Sabtu, 06 April 2013

KOPI LUWAK

Iki critane sardot dolan nang omahe sodron sing gaweane mproses kopi luwak..
Saben dolan,sardot di suguhi wedang kopi luwak sing rasane wuenak

"dron iki wedang kok rasane ora koyok biasane..rasane kok kecut sengir-sengir"

"iku kopi rasa baru ..kopi kucing"

"sik sik aru ora mudeng karo omonganmu..piye maksude"

"ngene lho dot..aku duwe inspirasi pingin gawe kopi rasa baru..papi sing mproses kui 
kucing dudu luwak..amargo kucing ora doyan kopi, kopine tak gawe bubuk terus tak campur karo iwak asin,nah eek'e kucing mau tak jupuk terus tak pepe, terus tak gerus lembut, terus tak saring tak gawe wedang..nah kebetulan kowe sing pertama kali sing nggrasakno..piye dot enak ora wedang kopine?"

"enak dengkulmu mlocot kui..opo ono TAI KUCING rasane enak"

Cah bagus
Episode 30:
Awan iku, sardot dolan nang omahe juminten

"mas sardot hubungane awak'e dewe wis ono pirang taun"

"kurang luwih 7thn.ono opo tow jum"

"piye mas umpomo bulan agustus iki awak'e dewe nikahan?"

"wah ora isoh..aku ngeterne simbahku mudik .mesti aku yo nginep nang gone simbah 1 bulan"

"yo wes nak bulan september piye mas.? Isoh opo ora"

"wah ora isoh jum..pakdeku kan nyalon lurah aku mesti melu ngewangi gaet masa..."

"yowes mas bulan oktober yo mas nikahane.."

"wah bulan kui aku yo ora isoh..aku wis janjian karo uwong dadi blantik jual beli tanah...umpomo suk bulan november wae piye jum?"

"wah yo ora isoh tow mas..bulan iku kan kowe nang rumah sakit"

"lho kowe kok ngerti jum nak aku nang rumah sakit..aku kan dudu dokter"

"sedelo maneh SIRAHMU TAK KEPRUK KURSI"

Sardot :@&%???

Cah bagus
Episode 31:
Tinimbang ora enek gawean,sardot iseng iseng mancing

sardot nyiapno kabeh peralatan mancinge

ora suwi mancing,sardot mulih nemuni juminten bojone

"mas,kok pean cepet banget mancinge.."

"iyo dik,aku khawatir ninggal pean dhewean ning omah.."

"hehew..ngomong ngomong iwake gedhe gedhe mas,ugo akeh sisan.."

"iyo iki dik..aku ugo ora nyongko bakal entuk iwak gedhe lan akeh.."

"opo pean mancing ning kali wetan omah iku yo mas..?"

"ora dik.."

"berarti mancing ning kolam pemancingan kidul omah kae yo mas..?"

"ora dik.."

"opo mancing ning laut cedhak omah mas..?"

"ora dik.."

"terus pean mancing nandi mas..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"aku mancing ning akuarium omahe dhewe dik.."

juminten: (nithili pakan iwak)
Episode 32:
Sardot sing pengusaha sukses duwe kebiasaan buruk yo iku sengeng brhubungan karo wong wedok nakal

Bengi iku,sardot sardot mlebu nang warung remang2.
Ora nyono sardot weruh juminten sing ayu.

Banjur sardot nyedak'i lan takon

"piro taripe dik wong ayu"

"500ewu mawon mas"

"oke.."

Sardot langsung ngajak juminten mlebu kamar.

Bubar iku juminten muring-muring

"piye tow iki.. Aku kok mbok bayar duit palsu "

"tenang tow wong ayu..kok sampean muring-muring...sing penting kan kowe tak bayar genep"

"Tapi iki duitmu palsu?"

" emange BARANGMU ASLI?"

#Juminten :??@&%??

Tidak ada komentar:

Posting Komentar