Jumat, 19 April 2013

juminten ulang tahun

Dino iki juminten ulang taon kaping 17 taon (pemberitauan pesbook)

Amergo sardot iku pacar sing pangerten,mulo sardot moro ning omahe jumin ten

JUMINTEN: Eh ayank SARDOT...xixixi ( karo ngambung tangane sardott)

SARDOT: Iyo ayank....(jungkatan)

JUMINTEN : Pinarak mas...ameh goleki sopo...? (kedep kedep)

SARDOT: Aku goleki ..BAPAK IBU MU.....

JUMINTEN: MAS....!!!! (mewek)

SARDOT: Wes ngerti saben aku mrene kan goleki kowe...pacar ku sing ayu dhewe ngungkuli Aura Kasih (muntah kicot)

JUMINTEN: Aaahhh....mas sardot iso wae gombale....(nyeblake poni)

SARDOT: yank...dino iki kan ulang taon mu...

JUMINTEN: Iyo mas....(pesbukan)

SARDOT : Mumpung Bapak ibu mu ora ning omah,aku pingen....

JUMINTEN : Massss...(merem­ monyongke lambe)

SARDOT: Aku pingen...MENEHI KADO IKI YANK

JUMINTEN : (nggeblak njuk tangi) Mesti isine karet gelang meneh yo mas...koyok jaman ulang taon ku dhisik...hikz hikz...

SARDOT : Ojo seneng ngungkit masa lalu yank...dhisik iku aku isih mlarat,mampune mung nukoke kowe karet gelang...nyoh saiki tak tukoke GELANG EMAS 24 KARAT yank...wujud tresnaku marang kowe

JUMINTEN : Ahihihiiii...ayank pancen pacar pangerten.....
( juminten nyikep sardot njuk *sebagian teks di pangan codot* )

SARDOT : (ngelapi lambe lan mbenake slerekan)

JUMINTEN : Emmmm....ngomong ngomong regane GELANG 24 KARAT iki mesti atusan ewu yo mas...

SARDOT : Ora yank.....(kukur sirah)

JUMINTEN : Mesti muni jut jutan yo mas...

SARDOT: Ora yank..(ngombe bodr*x)

JUMINTEN: Terus regane piro mas...

SARDOT : GELANG 24 KARAT iku regane...

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.
.

5 SAMPEK 7 TAON PENJARA AYANK

JUMINTEN : MASSSSS...!!!
(nangis karo gulung komeng sampek semapot 7 jam)


lihat postingan di facebook SARDOT.COM

Tidak ada komentar:

Posting Komentar