Jumat, 03 Mei 2013

NGABUBURIT

Sardot karo Sodrun lagi nongkrong neng warung nunggu wayahe buko..

Sodrun;"dot.. Regane mobil avanza piro yo?"

Sardot;"nggaya men kowe kuwi..bar ngrampok endi kowe?"


Sodrun;"ngece yo..mbok elek ngeneki bapakku sugih to ya..otakmu nek didol wae aku kuat mbayar lah.. Tapi ping 3 yo..hehehe"

Sardot;"gelot wae yo drun??"

Sodrun;"halah koyo ngono wae nesu? Tenan ki aku golek mobil avanza..ono pandangan pora dot?"

Sardot;"ono kae, murah,.njaluke mung 3juta.. Tapi barang bekas.."

Sodrun;"halah ngapusi..mosok murah men.. Bekas ketabrak sepur pow?"

Sardot;"Ora drun, barange mulus tenan kok.. Iso mlaku banter lho.. Cuma mobil kuwi elek-e siji.. SETIR-E NENG KIWO.."

Sodrun;"wah.. Kok aneh?tapi ora masalah lah.."

Sardot;"sek..sek.. drun aku rung rampung ngomong.. SETIRE NENG KIWO.. .
.
.
.
.
.
.
.
GAS-E NENG TENGEN..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
trus REM-E NENG MBURI..." (sardot karo mlayu)
sudrun;"ngrakoti sendok"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar