Sabtu, 08 Juni 2013

tawuran

Awan iku neng SMA ORA NEGRI lagi gegeran sebab Sardot ngamuk2 nantang perang Sodron..

Sardot : HOOOY...DASAR BOCAH RA DUWE TOTO KROMO...KAREPMU PIYE..?? HAAAH..!!!! (karo nggebrak mejo)

Sodron : lhooh...kowe kok wani2 ngomong kasar karo aku...emang opo salahku..??? (munggah mejo)

Sardot : isih ra ngaku salah yo?? Wes ngerti yen Juminten iku pacarku,tapi kowe wani2 kencan malam minggu karo juminten..OPO NYOWOMU WES SUMUK???

Sodron : Juminten pacarmu????? waxaxaxaxa...ngoco disik mas..rupo pating celoneh ngono kok ngaku pacare juminten.,wkwkwkwk (guyu ngece)

Sardot : mosok to rupaku ting celoneh?? (karo ngoco)..wah jebul tenan tapi....LHOOH AKU KOK MALAH MANUT OMONGANMU..!!!! KOWE DURUNG NGERTI SOPO SEJATINE AKU...

Sodron : wkwkwk...opo sing mok banggakne nang awakmu..

Sardot : WES RA USAH KAKEHAN BAC*T...AKU RA TRIMO YEN JUMINTEN MOK AJAK KENCAN...(karo ngangkat bangku)

Sodron : trus karepmu jaluk piye...arep nantang DUEL ??? oke tak layani..(karo ngangkat pak guru)

Sardot : Jaluk diuncali kepala sekolah tenan bocah iki...AYO DUEL SAIKI....!!!! (karo ngangkat kepala sekolah siap2 diuncalke)

Sodron : YEN PANCEN PENGEN PERANG..OJO SAIKI..SEBAB WEKTUNE TERBATAS..

Sardot : trus jalukmu piye haah...

Sodron : Mengko yen wes muleh sekolah...

Sardot : oke..

*Sakwise mulih sekolah..

Sardot : Wooi...ayo saiki yen kowe lanang,,duel karo aku..(gowo golok)

Sodron : ing kene tempate ora ombo..Ojo nang kene...mending nang lapangan etan desoku kae,iso bebas sing perang...wani ora??

Sardot : lapangan cedak desomu sempit..isih ombo lapangan ing desoku.. mending perange nang lapangan desoku wae..

Sodron : ora iso..tetep isih ombo lapangan nang desoku..

Sardot : Wah ngeyel tenan bocah iki...WOOI RASAH KAKEHAN OMONG...AYO NDANG DIBUKTEKNE....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.....LAPANGANE SOPO SING LUWIH OMBO..mending ayo diukur lapangane wae yuk..

Sodron : good idea dot..tumben otakmu waras..xixixi..

Akhire wong 2 iku ngukur lapangan nganti sedino sewengi....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar