Sabtu, 06 April 2013

NASIP KU

Critane Sardot nembe omong omong karo Juminten ibune

Sardot : mbok..miturute
simbok,padhos garwa
niku sae ingkang lemu
ladhos Paijem nopo
cungkring kadhos
Markonah...axixixi
Juminten : Tipis le...
Sardot : maksutipun
ingkang cungkring
mbok...?
Juminten : tipis harapan
mu iso entuk bojo mergo
faktor rupo le...
Sardot :
hiks...hiks...simbok kok
sanjang ngoten...kulo kan
ugo keturunane simbok
kaliyan
bapak....memange bapak
kaleh Ariel NOAH bagus
sinten mbok...
Juminten : podho le...
Sardot : podho baguse
ngoten mbok...?
Juminten : podho sempal
lan ajure koyok kowe
le...mulo mbiyen simbok
rabi karo bapak mu ugo
kpekso
Sardot : simbok kok
sanjang ngoten...terus
pas jaman semonten
pripun.critane simbok
saget kenal kaleh
bapak...?
Juminten : kenal ning mall
le...
Sardot : mesti romantis
nggih mbok...kados ting
tipi tipi ngoten...axixixi
Juminten : romantis
dengkul mu mlocot
seprapat le...mbiyen iku
bapak mu jukir mall lan
simbok cleaning servise
mall...mulo saiki awak mu
ngungkuli garan pel
Sardot : hehew...ampun
ngoten lah
mbok...eeee...ngomong
omong dening ngopo
nggeh mbok,nasib kulo
sial kadhos rupo kulo...
Juminten : wes le...ojo di
tangisi...
Sardot : tapi mbok,kulo
kan isin...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Juminten : Krompyaaang..
(mbanting piring) MOK
KIRO AKU ORA ISIN,DUWE
ANAK KOYOK KOWE...WES
MENENG,ORA USAH
CRIWIS !!!
Sardot : hiks...hiks...jebul
simbok mboten sayang
kaleh
kulo...huuaa...huuaaa...
Juminten : (nyikep Sardot)
Simbok sayang karo kowe
le...
Sardot : tapi kok simbok
malah nesu nesu ngantos
mbantingi piring...?
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Juminten :
MAKSUTE,SAYANG KOK
NASIBE SIMBOK KERONTO
RONTO KOYOK NGENE
LE...WES DUWE BOJO
MLARAT KOYOK BAPAK
MU,DI TAMBAHI DUWE
ANAK ELEK KOYOK KOWE




DI KIRIM KE  facebook

Tidak ada komentar:

Posting Komentar