Sabtu, 08 Juni 2013

ojo boros-boros

Bapake Sardot kuwi lumayan criwis.

Bengi kuwi Sardot diomongi bapake.

Sodron: le,nyetel radio ojo banter banter le...boros battre

Sardot : iyo pak.
**Sardot mateni radione,terus ning dapur mangan.

Sodron: le,mangane sitik wae le,beras regane larang...boros beras

Sardot: iyo pak...
**Sardot langsung gak nafsu mangan,terus metu sedelok ning teras omahe.

Sodron: le,ojo suwe suwe ning njobo omah,masuk angin mengko...boros obat

**Sardot ngelus dodo,terus mlebu kamar.

Amargo hawane panas,Sardot nguripke kipas angin.

Sodron: le,ojo suwe suwe nguripke kipas angin,bayar listrike mengko larang...boros listrik

Sardot: iyo iyo pak.! (mulai
gregeten)

Sodron: le,awake bapak gatel kabeh,tulung tukokne obat nyamuk ning warung.

Sardot: yo lah pak,..
**Sardot terus mangkat ning warung,selot sedelok wis tekan omahe maneh.

Sodro.: le,wes muleh soko warung le...tulung bapak mu iki gawekne kopi
ning pawon...ora usah legi legi,boros gulo...

Sardot: yo pak...(Rewel ae)
**selot sedelok Sardot gowo wedang kopi,diwehke Sodron bapake.

Sodron: #sruTupPpPp....AHhh tumben seger le wedang gawenanmu.?

Sardot: ah,mosok pak?

Sodron: iyo le...,lho obat nyamuk sing tuku kowe soko warung nengndi?

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Sardot: wis tak campur ning wedang kopine bapak,ben ora kakean cangk*m maneh...urip suwi suwi boros nyowo!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar