Kamis, 23 Januari 2014

PERAWAT RUMAH SAKIT

Bengi iku Sardot lan Juminten ditugasne bareng dadi perawat jaga neng Rumah Sakit Waras Ora Mari

Nanging kesempatan iku malah digunakne kanggo pacaran.

Sardot : dik jum...(nyisir untu)

Juminten : injeh mas..

Sardot : tumben bengi iki
sepi,,pasien gak ono sing
rewel...pasien sing arep rawat neng kene yo gak ono..

Juminten : kan malah penak gak ono sing ganggu mas..xixixi (njawil untune Sardot)

Sardot : (ngelus2 tangane juminten) dik..mumpung lagi sepi..aku pengeen...

Juminten : pengen nopo mas...(mripate kedip2)

Sardot : aku pengen CIPIKA CIPIKI dik...mueheheee..(modus)

Juminten : aah..mas Adot..pinter banget golek kesempatan...

Sardot : ayolah dik...mumpung sepi,,,(karo sikatan)

Juminten : tapi ping pisan wae yo mas...isin mengko yen dikonangi member kene..

Sardot : oke dik...

Tanpo nunggu suwe,Sardot langsung siap2 nyosor..
.Nanging pas ameh ngambung pipine Juminten...ono wong sing bengok2..

"Perawat..perawat...Tulung bapak kulo perawat..!!!"

Saknaliko juminten langsung ngadeg trus marani wong iku

Sardot sing wes kebacut siap nyosor dadi bablas tibo,lambene nyosor kursi..

Juminten : wonten nopo pak..

"tulung bapak kulo niki
suster..hik..hiks.."

Juminten : mas Sardot..ono pasien anyar..ayo ndang ditangani mas...

Sardot : iyo dik jum..(karo ngelus2 lambene sing nyonyor)

Saknaliko Sardot karo Juminten gowo pasien iku neng ruang UGD..

Juminten : waduh mas..pasien iki wes parah keadaane..(panik)

Sardot : tenang jum..

Juminten : napase pasien iki kok tersenggal-senggal koyo ngene mas...piye iki?? (tambah panik)

Sardot : tenangno pikirmu
jum...saiki jupukno tabung oksigen sak perlengkapane...cepet jum..

Juminten langsung mlayu njupuk tabung oksigen sak perlengkapane..

Juminten : mas..mas..gawat mas..

Sardot : ono opo Jum??

Juminten : stock tabung oksigen sing isi wes entek..trus piye mas..padahal
pasien iki butuh oksigen??

Sardot : (mikir sedelo)...ngene wae jum..kowe ngundang dokter Sodron
neng kantor dikon mrene..sementara aku sing nangani pasiene..

Juminten : tapi mas..

Sardot : wes to..percoyo
aku..pengalamanku dadi asisten dokter hewan 2 tahun karo dadi asisten dukun bayi,,cukup iso kanggo aku kerjo profesional..

Akhire Juminten budal neng kantor,ngundang dokter Sodron..

Singkat crito Juminten wes
mbalik karo dokter Sodron..

Sodron : lhooh dot..Jare ono pasien sing napase tersenggal2..kowe kok
malah nang luar ruangan UGD..??

Sardot : pasiene sampun kulo tangani pak..

Sodron : trus keadaane saiki piye??

Sardot : saiki pasiene sampun tenang pak..

Sodron : hebat kowe saiki dot...ra rugi aku bagi ilmu kesehatan neng kowe...Emange pasiene mok
tangani piye kok iso tenang??

Sardot : namung kulo akali pak..

Sodron : mbok akali piye..???

Sardot : ..........
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
MERGO STOCK TABUNG OKSIGEN ENTEK..KULO GANTI NGANGGO TABUNG GAS ELPIJI 3 KILO...LAN IKU JEBUL ISO CUKUP NGGAWE PASIEN TENANG.

#Juminten sing krungu langsung semaput..

Sodron : hebat...penemuanmu dot...memang iku iso gawe pasien dadi tenang...TAPI...

Sardot : tapi nopo dok...

Sodron : ...........
.
.
.
.
.
TAPI TENANG SAK LAWASE...MINGGAT SEKO RUMAH SAKIT KENE !!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar