Kamis, 23 Januari 2014

GILIRAN RONDA

Bengi iku 2 pemuda koplak,Sardot karo Sodrun oleh giliran Ronda..

Padahal wong 2
kuwi terkenal wedi-an,.

Jam 00.00 ,karo males-malesan,w ong 2
kuwi menyat mlaku keliling deso..pas lewat
ngarep omahe pak lurah,ono suoro aneh
neng nduwur omah..

Sardot : "drun,.kae suoro opo yo? Jal kok
cek,.aku wedi.."

Banjur Sodrun nyedak trus
mbengok,"wooii. .. kuwi Uwong opo
kucing??"

Ono suoro nyauri,"kuciiin g.."

Sodrun : "oh mung kucing dot.."

Sardot : "yo wes ayo mlaku maneh.."

Wong 2 kuwi mlaku maneh..pas lewat
ngarep omahe Juminten si janda kembang
sing urip dewekan,.ono suoro aneh maneh..

"uuh..mpphh..aa ah..aaah.."

Sardot langsung mbengok,"wooi!! Ngopo
kowe juum??"

Seko njero omah ono suoro wong lanang
nyauri,"o..ol.. olah..raga..mas .."

Sardot : "juminten gek olahraga drun.."

Sodrun : "tapi kok suarane wong lanang
dot?"

Sardot : "halah.. Paling yo instrukture..ay o
mlaku maneh drun!"

Mlaku ora suwe,tibo wayahe wong 2 kuwi,
gelem ra gelem, kudu nglewati KUBURAN..

Pas lewat ngarep kuburan,Sardot karo
Sodrun kaget ngasi kepuyuh-puyuh weruh
CEWEK neng njero kuburan!

Cewek kuwi lagi mbungkuk karo thingak-
thinguk sajake golek barang ilang neng
jejer nisan..

Sardot : "ja..jajal di..ditakoni drun.."

Sodrun : "we..wegah dot...a..aku we..wedi
tenan.."

Akhire Sardot ngalah..njuk mlaku nyedhaki
cewek kuwi,.

Sardot : "sam..sampeyan bengi-bengi neng
kub..kuburan go..golek opo mbak??"

Cewek : "golek taliku mas.."
(Sardot mulai ngompol)

Sardot : "ta..tali poc..pocong yo mbak?"

Cewek : "uduk mas..tali BH kok.."
(Sardot lego..)
.
.
.
.
.
.
.
.
Cewek : "..nek tali karo kain pocongku tak sampirke neng uwit kae mas.."

WAAAAAAAAAAAAAA AAAAAAA
*Sardot karo Sodrun salto sek njuk semaput bareng..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar