Kamis, 23 Januari 2014

DUWE KUCING

Juminten ki nduwe kucing
kesayangan...Pokoke pas neng
omah,Kucing kuwi ora bakal ucul seko Juminten...nempeeeell wae koyok prangko

Pas wektu iku CRITane sardot apel neng omahe juminten..

Sardot : "enake jagongan nek teras wae po jum?men iso bebas..hohoho (ngguyu jahat)"

Juminten : "ayo mas..tapi kucingku melu yo? xixixi.."

Sardot : "asal uduk bapakmu sing melu wae jum..huwakakaa (ngguyu iblis)"

Saknaliko Sardot karo juminten njagong neng teras..sing rodo peteng..

Sardot : "dek jum..kok bengi iki kowe katon ayu tenan... (karo ameh nyekel tangane juminten)"

Saknaliko kucinge juminten
nesu..langsung nyakar tangane
sardot..

MEEAAAAWWW!!!!

Sardot : "HALAHIYUNG..!! Kucingmu nyakar aku iki jum??"

Juminten : "xixixi.. Kapok! salahe tanganmu nakal mas..xixixi"

Sardot : "ooh.. ngono tow? Hehehe...aku ora wedi.. Mosok aku kalah karo kewan.. Nganu jum..Rambutmu kok wangi sih? Nembe keramas pow? (karo tangane ameh
ngrangkul juminten)"

Kucinge weruh.. Langsung wae..

MEEAAAAWWW!!!!

Sardot : "J*NCOK! NYAKAR MANEH JUM !!"

Juminten : "xixixixi.. kandhani
satpamku galak kok ngeyel tow mas..xixixi"

Sardot kesuh karo mikir,kepiye carane men kucing kuwi ora ngganggu dekne maneh...

Juminten : "eh aku lali..tak
gawekke wedang sek yo
mas..tulung kucing iki cekelno
ndisik.."

Sardot (mesem licik) : "oke
jum..endi kene kucingmu tak
pangkune..aku ki asline yo seneng karo kucing kok.. Hehehehe.."

Saksuwene juminten lungo neng mburi,. Sardot ngomong karo kucing kuwi..

Sardot : "cing.. Tak ajak kerjasama gelem ora? Nek umpomo bengi iki kowe ora ngganggu aku,.sesuk tak
gawakke pindang karo gereh..
piye.. gelem ora?"

Trus Kucinge manthuk-manthuk sajak gelem karo manja ndusel neng pangkuane sardot sing
rumongso menang..hahaha

Ora suwe juminten teko..

Juminten : "iki mas diombe
wedange.. Mumpung anget.."

Sardot : "ora ono sing luwih anget seko..... (karo nyosor ameh ngambung juminten)"

Tapi.....
.
.
.
.
.
MEEAAAAWWW!!!!

MEEAAAAWWW!!!!

MEEAAAAWWW!!!!

MEEAAAAWWW!!!!

MEEAAAAWWW!!!!
.
.
.
Sardot : "HWADAAWW...BAJINGSUT!! KUCING SETAAAANN!!.. RAIKU AJUUUR..
HWADUH GUSTI....PARINGONO RUPO ANYAR MIRIP ARIEL!!"

Juminten : "mas sardoott!! Kowe ora popo mas?? Lho raimu getih tok mas..aduh.. Sek diluk tak jupukno obat merah mas!!"

Saksuwene juminten mlayu
memburi,. sardot misuh-misuh karo kucinge mau..

Sardot : "wooiiiy kewan edan.. !!!Nopo kowe iseh nyakar aku hah..??"

Kucinge mlaku santai nyedhaki
sardot trus ngomong alon.....

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

....aku ora percoyo karo CANGKEM BOYO..!!!"

#sardot kejet kejet

════════════════════════════

Tidak ada komentar:

Posting Komentar