Sabtu, 06 April 2013

UJI NYALI

Langsung wae lur disimak critane... Critane iki sardot jadi peserta uji nyali lur neng acara tipi,,opo wie jenenge lali aku.. Oiy,lainnya dunia... Xixixiixiii Singkat crito, pembawa acarane seng jenenge sodron.. Sodron banjur nakoki sardot seng dadi peserta Sodron: pye mas sampun siap dereng.. ??? Sardot:sampun siap lahir batin mas (karo mesem cecek).. Sodron:tenan mas..(jek rodo gak prcoyo nyawang rupane sardot).. Sardot: sido ra iki mas,nek rasido tak muleh wae aku,tak kelon karo bojoku..*nyengir wedos* Sodron: oke mas,yen ngono tk dudohno peraturane... Sardot : opo peraturane mas?? Sodron : iki wes di sediani perbakalan, pangano nek koe ngko ngeleh.... Sardot : siappp mas !!! Sodron : ki yo ono lilin,untalen nak koe doyan... *ngguyu ngece* Sardot:your lambe gak tau d rubung semut piye mas, ngomong kok njeplak wae (karo emosi ).. Sido di mulai ora iki..??? Sodron: ngapunten mas,, cuman guyon ,, yowes, mengko nek ra kuat lambaikan bibir yo mas.. Sardot: opo mas, Jek di baleni....??? Sodron:eh....sori mas, lambaikan tangan maksute... Wuehehehe *ngguyu jaran* Sardot: okey.. Wes ndang Lungono ,ndang di pateni lampune.... (karo peteta petete)... Singkat crito,sardot wes mulai uji nyali,, Peteng lur... Sardot: ono sworo ah ih ah ih neng sebelah kono, kyoke lagi ono seng agi icik icik ehem (karo mangani jajan)... tpi koyok'e.... *ngguyu mrongos* Akhire pas sekitar jam 02.43 lur,sardot ngerti bayangan neng ngarepe, ketok jelas bayangane... saking wedine, sardot moco ayat"al qur'an ra ketang dungo mangan lur seng di woco.... Wuehehehe Sak teruse sardot lewat panggon mau eneh.. sardot kaget ngasi nggeblak ngerti bayangan neng ngarepe., tapi tangi meneh .... Sardot seng wes ora kuat,, langsung melambaikan tangan.... Sardot:woooy... . wedi aku, parani...(karo ambekane menggos menggos).. Akhire sodron lan krune marani sardot... Sodron: tenang mas,,,tenang ,,, (karo nyodorke banyu aki neng sardot).... Sardot : woyy mas !!! Iki banyu aki... Kok mbok wenehi aku??? Sodron : xixixiii.. Salah jipuk mas... *karo wenehi banyu putih* Ono opo mau mas,,ono kejadian opo,,, koe weroh opo...(karo penasaran) Sardot: mau aku ngerti penampakan mas *karo ngombe banyu putih sak botol-botol'e* Sodron:neng sebelah ngendi mas...(tambah penasaran)... Sardot: neng kono mas ,neng nggon seng peteng iku (karo ngelapi kringete wes ambune ngalahi abab kebo)... Sodron: neng nggon kae mas...??? Sardot : Iyo mas... *keweden* Sodron : sampean mau ngerti sosok koyok opo bentuk'e.... Sardot: aku reti bayangan Ireng,, Gedi rambute rewok-rewok Sodron lan sardot langsung marani panggonan mau seng ono penampakan'e... Sodron mlaku ndisek, neng mburine sardot nyusul... Sardot : lha kae mas,,, iku bener... Neng panggon kui... Sodron : neng kene mas *Karo nuding* Sardot : iyo mas !!! Sodron : mas iku kan... . . . . . . . . . . Sardot : iku opo mas?? *ijeg keweden* . . . . . . . . . . . . . Sodron : iku . . . . . . . . . . . Sardot : *siap-siap salto* . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Sodron : IKU KOE GOBL*K, IKU KOE LAGI NGOCO.......IKU RAIMU DEWE DODOL... *Karo Nuding Koco (cermin)* Sardot : *Mlayu karo nguntal kamera infra merah*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar