombange wae sing kurang pas.. Tapi liyane lancar.. Mahohoho!! (ngguyu angkuh)

Mukri : wah.. Jos tenan kowe dot!! (karo mijeti sardot)

Sardot : (merem melek)

Sodron : iso sugih kowe dot.. (karo ndulangi sardot gorengan)

Sardot : (klamut-klamut)

Mukri : tapi alat kuwi wes mbok jenengi rung dot?

Sardot : uwes lah..

Mukri+sardot : jenenge opo dot??

Sardot : amargo aku laire dino rebo pon lan rupaku gagahe mirip ariel.. Alat kuwi tak jenengi....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
....SEMPRITAN !!

*mukri+sodron langsung adu sirah

CANGKRUKAN

CRITane Sodron cangrukan ning warkope Mukri

Sodron : Woi Kri, ndang gawekno ngombe banyu putih panas yo...?

Mukri : Dingaren kowe Dron, mung ngombe banyu putih

Sodron : ......

.

.

.

Tapi tambahi kopi karo gulo...mueheheee

Mukri : JANC*K, iku jenenge kuwi pesen kopi panas !

Sodron : Wes gek ndang gawekno...

Mukri : Entenono 3 Jam kas...!

Sodron : Kowe ameh nggawekno kopi opo ameh mudik hah !, suwene ora umum !!! (ngangkat korsi)

Mukri njuk gawekno Sodron wedang kopi

Ora suwe Sardot teko karo ambeg'kane senen-kemes

Sardot : Kri....Kri.....

Mukri : Piye Dot....?

Sardot : Gawekno aku banyu puteh yo....

Mukri : Kowe lagi kere yo Dot, ngombe mung banyu putih...muahahaaa

Sardot : .....

.

.

.

Tapi tambahono teh karo es lan gulo

Mukri : JANC*K, kuwi ngono pesen es teh !

Mukri njuk gawekno ngombe kanggo Sodron lan Sardot

Sodron : Heh TAPIR ZIMBABWE, nopo kowe mlayu mlayu...?

Sardot : Anuh Dron, aku di oyak oyak bakul pithik !

Sodron : Piye CRITane kowe kok di oyak oyak bakul pithik

Sardot : Pas aku milih milih pithik....

Sodron : i...iyo Dot...

Sardot : Pithik mau tak cekel...

Sodron : (tutupan kuping)

Sardot : Wulune tak elus elus....

Sodron : (merem nyikep Mukri)

Sardot : .......

.

.

.

Njuk pithik'e tak gowo mlayu...muahahaaa

Sodron : Your teeth gingsulan pitu, kuwi jenenge kowe maling !

Ora suwi Mukri teko karo nggowo pesenane Sodron lan sardot njuk melu ngeCRITo bareng

Mukri : Ngomong ngomong aku nduwe CRITo Dron...

Sodron : CRITo opo kri...?

Mukri : Kowe ngerti SMK pinggir ndalan kae?

Sodron : Iyo ngerti Kri...

Mukri : Mosok saben dino murid-murid'e kerep ngejak tawuran sekolah liyo...

Sodron : Kuwi wes biasa Kri, kowe ngerti SMA kulon kali kae?

Mukri : Ngerti Dron, memange nopo?

Sodron : Murid'e sing lanang tau enek sing konangan dadi maling, terus sing wedok jare akeh sing meteng

Mukri : Edaaan...akhir jaman !

Sardot sing kawit mau ngrungoke akhire melu ngeCRITo

Sardot : kuwi durung sepiro

Sodron+Mukri : Piye Dot....?

Sardot : Kalah karo sekolahan wetan omah ku

Sodron : Memange nopo Dot?

Sardot : Murid sing lanang sangune minuman

Mukri : Edaaan...(nutupi kuping)

Sardot : Sing murid wedok yen sekolah ora nganggo BH...

Sodron : (merem mripat)

Sardot : Opo meneh gurune, iso di undang ning omah omah

Mukri : Guru panggilan ngono Dot?

Sardot : Prihatin pokok'e Dron, Kri....

Sodron : Ngomong ngomong jeneng sekolahe opo Dot?

Sardot : Jeneng sekolahane....

Sodron+Mukri : (Sikepan)

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"TK HARAPAN KASIH BUNDA" muahahaaaa

Sodron+Mukri : Ngraupke kopi ning wajahe Sardot

GILIRAN RONDA

Bengi iku 2 pemuda koplak,Sardot karo Sodrun oleh giliran Ronda..

Padahal wong 2
kuwi terkenal wedi-an,.

Jam 00.00 ,karo males-malesan,w ong 2
kuwi menyat mlaku keliling deso..pas lewat
ngarep omahe pak lurah,ono suoro aneh
neng nduwur omah..

Sardot : "drun,.kae suoro opo yo? Jal kok
cek,.aku wedi.."

Banjur Sodrun nyedak trus
mbengok,"wooii. .. kuwi Uwong opo
kucing??"

Ono suoro nyauri,"kuciiin g.."

Sodrun : "oh mung kucing dot.."

Sardot : "yo wes ayo mlaku maneh.."

Wong 2 kuwi mlaku maneh..pas lewat
ngarep omahe Juminten si janda kembang
sing urip dewekan,.ono suoro aneh maneh..

"uuh..mpphh..aa ah..aaah.."

Sardot langsung mbengok,"wooi!! Ngopo
kowe juum??"

Seko njero omah ono suoro wong lanang
nyauri,"o..ol.. olah..raga..mas .."

Sardot : "juminten gek olahraga drun.."

Sodrun : "tapi kok suarane wong lanang
dot?"

Sardot : "halah.. Paling yo instrukture..ay o
mlaku maneh drun!"

Mlaku ora suwe,tibo wayahe wong 2 kuwi,
gelem ra gelem, kudu nglewati KUBURAN..

Pas lewat ngarep kuburan,Sardot karo
Sodrun kaget ngasi kepuyuh-puyuh weruh
CEWEK neng njero kuburan!

Cewek kuwi lagi mbungkuk karo thingak-
thinguk sajake golek barang ilang neng
jejer nisan..

Sardot : "ja..jajal di..ditakoni drun.."

Sodrun : "we..wegah dot...a..aku we..wedi
tenan.."

Akhire Sardot ngalah..njuk mlaku nyedhaki
cewek kuwi,.

Sardot : "sam..sampeyan bengi-bengi neng
kub..kuburan go..golek opo mbak??"

Cewek : "golek taliku mas.."
(Sardot mulai ngompol)

Sardot : "ta..tali poc..pocong yo mbak?"

Cewek : "uduk mas..tali BH kok.."
(Sardot lego..)
.
.
.
.
.
.
.
.
Cewek : "..nek tali karo kain pocongku tak sampirke neng uwit kae mas.."

WAAAAAAAAAAAAAA AAAAAAA
*Sardot karo Sodrun salto sek njuk semaput bareng..

ccerita horor

Iki crito MISTERI... HOROR.. SANGAR!! Tulung sing ora kuat moco mending ojo diwoco daripada ora iso turu.. Pokoke admind ora tanggung jawab umpomo mengko mari moco dadi TRAUMA!!
.
.
.
.
.
.
Bengi kuwi jam 1 bengi, sardot lagi mlaku dewean mulih seko dolan..

Ndilalah pas malem jumat kliwon..

udan grimis tipis mudhun alon-alon..

Angine semribit kroso tekan balung..

Suoro asu podho njegog soko kadohan marai mrinding neng awak..

Trotoar sing dilewati sardot sepi koyo kuburan...

Ora ono kendaraan sing lewat ratan..

Tapi masio wedi, sardot tetep mlaku...

Pas tekan pinggiran toko sing wes tutup,.

Saknaliko... Sardot weruh... neng ngarepe ono.... CEWEK lagi lungguh dewean neng emperan toko..

Cewek kuwi nganggo klambi putih-putih..

Lungguh meneng karo ndingkluk.. Separo rambute nutupi raine..

Amargo penasaran, sardot nyedhaki cewek kuwi, anggep wae jenenge juminten..

Sardot : Sampeyan ngopo bengi-bengi dewean neng kono mbak?

Juminten : a..aku bar ketabrak lari mas.. Hiks.. Hiks..

Sardot : aduh!! Melas temen mbak?? Trus sampeyan luka-luka pora?

Juminten : a..aku ora popo mas.. Tapi...

Sardot : ta..tapi opo mbak??

Juminten : iki.. GULU-ku rasane rodo sakit mas.. Hiks.. Hiks..

Sardot : duh gusti.. Mending sampeyan saiki tak terke neng kantor polisi wae mbak..

Juminten : ta..tapi mas..?

Sardot : wes rasah tapi-tapian.. (karo ngrewangi juminten tangi)

Trus wong 2 kuwi mlaku bareng alon-alon... Sardot mlaku neng ngarep, juminten ngetutke neng mburine..

Sardot : aslimu endi mbak?? (madep mengarep)

Juminten : (meneng)

Sardot : ditakoni kok meneng wae to mbak? (isih madep mengarep)

Juminten : maas...

Sardot : ono opo mbak? (mandeg)

Juminten : tu..tulungi a..aku mas.... Aduuuh...

Saknaliko sardot nengok memburi lan KAGET amargo weruh juminten..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
... GARI SIRAHE TOK NENG TENGAH TROTOAR!!!!!!
.
.
Sardot : HUAAAAAAA!!! SETAAAAAAAN!!! (karo mlayu kepuyuh-puyuh)

Juminten sing ditinggal mlayu sardot mung nangis karo mbatin...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...bar ketabrak saiki KECEMPLUNG GOT, dianggep setan sisan.. duh gusti paringono noah sak ariel-e.. Hiks.. Hiks..

konco maling

Iki CRITo Sardot di cekel polisi njuk di gowo ning pengadilan lan di hukum bui 7,7 tahun penjara

Seminggu sakwise, Sodron koncone teko mrono

Sardot : Loh Dron, nopo kowe mrene?

Sodron : Nunut nguyoh c*k ! wes jelas aku mrene nilik'i kowe

Sardot : Tak kiro ameh ngancani aku ning penjara Dron...muahahaaa

Sodron : Your mother is goalkeeper(makmu kiper) Dot, aku ora ono tampang narapidana koyok kowe ! ngomong ngomong piye CRITane kowe iso di penjara Dot, sopo ngerti kowe ora salah njuk polisine tak tuntut balik

Sardot : Ngene lho Dron....

Sodron : (motong omongane Sardot) Aku lak wes ngomong tow Dot, ojo sampek mok baleni kelakuan badeg mu seneng nyolongi cawet seken...muehehee

Sardot : MUNYUK SOMALIA...! Aku durung CRITo C*k !!

Sodron : Ampuuun ndoro...(ngambung tlapak tangane Sardot)

Sardot : Masalahe sepele Dron, mung goro-goro aku ora nganggo helm

Sodron : Kowe ora nganggo helm njuk keno razia ngono pow Dot?

Sardot : Ora Dron...kowe ngerti tow, wingi minggu aku blonjo beras ning Indongapret

Sodron : Iyo Dot, terus...?

Sardot : ...........

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

....Lha pas ameh mbayar ning kasir ora enek petugas kasire, njuk tak gowo langsung wae barang barang blonjo ku sak mesin kasire, ndilalahe pas aku mlebu Indongapret lali ora nganggo helm, mulo rupo ku sing ganteng koyok Ariel Noah iki mlebu ning CCTV

Sodron : Your mouth ganjelan linggis... Kuwi jenenge pancen kowe niat maling !

kado istimewa

Esuk mau sardot lan juminten podo jagongan

Sardot : "piye dik jum sak suwine urip bebrayan karo aku?"

Juminten : "wah rekoso terus ora tau ono penak'e. cobo biyen lamarane sodron tak tompo mestine uripku wis mulyo lan wis di celuk bu lurah..."

Sardot : "lambemu ojo waton ngomong tow dik jum..?"

Juminten : "Iyo yo den bagus, sing bagus dewe sak alas mburi omah... ekh mas sardot, aku mau bengi ngimpi mbok tukokke kalung lho.. opo kowe ngerti artine..??"

Sardot : "Kowe nyindir aku yo.. pehne sak suwene dadi bojoku ora tau tak tukokne kalung emas trimo tak wenehi gelang karet bekas sego bungkus..?"

Juminten : "Ora ngono mas adot.. aku ngomong sak benere kok".

Sardot meneng sedelo banjur lungo mangkat mergawe

Bengine sardot gowo kotak hadiah sing di bungkus kertas kado.

Sardot : "Nyoh dik jum, aku gowo hadiah kanggo kowe".

Juminten sing diwenehi hadiah kado banjur bungah lan ngambungi sardot

Juminten : "Sampean bojo pangerten mas sardot.. aku seneng banget.. wah impenku mau bengi dadi kenyataan".

Juminten langsung bukak kadone. Nanging juminten kaget amargo kado kui isine.....

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"BUKU PRIMBON JAWA DAN ARTI ARTI MIMPI"

Juminten langsung semaput pitong dino pitong mbengi.

raine ajur kabeh

CRITane wektu iku raine Sardot ajor kabeh mari diantem'i karo uwong, terus Sardot budal nang warung'e Sodron katene ngandakno nang Sodron karo Mukri konco kenthel'e.

Banjur sardot mlebu warung'e sodron...

Sardot : "huuwa huwaa huwaaaaa..." (nangis ngereng-ngereng)

Mukri : "Kowe kenopo dot, teko-teko moro ngguyu-ngguyu dewe ngono... obatmu lali ora di ombe yo??" muahahaa (ngguyu ngece)

Sardot : "your eyes blind (motomu merem) Kri, aku nangis jare ngguyu ? (lanjut nangis maneh) huuwa huwaaa huwaaaa *soyo dibanterke nangise*

Sodron : "Loh your face iku kenek opo kok warna warni koyo lapis ngono dot..??"

Sardot : "warna warni your foot, dron... aku mari dikaplok'i uwong sak pangkalan ojek !!" hiks...hiks...hiiksss (nangis seseguk'an)

Mukri : "Ora kaget nek aku dot, mesti koe gawe masalah nang kono mau..."

Sardot : "Oralah kri, lah wong aku gak ngopo-ngopo kok..!!"

Sodron : "Lah terus koe kenopo kok sampek diantem'i ngono...??"

Sardot : "yo emboh dron... ! (karo ngusapi eluh'e)

Mukri : "Ora percoyo karo your mouth aku dot..!! palingan koe mari numpak terus mlayu ora mbayar to..??"

Sardot : *masang rai serius* your eyes kri... Aku iki wes bayar, tapi emboh kenopo kok ujug-ujug malah diantem'i rame-rame..??"

Mukri : "Iyo dot... tapine ora usah karo mbleyer lek ngomong, idumu munCRAT ki lo... yowes ayo nek ngono saiki budal nang pangkalan ojek nggonanmu mau. Ayo dhewe bales dendam karo uwong-uwong seng ngeroyok koe mau..!!" (masang rai preman pasar kliwon)

Sakwise ngono wong telu iku mau budal nang pangkalan ojek katene "revenge" nang uwong-uwong seng ngaploki Sardot.

*nang pangkalan ojek*

Mukri : *mbengok* "heeh JANC*K koncoku iki mau mari mok apakno, kok raine sampek koyok pelangi sing ngambar bocah TK ora lulus-lulus ngene..??" (masang rai sangar)

Tukang Ojek : "Mari diantem'i karo bocah-bocah, tapi aku ora melu ngantemi kok mas, ciyuuuuusss...!!"

Mukri : "Lha wong ngerti ngono kenopo ora mok pisah, haaahh..??"

Tukang Ojek : *langsung nyiut nyaline* "Aku guduk wasit kok mas, dadine yo mung tak delok thok, mumpung gratisan..." huekekekekk (ngguyu ngece)

Sodron : "Salah opo koncoku pak? lah wong bocah'e ngojek yo mbayar ngono loh..."

Tukang Ojek : "Iyo memang mbayar, tapi duwit'e kurang mas..."

Mukri : *nyeluk sardot* Doott... Sardoooott.. mreneo koe..!!

Sardot : *Seko adohan* "Ono opo Kri..?? (karo ngrikiti tebu)

Mukri : "Mreneo cepeeeeeeettt..!!! (masang rai jengkel)

Sardot : "Otewe kri... caapcuuss" (langsung mlayu marani pangkalan ojek, karo kudalumpingan)

Mukri : "Opo iyo dot, koe mau bayar ojek'e kurang duwit'e..??"

Sardot : "Ora kri, tenan kok ora kurang segelo (serupiah) blas..."

Tukang Ojek : *langsung nyauti* "Ora kurang piye mas, lah wong jelas-jelas kurang ngono kok..."

Sardot : "Kurang piye pak maksud'e..??"
.

.

.

.

.

.

.

Tukang Ojek : "Asline kan mau ongkose kabeh seket ewu, lah kenopo sampean kok mung mbayar selawe ewu thok..??"

Mukri : "Lah kenopo dot kok koe bayar mek selawe ewu thok, padahal ongkose kan seket ewu..??"

Sodron : "Hoalaaahh.. lha yo jelas wae koe diantemi'i uwong akeh dot..." ckckckkckkk (karo geleng-geleng)

Sardot : .................

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"...Lhak yo bener to tak bayar selawe ewu... lah uwonge seng mboncengke aku yo melu numpak kok, mosok aku thok sing kon mbayar...!!! (masang rai polos karo mamerke gingsule pitu)

Mukri : "Edaaaaaaaaann tenan, koe iku dot... ngisin-ngisini aku wae..!! bocah iki enak'e diapakno yo dron ? (emosi tingat sewidak pitulas)

Sodron : "Digantung monas wae kri, gawe konco poro Koruptor..!!! (melu-melu emosi)

Akhire Sardot digantung, nganti ihnilmamfus... terus mayite di semen digawe monumen patung nang ngarepe pangkalan ojek.

dadi murid sekolah SLB Bina Satwa.



Juminten : saiki kan usum rendeng.. Lha.. ibu pengen murid-muridku gawe crito bab UDAN.. mulai seko sodron.. Ayo dron..

Sodron : ehem.. Tes.. Tes.. 1..2..3..

Juminten : rasah kesuen dron! Iki uduk mushola!! Huh!! (karo mbanting lemari)

Sodron : si..siap bu!! Emm.. UDAN.. Nek bendino udan terus iso marai banjir.. Nek bendino banjir aku ngguyu ngakak..

Juminten : lho.. Kok iso ngakak??

Sodron : soale..
.
.
.
.
.
...aku ra perlu sekolah!! Muahaha!!

*juminten salto memburi

Juminten : sesuk Kowe pindah sekolah liyo yo dron?

Sodron : suwun bu.. (karo tepuk tangan dewe)

Juminten : saiki gilirane mukri.. Ayo kri !!

Mukri : iyo bu.. UDAN.. aben usum udan, aku lan keluargaku bendino yen mangan dadi luwih enak..

Juminten : bener kuwi kri.. Pancen nek udan ki hawane enak kanggo mangan, xixixi.. bener ngono to kri?

Mukri : uduk kuwi bu..

Juminten : lho.. Lha terus opo??

Mukri : mangan enak kuwi amargo..
.
.
.
.
.
.
..bapakku bakulan MANTOL bu.. Laris manis!! mangan enak terus !! Muahaha!!

*juminten ngrikiti bangku

Juminten : cukup kri.. Ibu durung pengen stroke oke? Saiki gilirane sardot.. Ayo dot!

Sardot : maturnuwun bu.. aku mung pengen ibu guru akan konco-konco kabeh ngerti yen penyebab UDAN ki uduk amargo cuaca opo maneh amargo langite sigar..

Juminten : hemm.. Menarik iki.. Jal ibu pengen krungu UDAN ki nurutmu amargo opo dot??

Sardot : sing marai UDAN ki..... jebul BAPAKKU dewe bu..

Juminten : hah?? Lha kok iso??

Sardot : ngene critane bu.. Wingi bengi pas aku durung turu...

Juminten : iyo dot..??

Sardot : aku krungu bapakku ngomong....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...rene tak UDAN-i bune.. Mumpung sardot wes turu...

..aku bener to bu??
.
.
.
*juminten langsung pensiun dadi guru