Sabtu, 08 Juni 2013

GORO-GORO LALER

Sodron dolan nang omahe sardot sing konco lawase amargo suwe ora pernah ketemu..

Sodron :assalamualaikum..

Sardot :wa'alaikumsalam..

Sodron : aku krungu krungu jare kowe wis rabi yo dot..lha ndi bojomu??

Sardot :hiks hiks..bojoku wis ninggal seminggu kepungkur dron..

Sodron :lho lho lho..emange bojomu loro (sakit) opo kok sampe ninggal??

Sardot :sak benere bojoku ora loro kok dron..cuma goro goro laler menclok nang gelas kopiku,bojoku langsung mati..

Sodron :ah mosok sih goro2 laler menclok nang gelas wae bojomu isoh mati..

Sardot :ngene lho dron critane,wektu aku dadi manten anyar,awan awan kan aku dandani kamar amargo gebyok kamarku ono sing rusak..

Sodron :terus..

Sardot :wektu iku bojoku kan gawekne aku kopi..aku njur ngombe kopi mau karo lungguh jejer karo bojoku..pas bar ngombe kopi,gelasku di rubung laler 3..

Sodron : terus bojomu weruh laler mau njur bojomu kaget terus mati..ngono po dot.?

Sardot :ora..lalere mau njur tak antem nganggo sandal..

Sodron :terus bojomu mati..ngono po..

Sardot :ora...lalere malah mabur menclok nang sirahe bojoku..amargo aku gregeten, aku njur jupuk palu lan lalere tak gepuk nganggo palu karo aku bengok "MODAR KOWE !!"..eh lalere ora mati malah bojoku sing mati dron...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar