Kamis, 23 Januari 2014

ccerita horor

Iki crito MISTERI... HOROR.. SANGAR!! Tulung sing ora kuat moco mending ojo diwoco daripada ora iso turu.. Pokoke admind ora tanggung jawab umpomo mengko mari moco dadi TRAUMA!!
.
.
.
.
.
.
Bengi kuwi jam 1 bengi, sardot lagi mlaku dewean mulih seko dolan..

Ndilalah pas malem jumat kliwon..

udan grimis tipis mudhun alon-alon..

Angine semribit kroso tekan balung..

Suoro asu podho njegog soko kadohan marai mrinding neng awak..

Trotoar sing dilewati sardot sepi koyo kuburan...

Ora ono kendaraan sing lewat ratan..

Tapi masio wedi, sardot tetep mlaku...

Pas tekan pinggiran toko sing wes tutup,.

Saknaliko... Sardot weruh... neng ngarepe ono.... CEWEK lagi lungguh dewean neng emperan toko..

Cewek kuwi nganggo klambi putih-putih..

Lungguh meneng karo ndingkluk.. Separo rambute nutupi raine..

Amargo penasaran, sardot nyedhaki cewek kuwi, anggep wae jenenge juminten..

Sardot : Sampeyan ngopo bengi-bengi dewean neng kono mbak?

Juminten : a..aku bar ketabrak lari mas.. Hiks.. Hiks..

Sardot : aduh!! Melas temen mbak?? Trus sampeyan luka-luka pora?

Juminten : a..aku ora popo mas.. Tapi...

Sardot : ta..tapi opo mbak??

Juminten : iki.. GULU-ku rasane rodo sakit mas.. Hiks.. Hiks..

Sardot : duh gusti.. Mending sampeyan saiki tak terke neng kantor polisi wae mbak..

Juminten : ta..tapi mas..?

Sardot : wes rasah tapi-tapian.. (karo ngrewangi juminten tangi)

Trus wong 2 kuwi mlaku bareng alon-alon... Sardot mlaku neng ngarep, juminten ngetutke neng mburine..

Sardot : aslimu endi mbak?? (madep mengarep)

Juminten : (meneng)

Sardot : ditakoni kok meneng wae to mbak? (isih madep mengarep)

Juminten : maas...

Sardot : ono opo mbak? (mandeg)

Juminten : tu..tulungi a..aku mas.... Aduuuh...

Saknaliko sardot nengok memburi lan KAGET amargo weruh juminten..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
... GARI SIRAHE TOK NENG TENGAH TROTOAR!!!!!!
.
.
Sardot : HUAAAAAAA!!! SETAAAAAAAN!!! (karo mlayu kepuyuh-puyuh)

Juminten sing ditinggal mlayu sardot mung nangis karo mbatin...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...bar ketabrak saiki KECEMPLUNG GOT, dianggep setan sisan.. duh gusti paringono noah sak ariel-e.. Hiks.. Hiks..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar