Sabtu, 15 Juni 2013

panas e poooll

Critone awan iki sodron karo sardot nembe ngaret neng tegalan

  sodron: puanas yo dot (nyepot klambi)
sardot: luweh panas maneh yen kelingan mambengi (mulai mbabati suket)

sodron: emange ono opodot ?

  sardot: awakmu ngerti giron  anak'e mbah slamet kae pora ?

  sodron: seng rupane koyok garangan kae ?

sardot : iyo lah , trus awakmu kenal waginten anak'e mbok mesenah kae pora ?

  sodron: waginten ? Lha kae lak pacarmu tho ,, Seng bocah'e hola holo kae ye ? Gek pakean'e koyo ibu" ?

  sardot: iyo , tapi wingi nggawe rok mini karo tang top , gek rambut'e dikucer duwur , jan uye pokok'e

  sodron: wah , tenane ,, kemajuan pesat nuw

  sardot: kemajuan dron..., sak kelakuane yo kemajuan pol"an og (mbacok'i suket teki)

sodron : lha kok iso ?

sardot: ngerti ora dron , mosok Giron karo Waginten slinthutan neng mburi omahku dron ,, (mbacokne arep neng wit jati)

  sodron: waduh , lha kok ngunu (mbanting aret)

  sardot: aku pertamane ora ngerti dron ,, tp tak tamat" BH sg di gawe cewek kuwi kyo seng tak tukokne kangge waginten mbiyen

  sodron: wah , yo ora salah brarti

  sardot: pas aku ngerti Giron ngambung Wagintenl , aku meneng wae dron..

  sodron: beyuh , sabar temen kowe

  sardot: pas Girun nyekel tangan'e Waginten , aku yo tetep meneng wae

  sodron: waaaaah , iki (nglosoran ng lemah)

  sardot: tp pas aku ngerti tangane Giron mulah nggrayang neng dodone waginten ,,, aku spontan langsung emosi  (ngangkat aret)

  sodron: trus piye kuwi (wedi)

  sardot: aku langsung munggah gentheng dron  (ngungkal aret )

  sodron: wah , critane wong 2 kwi mbok balang gentheng ngunu ye ?

  sardot: gentheng'e ora tak balangne dron

  sodron: trus mbok kapakne ?

  sardot: gentheng'e tak emot dron

  sodron: jiahhhh (salto molak malek ) kok malah mbok emot thodot

  sardot: AKU LORO ATI DRON !!! (mbanteng aret)

sodron: nek musoh aq, langsung tak buacok wi

  sardot: seng paling parah pas aq ngingeti GIRON karo WAGINTEN wes podo cepot klambi dron , spontan aku langsung ngremet talang ,,

  sodron: trus ?? (stress)

  sardot: ora disongko ora dinyono dron , goro" kadung nemen leh ku ngremet talang ,, tiba tiba BRUAKK !! Gluduk !! GEDEBUK !! CROTTT !!!

,

,

,

,

,

,

,

,

,

,

aku tibo teko amben , trus aku langsung tangi ,,
haduuuuh , jebul'e mung ngipi dron

  sodron: (ngemut aret)

ahìhihìhi ,, nek moco yo ojo karo tegang tho mber
wkwkwkwk
kabur ahh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar