Rabu, 16 Oktober 2013

pasien RSJ

CERITA JUMINTEN KOPLAX KLIK DISINI

CRITane neng RSJ ORA TAU WARAS Juminten dadi perawat..

Awan iku Juminten KONTrOL pasien-pasien...

Juminten : wilujeng siang mbah sodron..

sodron : ngeeng..ngeeeeng...!!!! (karo numpak guling)

Juminten : SELAMAT SIAANG MBAH SODRON..!!!! (mbengok koyo bledhek
nyamber)

Sodron : sssssttt....ojo seru2 sing ngomong bu...aku lagi nyopir sedan...

Juminten : ooalah....emange sampean arep neng endi mbah kok nyopir sedan ??

Sodron : aku arep nang jakarta bu...ngeeeng..ngeeeng...(karo mobat mabit tangane koyo wong nyetir
mobil)

Juminten : eaalaah.,,yo wes ngati2 yen nyopir sedan yo mbah...

Sodron : inggih bu...

Selanjute ing wayah bengi Juminten KONTrOL pasien maneh lan weruh mbah sodron isih numpak'i guling..

Juminten : sugeng dalu mbah
sodron..sakniki tekan ngendi
perjalananmu??

sodron : niki sampun tekan tol cikampek bu...ngeeng..ng
eeeng...thiin...thiiin (gayane
nglakson luur)

Juminten : yo wes ngati2 yo mbah.,

Sakwise tilik mbah sodron,juminten trus KONTrOL neng pasien liyane sing
jenenge sardot

Wektu iku juminten yo weruh sardot lagi numpak'i gulinge..

Juminten : sugeng dalu mas sardot...

sardot : eh..bu juminten..hihihi (pamer untu)

Juminten : sampean lagi nyopir nopo mas..??

sardot : kulo mboten nyopir kok bu...

Juminten : yen gak nyopir,iku lagi numpak jaran yoo..??

sardot : mboten bu..

Juminten : po numpak kebo??

sardot : mboten kok..

Juminten : numpak sapi,,wedus,,kuciing...kodok..opo...

sardot : aaaaaarrrgggh..
..WOOY...SAMPEAN WES EDAN YO BU??? (ngrawusi amben)

Juminten : waduuh..kok dadi ngene to...sabar..sabaaar...... Trus kowe lagi ngopo mas???

sardot : ssssstttt....ojo seru2 bu yen ngomong,,mengko yen dikonangi tonggo...

Juminten : lha emange ono opo mas?? (ngomong bisik2)

sardot : saktenane..

Juminten : iyo trus..

sardot : kulo niki lagi...

Juminten : ho'o..trus..(penasaran)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
sardot : LAGI ANUH KARO PAIJEM BOJONE MBAH SODRON,,MUMPUNG
MBAH SODRON WES BUDAL NENG JAKARTA.,.muehehehehehheh...(guyu
garangan)
.
.
.
#Juminten langsung koprol trus njoget kuda lumping..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar