Sabtu, 08 Juni 2013

udan bledheg

"JEDUAAAAAARRRRR...!!!! "( Suoro BLEDHEK nyamber ngiringi udan sing bengi iku derese ora umum)

Wektu wes jam 10 bengi,,suasanane wes sepi mergo udan..nanging ing tengah cuaca sing medeni iku ono wong moro neng omahe Juminten...

" Tok...tok...tok...Kulo nuwun..."

Juminten : monggo...(karo mbukak lawang)...LHOOOH SAMPEAN TO MAS?? (kaget)

Sardot : iyooo...dik..iii...kiii....akuuuu.....(karo kademen sampek ngewel/menggigil)

Juminten : arep ngopo sampean bengi2 kok nekat udan2an tanpo mantel mas??? iki wes bengi yen arep apel mas??

Sardot : dik Jum....aku ora arep apel dik...nanging bengi iki aku mung pengen ngucapne "SELAMAT HARI ULANG TAHUN "...AKU GAK ISO MENEHI OPO2 KAJOBO DOA...

Juminten : (meneng wae)

Sardot : aku gak pengen kelangan momen iki,,,mulo iku aku nekat mrene dik...oiyo...iki ono sekedar tanda tali asih soko aku dik...(karo menehi kado)

* Juminten nyawang Sardot karo mripate arep neteske luh..ujug-ujug.............

"BRUAAAAAAKKKKKKKK..." (Juminten banting kado)

Sardot : (kaget)....ono opo kok mbok banting??? opo kowe isih nesu goro2 salah paham seminggu kepungkur kae???

Juminten : (meneng wae)

Sardot : pancen kado iku ra larang regane...tapi kowe perlu ngerti kepiye perjuanganku oleh kado iki..

Juminten : (nyawang Sardot)

Sardot : Tak rewangi nuntun sepeda motorku sampek 1 km mergo bensinku entek pas neng alas karet kae...

Juminten : (ndingkluk)

Sardot : lebare kejadian bensinku entek...ban motorku bocor,gelem ra gelem aku nuntun motor maneh sampek stengah jam golek'i tukang tambal ban...

Juminten : Maass..(ngelapi luh sing dleweran neng pipi)

Sardot : tak rewangi rebutan...gelut lan adu jotos karo wong liyo mergo kado iki gari siji thok sebab wong iku yo pengen tuku kado iki...

Juminten : uwes Maassss...(nangis mingsek2)

Sardot : tak rewangi udan-udanan nganter kado iki neng omahmu...sampek teles kebes koyo ngene...

Juminten : cukuup Maass..huaaaa...

Sardot : aku ra peduli..aku ikhlas nglakoni kabeh mau,sebab aku pengen ing dino ULTAH-mu iki kowe seneng dik..

Juminten : uweess maass...uweess...aku wes ra kuat sing ngrungokne...huaaaaaa...(nangis banter)

Sardot : (nyawang Juminten)

Juminten : aku wes koyo gak iso ngomong maneh krungu critamu mas...Tapi iki kudu tak omongke neng sampean,,hiks...hiks

Sardot : aku wes paham dik...ngomongo alon2 dik..

Juminten : aku pengen ngomong............
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

........YEN ULANG TAHUNKU WES KELEWAT SEMINGGU KEPUNGKUR MAS...TRUS AREP KANGGO OPO KADO IKI???? HAAAAH...STRESSS AKU YEN NGENE TERUSS..

#Sardot langsung tibo jempalik trus turu neng latar ngarep2 disamber bledhek...

facebook.com/sardotcs

Tidak ada komentar:

Posting Komentar