Rabu, 03 April 2013

JIN KOPLAK

Sore sore Sardot,Sodron,lan Mukri numpak gethek (kapal bambu) nuju ing tengah kali(sungai) ameh mancing.

nembe enak enake mancing,ujug ujug(tiba tiba) ning tengah kali metu jin jahat penunggu kali mau,

"hahaha...koe koe wis mlebu ning kerajaan ku...

saiki coba buwak(buang) barang barang sing mok gowo ning tengah kali...

yen aku iso nemuke(menemukan) maneh barang sing mok buwak ning tengah kali,koe bakal tak pangan...

nanging yen aku ora iso nemuke barang sing mok buwak,aku lilo dadi budak mu sak umur urip.

" krungu jin ngomong ngono,Sodron langsung buwak pancinge ning kali...

nanging JIN iso nemuke pancing mau banjur Sodron di pangan JIn.

Saiki gilirane Mukri...

Mukri buwak semp*k kesayangane ning kali...

nanging jin iso nemuke banjur mukri di pangan jin.

Saiki gilirane Sardot...

Amergo saking panik lan wedi (takut) di pangan JIN,

sardot langsung jupuk botol Aqua lan bukak tutup botol aqua mau banjur nyuntak isi aqua mau ning kali,

"Modyaaar koe JIN...goleki mono,opo sing tak buwak ning tengah kali mau...

saiki koe sing dadi budakku!!!"

Hahahaha...

Jin: Aku kapok ahh tebak-tebakan karo manungso, aku arep pensiun dadi jin????!




LIHAT DI FACEBOOK

Tidak ada komentar:

Posting Komentar