Rabu, 16 Oktober 2013

ketemu mantan pacar

ceritane juminten kepitingCritone Sardot esuk mau ora pengen mangan sate koyok tonggo tonggone,tapi lagi pengen mangan KEPITING.

Sardot sing lagi mriang ngakon juminten (bojone) kon nukokne kepiting

Sardot: "Bune,ngene iki mangan kepiting enak paling yo.."
(karo lendotan nang pundak'e juminten)

Juminten: "Halah wes ono daging kok yo iseh pengen mangan Kepiting..mau pas blonjo ra gelem ngomong to pakne."
(mbuka klambi)

Sardot: "Kepingine saiki kok bune,saiki tumbas yo..bune kan ayu,nek bojone pengen opo langsung di turuti Muehehe."

Juminten:" Preketek,Pakne ancen ki mbelgedest ah..Ngelem kok nek ono kekarepan thok to pakne..pakne."
(karo njabuti kelek)

Sardot:" Ora kok bune,pokok'e Bune is the best lah whehehe..
(karo nyodorne lambe mak tepluk)

Juminten: "Yo wis mari iki tak budal tuku kepiting nggone Mukri."

Ora suwe Juminten salin klambi terus budal.

Sardot : "Lho nggak Numpak Mio to bune ?"

Juminten: "Gak wis, amis kabeh ngko..tak nyegat Bemo ae."

Mari ngono Juminten mlaku budhal nyegat bemo.

Ndilalah ndek Bemo Juminten pethuk karo Mantan pacare biyen, jenenge Sodron.

Sodron: "Lho Jum, piye kabare suwe gak pethuk kok tambah cetarrr membahenol ae..arep nang endhi kowe Jum..?"

Juminten: "Kabarku Apik mas..anu mas,Arep nglencer golek angin.."
(Salting karo nyibakne poni)

Sodron: "Sakjane aku yo arep kulak kain, tapi gak sido ae wis, aku tak melok kowe ae Jum,munpung lagi ketemu hehe."
(Karo mbenakne Krah)

Mari ngono Wong loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam

Ndek kono hawane isis nganti gak kroso moro-moro wis sore.

Juminten: "Waduh Mas piye iki, wes jam limo,Yo ora aku kudu mulih,Wes disek yo Mas bye bye."

Sak lebare pamitan, Juminten moro neng nggone Mukri tuku kepiting di adahi kresek njuk cepet cepet muleh

Ora suwe Juminten wes meh tekan omah

Nalikane tekan pekarangan Omah,Kepiting sing Di wadai kresek mau di Culne kabeh."

Juminten: "Wouey..Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki "
(karo mbengok sak bantere)

Sardot: (krungu) "Bune..,Kowe kui lapo kok bengak bengok dewe neng kono..??
(Karo gocek'an untune)

Juminten:" Anu..Iki lho Pakne aku..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...Aku Lagi NGGIRING KEPITING..xixixixi."
(Karo cengingisan)

Sardot:" Arrrrrrrgh..bune..bune..Kepiting kok mok padakne Bebek ae,Mulakno kok ket jaman Alip nganti jaman Dal lagi tekan ngomah,Lehku ngenteni nganti ngiler
.
.
.
Juminten: "Aw aw Aweeeeee..Yessss..!! Ora konangan..
(Mlayu nyang dapur joget Caesar)

2 komentar:

  1. åðµħ... Ɯǩά=))º°˚ Ɯǩά=))º°˚ Ώåķåķåķ. =))∫' ξξξ ђưåhåhå. ,∫¤/\, ћћћ жзжзжзж. / . \, syålålålålålå

    BalasHapus