Sabtu, 08 Juni 2013

kagum

tane sodron dadi wong sugih dewe sak alas roban.. mobile akeh,omahe gedong magrong-magrong,.lan nduwe anak lanang bujang siji jenenge sardot..

sodron : dot? papi ameh ngomong karo kowe diluk.. reneo dot..

sardot : nopo pi? BMWku ameh kanggo kandang wedhus po? pas banget pi.. aku pengen ganti FERARRI.. huekekeke.. (ngguyu kuda nil)

sodron : ora dot.. tapi...

sardot : kolam renange dewe sing nomer 3 ameh dinggo ngingu lele ngunu po?

sodron : ora dot.. tapi..

sardot : helicopter sing pranti nggo ngarit rusak maneh po pi?

sodron : ora dot.. iki ngomongke awakmu..

sardot : awakku sehat kok pi..

sodron : iyo sehat.. mung ra duwe uteg.. hahaha.. maksudku ngene dot.. kowe kan bujang..?

sardot : iyo pi..

sodron : umurmu diluk neh kepala tiga.. yo ra?

sardot : iyo pi..

sodron : wes wayahmu rabi.. yo ra?

sardot : iyo pi..

sodron : kowe wes nduwe pacar durung dot?

sardot : ora ono sing gelem karo aku pi.. hiks.. hiks.. (nangis)

sodron : iyo aku paham nek rupamu...

sardot : koyo opo pi?

sodron : cemceman anak menyawak !!!! hahahaha (mrongos)

sardot : elek-elek ngene pi...

sodron : piye dot?

sardot : turun bapakne!!

sodron salto diluk trus njagong maneh..

sodron : diluk maneh ono cewek teko rene.. ameh tak jodokke karo kowe dot..jenenge juminten..

sardot : ayu ra pi? hehehe (karo melet-melet)

sodron : ayu tenan..

sardot : seksi ra pi? wkekeke (omes)

sodron : seksi pol..

sardot : wes tau rasan rung pi? hehehe (nakal)

sodron : aku mung njajal pisan.. ups.. maksudku anu.. emm.. anu.. wes lah pokoke cewek'e istimewa.. diluk neh rene dot..

ora suwe ono suoro bel muni..

TING TONG..

sodron weruh neng CCTV trus ngomong lewat speaker..

sodron : mlebu wae jum!!!!

juminten : nggeh pak.. xixixi

tekan njero omah trus wong 3 kuwi lungguh bareng neng ruang tamu..

sodron : jum kenalke.. iki sardot anakku.. ayo salaman..

juminten : aku juminten mas..

sardot : aku sardot, waaah.. nek iki aku gelem pi.. KUA endi KUA?? huekekeke (ngekek jaran)

sodron : piye pendapatmu jum?

juminten : wow.. masio rodo ireng tapi gagah...

sardot : (ngguya-ngguyu dewe)

juminten : awakke keker.. sajake kuat.. xixixi..

sardot : (mulai mancal-mancal)

juminten : mripate tajem.. xixixi

sardot : (koprol-koprol)

juminten : keren...

sardot : (push up)

juminten : pokoke kulo kagum kalih...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...PATUNG MACAN teng pojok niku pak.. xixixi..

sardot : pi?

sodron : piye dot?

sardot : gagal maning pi..

sodron : trus piye dot?

sardot : smack down wae gelem ra pi?

sodron : ayo dot..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar