Kamis, 23 Januari 2014

RAI SETAN

Bengi kuwi Sodron lagi ngapeli Markonah neng omahe.

Amargo omahe Markonah sepi, iki kesempatane sodron berduaan.

Tapine ono bocah sing jenenge sardot senengane ngincengi Sodron karo Markonah mesra mesraan seko cendelo

Sodron : dik mar.. aku kepengen nyekel tanganmu

Markonah : emange enek opo karo tanganku mas

Sodron : tangane Sampean drijine kok jempolan kabeh to dik kik...kik...karo ngelus ngelus tangane Markonah

Sardot mripate byar pet byar pet nginceng sodron karo markonah

Sodron : dik aku arep ngomong sampean oleh gak...

Markonah : yo oleh to mas ndang ngomong

Sodron : aku kepingen ngesun pipine sampean dik (karo nyosor lambene)

Markonah : ojo mas mengko ono sing ngerti piye??

Sodron : ora ora dik,kan keluargane sampean lagi lungo(karo ngelus ngelus rambute markonah)

Sardot nginceng karo ngowoh klambine teles iler

Sodron : tenan kok dik aku pengen ngesun pipimu pisan ae

Markonah : sampean opo ora ngerti kuwi durung oleh mas

Sodron :iyo aku ngerti, kan mumpung ora enek sing ngerti(karo merem merem arep ngambung markonah)

Markonah : lha nek enek sing ngerti piye mas

Sodron : iyo dik aku ngerti sak iki,nek enek wong lanang karo wong wedok lingguh jejeran berarti sing ketelu (3) iku lakyo SYETAN

Sardot : HOOOiiii . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . AKU IKI MENUNGSO UDUK SYETAN !!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar