Kamis, 23 Januari 2014

kado istimewa

Esuk mau sardot lan juminten podo jagongan

Sardot : "piye dik jum sak suwine urip bebrayan karo aku?"

Juminten : "wah rekoso terus ora tau ono penak'e. cobo biyen lamarane sodron tak tompo mestine uripku wis mulyo lan wis di celuk bu lurah..."

Sardot : "lambemu ojo waton ngomong tow dik jum..?"

Juminten : "Iyo yo den bagus, sing bagus dewe sak alas mburi omah... ekh mas sardot, aku mau bengi ngimpi mbok tukokke kalung lho.. opo kowe ngerti artine..??"

Sardot : "Kowe nyindir aku yo.. pehne sak suwene dadi bojoku ora tau tak tukokne kalung emas trimo tak wenehi gelang karet bekas sego bungkus..?"

Juminten : "Ora ngono mas adot.. aku ngomong sak benere kok".

Sardot meneng sedelo banjur lungo mangkat mergawe

Bengine sardot gowo kotak hadiah sing di bungkus kertas kado.

Sardot : "Nyoh dik jum, aku gowo hadiah kanggo kowe".

Juminten sing diwenehi hadiah kado banjur bungah lan ngambungi sardot

Juminten : "Sampean bojo pangerten mas sardot.. aku seneng banget.. wah impenku mau bengi dadi kenyataan".

Juminten langsung bukak kadone. Nanging juminten kaget amargo kado kui isine.....

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"BUKU PRIMBON JAWA DAN ARTI ARTI MIMPI"

Juminten langsung semaput pitong dino pitong mbengi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar