Kamis, 23 Januari 2014

dadi murid sekolah SLB Bina Satwa.



Juminten : saiki kan usum rendeng.. Lha.. ibu pengen murid-muridku gawe crito bab UDAN.. mulai seko sodron.. Ayo dron..

Sodron : ehem.. Tes.. Tes.. 1..2..3..

Juminten : rasah kesuen dron! Iki uduk mushola!! Huh!! (karo mbanting lemari)

Sodron : si..siap bu!! Emm.. UDAN.. Nek bendino udan terus iso marai banjir.. Nek bendino banjir aku ngguyu ngakak..

Juminten : lho.. Kok iso ngakak??

Sodron : soale..
.
.
.
.
.
...aku ra perlu sekolah!! Muahaha!!

*juminten salto memburi

Juminten : sesuk Kowe pindah sekolah liyo yo dron?

Sodron : suwun bu.. (karo tepuk tangan dewe)

Juminten : saiki gilirane mukri.. Ayo kri !!

Mukri : iyo bu.. UDAN.. aben usum udan, aku lan keluargaku bendino yen mangan dadi luwih enak..

Juminten : bener kuwi kri.. Pancen nek udan ki hawane enak kanggo mangan, xixixi.. bener ngono to kri?

Mukri : uduk kuwi bu..

Juminten : lho.. Lha terus opo??

Mukri : mangan enak kuwi amargo..
.
.
.
.
.
.
..bapakku bakulan MANTOL bu.. Laris manis!! mangan enak terus !! Muahaha!!

*juminten ngrikiti bangku

Juminten : cukup kri.. Ibu durung pengen stroke oke? Saiki gilirane sardot.. Ayo dot!

Sardot : maturnuwun bu.. aku mung pengen ibu guru akan konco-konco kabeh ngerti yen penyebab UDAN ki uduk amargo cuaca opo maneh amargo langite sigar..

Juminten : hemm.. Menarik iki.. Jal ibu pengen krungu UDAN ki nurutmu amargo opo dot??

Sardot : sing marai UDAN ki..... jebul BAPAKKU dewe bu..

Juminten : hah?? Lha kok iso??

Sardot : ngene critane bu.. Wingi bengi pas aku durung turu...

Juminten : iyo dot..??

Sardot : aku krungu bapakku ngomong....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...rene tak UDAN-i bune.. Mumpung sardot wes turu...

..aku bener to bu??
.
.
.
*juminten langsung pensiun dadi guru

Tidak ada komentar:

Posting Komentar