Rabu, 16 Oktober 2013

SARDOT EMOSI 6

KROMPYAAAAANNNGGGG.....!!!!

Sardot :"SETAN ALAS !! ora ono ampun kanggo kowe jum,. Dalane mung siji tok..kowe kudu MATI !!"

Juminten :"ampun kang..ampun.. Aku njaluk
samudraning pangapuramu kakang.."

Sardot :"samudraning
pangapuraku wes asat!!
Kowe nguciwakke aku jum.."

Juminten :"ampuni aku
kang..Aku pancen salah
nggawe sliramu lara ati..tapi..apa kudu ngene dalane kakang?"

Sardot :"aku ora iso
ngampuni kowe jum!kowe
wani-wanine nlikung
aku seko mburi.. Umpet-
umpetan tresno karo
Sodron konco kenthel ku dhewe.. Opo kuwi kelakuan bojo sing apik hah!!!?"

Juminten :"iyo kang..aku
ngaku salah.. Tapi tresnaku tenanan mung kanggo pean kang..Tulung kang..
KERIS mu kuwi di edunke ..aku wedi kang.."

Sardot :"ora iso jum.. Aku
ora trima kowe ngidek-idek wong lanangmu iki... "

Juminten :"yo wes nek
pancen aku ora dingapurani,aku ikhlas pecahing
dada wutahe getihku kang.."

Sardot :"RASAH KAKEAN CANGKEM JUM....TAMPANI
KERIS IKI !!"
.
.
.
BLEEEESSS.........
.
.
.CERITA JUMINTEN DI FB KLIK DISINI
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sardot :"piye aktingku bune? muehehehe.."

Juminten :"apik pakne...apik temenan,...Pokoke LOMBA KETOPRAK nang baledesa engko bengi dewe kudu menang yo pakne.."

Sardot :"hahaha. . Dewe
ojo nganti kalah karo grup
RT sebelah yo bune.."

Juminten :"iya pakne..wes kene, sulak-e balekno,tak enggo resik-resik.."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar