Sabtu, 08 Juni 2013

sardot emosi

Sardot:"SETAN ALAS !! ora ono ampun kanggo kowe jum,. Dalane mung siji tok..kowe kudu MATI !!"

Juminten:"ampun kang..ampun.. Aku njaluk samudraning pangapuramu kakang.."

Sardot:"samudraning pangapuraku wes asat!! Kowe nguciwakke aku jum.."

Juminten:"ampuni aku kang..Aku pancen salah nggawe sliramu loro ati..tapi..opo kudu ngene dalane kakang?"

Sardot:"aku ora iso ngampuni kowe jum!kowe wani-wanine nlikung aku seko mburi.. Umpet-umpetan tresno karo Sodrun.. Opo kuwi kelakuan bojo sing apik?"

Juminten:"iyo kang..aku ngaku salah.. Tapi aku tresnaku tenanan mung kanggo kowe kang.. Tulung lah kang.. KERISmu kuwi didhunke tow..aku wedi kang.."

Sardot:"ora iso jum.. Aku ora trimo kowe ngidak-idak wong lanangmu iki.. "

Juminten:"yo wes nek pancen aku ora dingapuro,aku ikhlas pecahing dodo wutahing ludiroku kang.."

Sardot:"RASAH KAKEAN UKORO..TAMPANONO KERIS IKI !!"

BLEEEESSS
.
.
.
.
.
.
.
.
Sardot:"piye aktingku bune? Hehehe.."

Juminten:"apik pakne..apik tenan,. Pokokmen LOMBA KETOPRAK AGUSTUSAN ngko bengi dewe kudu menang yo pakne.."

Sardot:"hahaha.. Dewe ojo ngasi kalah karo grup RT sebelah yo bune.."

Juminten:"iyo pakne..wes kene sulak-e balekke, tak nggo resik-resik.."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar