Kamis, 23 Januari 2014

NGAMUK2

Isuk isuk Juminteb wes ngamuk-ngamuk nang Sardot seng dodolan es orson.

Juminteb : Woi PANU BADAK,Gara-gara kowe lewat, anakku nanges terus. (mbanting lemari)

Sardot : Trus opo hubungane karo aku hah? (ngangkat grobak es)

Juminten : anakku nanges gara-gara pengen njajan es mu cuk!

Sardot : Loh, aku kan wong dagang es. Yen anakmu pengen yo tukokno ae. Ngono ae kok repot...opo kowe ora gablek duwet? mueheheee (ngguyu ngece)

Juminten : JANC*K, mok kiro aku isok nyetak duwek ngono ta. (mendelik)

Sardot : ngomong ae lek pelit, eman karo duwekmu....muahahaaa (ngguyu congak)

Juminten : Gak perkoro pelit, tapi...

Sardot : Tapi opo? Arep utang yo? Oh tidak bisa...huwekekeee (ngguyu puas)

Juminten : pancen rupo sempak seken wong iki. Aku gak peduli kowe dodolan es opo dodolan sempak....Tapi yen lewat kene ping pisan ae, Mosok tiap 5 menit lewat kene.

Sardot : Yo terserah aku, seng dodolan aku kok.

Juminten : Iyo emang kowe seng dodol. Tapi isok ngedol omah aku lek tiap 5 menit kowe lewat anakku nanges njalok es. Emange gak onok nggon liyane ta? Huh ! (ngrikiti piring)

Sardot : Tujuane dagang iku golek untung. La nek lewat kene aku mesti untung. Makane aku lewat kene terus.

Juminten : Golek untung yo gak popo......

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Tapi nek lewat kene mung anakmu tok seng tuku, Trus untung teko ndi? Duh Gusti paringono bojo bagus mirip Ariel Noah...pakne...pakne....Mending ngingu laler ae daripada dagang es tapi seng tuku anakmu dewe.... Stres aku dadi bojomu..... HUAAA HUAAA HUAA *nanges golong-golong*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar