Kamis, 23 Januari 2014

WERENGE DESO

Sardot karo Sodron ki bocah
paling nakal sak deso.

Wong 2 kuwi gaweane mung maling wae..opo wae barang-e warga kerep dimalingbocah
kuwi,

Sakwijining dino Sardot karo Sodron beraksi awan-awan nyolong jeruk neng kebon.

Karang wez profesional, acara kuwi sukses tenan,oleh jeruk setengah karung.

Wes rampung olihe nyolong,wong 2 kuwi mlayu banter selak konangan warga, neng arah kuburan..

Tekan kuburan, pas arep mlebu GERBANG KUBURAN,ndilalah Sardot kesandung JERUK-e tibo ngglundung
2 iji.. Tapi ditinggal wae perlune arak cepet cepet ngumpet neng kijing..

Kiro2 wis aman,Sardot karo Sodron mulai bagi hasil..
.
.
.
"aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji.."
.
.
.
ngono terus ngasi ora sadar ono wong mabuk jenenge Mukri,lewat ngarep kuburan,banjur mandeg karo gliyengan

Amargo krungu suoro aneh
seko njero kuburan..
.
.
.
"aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..."
.
.
.
Kaget campur mumet,Mukri lungo ngundang kyai cedhak kono lan ngrungokke tenanan suara mau..
.
.
"Aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..."

Pak kyai karo Mukri nglindik neng GERBANG KUBURAN ..

Mukri banjur ngomong karo pak kyai

"nopo niku suoro iblis kalih Malaikat lagi itung2an nyowo menungso pak kyai.?

"mbuh aku dewe ora begitu paham"
jawabe pak kyai

Ora suwe ono siji suoro seko njero kuburan..

"iki wes rampung kabeh ..saiki sing cacahe 2(loro) neng GERBANG KUBURAN kae arak dijupuk sopo?kowe opo aku??"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"WAAAAAAAA!!"
(Saknaliko Mukri karo Pak Kyai
mlumpat mlayu keponthal-ponthal..)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar