Rabu, 10 April 2013

SODRON KENO PENYAKIT

..
Isuk mruput Sodron moro ning omahe Sardot karo wajah sing melas lan panik

Sodron: (Dhook..dhook...dhook...)Dot...Dot...wis tangi durung Dot...

Sardot sing nembe enak enak isih merem kaget nganti tibo seko amben

Sardot: Sopo iku...

Sodron: aku Dot,Sodron...bukak lawange Dot...iki penting...

Sardot langsung mbukak lawang omah karo mripat isih ngantuk

Sardot: piye enek opo Dron...opo kowe mari di perkosa...opo kowe kelangan cempe...opo kowe...

Sodron: (motong omongan) ora Dot....aku mrene isuk mruput butuhe ameh nyilih dwit...Mukri anak ku awake mendadak panas...aku khawatir...aku ameh mriksake ning PUSKESMAS

Sardot: oalaaah Dron...pancen kowe kuwi konco ora pangerten...yen pas seneng lali karo aku,nanging yen pas susah nembe kelingan aku...

Sodron: tapi Dot...

Sardot: kok Mukri anak mu awake iso panas piye critane...

Sodron: ngene Dot...wingi sore aku,Paijem,lan Mukri anak ku mari piknik seko laut...terus ning laut anak ku renang ning laut nganti ora kenal wektu...njuk bengine isih ora nopo nopo,lha kok iki ujug ujug awake panas...

Sardot: kuwi durung sepiro Dron...wingi Markonah anak ku ugo mari piknik seko laut,ning laut dhewe'e ugo renang...mulih tekan omah ujug ujug kok awake Markonah gatel kabeh...

Sodron: banjur piye Dot anak mu...

Sardot: langsung tak tambake ning KLINIK TONG PES...tekan kono di prikso...njuk aku kaget mergo moco kasil tes medise Dron...

Sodron: lhoh...memang Markonah anak mu di vonis loro(sakit) opo Dot,kok kowe nganti kaget...gatel gatel di tambani salep utowo wedhak lak yo sehat dhewe...

Sardot: iyo Dron.. nanging iki penyakite bedho meneh...jare Dokter,iki jenis penyakit anyar lan durung enek tambane...

Sodron: memange jeneng penyakite opo Dot...

Sardot: jeneng penyakite "LITTLE BONSIR" Dron..hiks...hiks...

Sodron: HAH,iku maksute opo Dot...kok aku ugo nembe krungu

Sardot: iku maksute...

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"SIL*T GATEL KELEBON PASIR"

Sodron: (nggeblak mburi)
SHARE KE FACEBOOK

Tidak ada komentar:

Posting Komentar