Kamis, 23 Januari 2014

raine ajur kabeh

CRITane wektu iku raine Sardot ajor kabeh mari diantem'i karo uwong, terus Sardot budal nang warung'e Sodron katene ngandakno nang Sodron karo Mukri konco kenthel'e.

Banjur sardot mlebu warung'e sodron...

Sardot : "huuwa huwaa huwaaaaa..." (nangis ngereng-ngereng)

Mukri : "Kowe kenopo dot, teko-teko moro ngguyu-ngguyu dewe ngono... obatmu lali ora di ombe yo??" muahahaa (ngguyu ngece)

Sardot : "your eyes blind (motomu merem) Kri, aku nangis jare ngguyu ? (lanjut nangis maneh) huuwa huwaaa huwaaaa *soyo dibanterke nangise*

Sodron : "Loh your face iku kenek opo kok warna warni koyo lapis ngono dot..??"

Sardot : "warna warni your foot, dron... aku mari dikaplok'i uwong sak pangkalan ojek !!" hiks...hiks...hiiksss (nangis seseguk'an)

Mukri : "Ora kaget nek aku dot, mesti koe gawe masalah nang kono mau..."

Sardot : "Oralah kri, lah wong aku gak ngopo-ngopo kok..!!"

Sodron : "Lah terus koe kenopo kok sampek diantem'i ngono...??"

Sardot : "yo emboh dron... ! (karo ngusapi eluh'e)

Mukri : "Ora percoyo karo your mouth aku dot..!! palingan koe mari numpak terus mlayu ora mbayar to..??"

Sardot : *masang rai serius* your eyes kri... Aku iki wes bayar, tapi emboh kenopo kok ujug-ujug malah diantem'i rame-rame..??"

Mukri : "Iyo dot... tapine ora usah karo mbleyer lek ngomong, idumu munCRAT ki lo... yowes ayo nek ngono saiki budal nang pangkalan ojek nggonanmu mau. Ayo dhewe bales dendam karo uwong-uwong seng ngeroyok koe mau..!!" (masang rai preman pasar kliwon)

Sakwise ngono wong telu iku mau budal nang pangkalan ojek katene "revenge" nang uwong-uwong seng ngaploki Sardot.

*nang pangkalan ojek*

Mukri : *mbengok* "heeh JANC*K koncoku iki mau mari mok apakno, kok raine sampek koyok pelangi sing ngambar bocah TK ora lulus-lulus ngene..??" (masang rai sangar)

Tukang Ojek : "Mari diantem'i karo bocah-bocah, tapi aku ora melu ngantemi kok mas, ciyuuuuusss...!!"

Mukri : "Lha wong ngerti ngono kenopo ora mok pisah, haaahh..??"

Tukang Ojek : *langsung nyiut nyaline* "Aku guduk wasit kok mas, dadine yo mung tak delok thok, mumpung gratisan..." huekekekekk (ngguyu ngece)

Sodron : "Salah opo koncoku pak? lah wong bocah'e ngojek yo mbayar ngono loh..."

Tukang Ojek : "Iyo memang mbayar, tapi duwit'e kurang mas..."

Mukri : *nyeluk sardot* Doott... Sardoooott.. mreneo koe..!!

Sardot : *Seko adohan* "Ono opo Kri..?? (karo ngrikiti tebu)

Mukri : "Mreneo cepeeeeeeettt..!!! (masang rai jengkel)

Sardot : "Otewe kri... caapcuuss" (langsung mlayu marani pangkalan ojek, karo kudalumpingan)

Mukri : "Opo iyo dot, koe mau bayar ojek'e kurang duwit'e..??"

Sardot : "Ora kri, tenan kok ora kurang segelo (serupiah) blas..."

Tukang Ojek : *langsung nyauti* "Ora kurang piye mas, lah wong jelas-jelas kurang ngono kok..."

Sardot : "Kurang piye pak maksud'e..??"
.

.

.

.

.

.

.

Tukang Ojek : "Asline kan mau ongkose kabeh seket ewu, lah kenopo sampean kok mung mbayar selawe ewu thok..??"

Mukri : "Lah kenopo dot kok koe bayar mek selawe ewu thok, padahal ongkose kan seket ewu..??"

Sodron : "Hoalaaahh.. lha yo jelas wae koe diantemi'i uwong akeh dot..." ckckckkckkk (karo geleng-geleng)

Sardot : .................

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"...Lhak yo bener to tak bayar selawe ewu... lah uwonge seng mboncengke aku yo melu numpak kok, mosok aku thok sing kon mbayar...!!! (masang rai polos karo mamerke gingsule pitu)

Mukri : "Edaaaaaaaaann tenan, koe iku dot... ngisin-ngisini aku wae..!! bocah iki enak'e diapakno yo dron ? (emosi tingat sewidak pitulas)

Sodron : "Digantung monas wae kri, gawe konco poro Koruptor..!!! (melu-melu emosi)

Akhire Sardot digantung, nganti ihnilmamfus... terus mayite di semen digawe monumen patung nang ngarepe pangkalan ojek.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar