Sabtu, 08 Juni 2013

dilantas POLDA

Dino minggu Sardot mancal Satr*a FU nuju ing alun alun ngumbah mripat

Dirung sampek tekan alun alun,ning dalan enek razia polisi

Polisi: "Sugeng siang pak, endi SIM utowo STNK'mu...?

Sardot: "Aduh...kulo mboten mbeto Pak.."

Polisi: "Mok kiro iki dalane buyut mu...numpak motor ora nggowo surat surat

Sardot: "tapi Pak..."

Polisi: "Wes ora tapu tapian...kowe ameh nyogok aku...ora iso !!!"

*Mari ngono Polisi nggawe surat tilang

Sardot: "Ampun pak... kulo ampun di tilang...kulo tak telpon Sodron rencang kulo,piyambake nyambut damel ing DITLANTAS POLDA...tenggo riyen pak...

*Goro-goro Sardot muni koyo ngono, pak polisi malih wedi..

Polisi: "Bener kuwi koncomu sing kerjo ning DITLANTAS POLDA?"

Sardot: "leres pak...menawi bapak mboten percoyo,niki kulo paringi nomer hp'ne...bapak telpon mawon piyambake..."

*Sardot menehi suwek'an kertas sing ono tulisane nomer HP'ne Sodron

Polisi: "Yo wes ngalio nek ngunu..."
Jare polisi karo keweden...

Sardot: "Matur Suwun Pak"

Ora suwi mari ngono Pak Polisi penasaran banjur nelpon nomer HP sing ning kertas.

Polisi: "Sugeng siang,opo bener iki saudara Sodron sing kerjo ning DITLANTAS POLDA?"

Sodron: "Benar, pak ..!"

Polisi: “Koe kenal karo saudara Sardot..?"

Sodron: "Iyo kenalah kanca kenthel ku...ono opo pak?"

Polisi: Ora opo-opo kok,mung takon...
Hmmmm... Yen oleh ngerti,
sampeyan kerjo ning DITLANTAS POLDA bagian opo yo pak?

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Sodron : "Iki aku bagian resik-resik pak..."

.

.

.

.

.

"Iki aku lagi ngresik'i WC."
Arep kok ewangi nopo pripun pak?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar