Selasa, 21 Mei 2013

GEGERAN

Awan iku neng deso KALIPARE  lagi ono gegeran..

Sardot : Pak RT...pak RT....gawaat pak RT...(karo ngos-ngosan)

Sodron : ono opo mas Sardot,,koyo diuber wedhus meteng jaluk tanggung jawabmu wae...wuekekek..

Sardot : dudu masalah iku pak...tapi masalah sapiku..gawat tenan pak..

Sodron : Sapimu po arep manak trus kwe bingung golek bidan ngono po??

Sardot : ora iku pak..tapi Sapiku lagi NGAMUK nyeruduk wong2 kampung..

Sodron : wuiih..

Sardot : trus ngambrukne pos kampling..

Sodron : uedaan..

Sardot : trus nguber2 rondo sing adus neng kali..

Sodron : wooww..

Sardot : trus piye solusine pak?? koyone sapiku kesurupan dhemit sing manggon neng wit kates ngarep omahku pak..

Sodron : heemmm..(karo manthuk2)....aku duwe konco pawang sapi ngamuk karo ahli spiritual..jenenge dukun Mukri..

Sardot : tulung wong iku diundang pak..(karo rai melas)

Sodron : oke mas..

* Singkat crita Dukun Mukri wes neng TKP..wektu iku wong sak kampung ngumpul pengen ngerti opo sebabe sapine Sardot ngamuk..

Mukri : (lungguh silo komat kamit moco mantra)... Pi..sapi...kowe kok ngamuk opo ora tau dipakani???

"Heemuuooch...(Sapin­e bengah karo geleng2)"

Mukri : pi..sapi...opo kowe keno virus sapi gila??

"Hemmmmuuooch...(Sap­ine geleng2 maneh)"

Mukri : opo kowe pengen digolekne bojo..??

"Hemmmuooch..Hemmuoo­ch...(Sapine geleng2 karo mancal2)"

* Selanjute Dukun Mukri nyedak sapi kuwi,,lan Sapine koyo bisik2 neng kupinge Mukri,.

Mukri : Pak RT..

Sodron : siap mbah dukun..

Mukri : Sopo sing duwe sapi iki,,kon maju mrene..

Sardot : kulo sing duwe sapi mbah..wonten nopo??

Mukri : Yen pengen sapimu ora ngamuk maneh..ono syarate..

Sardot : syarate nopo mbah??

Mukri : sing sepisan..tiap esuk sapi kuwi kudu mbok ombeni Susu sak ember..Sanggup ora??

Sardot : (mbatin : kaampreet..aku wae ngombene mung banyu tajin kok..)

Mukri : piye sanggup ora??

Sardot : iiin..iiinjeh mbah..kulo sanggup..

Mukri : sing kaping pindho,, tiap awan sapi kuwi kudu mangan suket sing ijo..

Sardot : alaah keciil..kulo yen niku sanggup mbah...wekekek

Mukri : Syarat sing terakhir..yoiku syarat sing paling penting dewe..

Sardot : nopo niku mbah..

Mukri : syarat iki penyebab utama sapimu dadi ngamuk...

* Spontan Sardot, pak RT lan warga kampung siap2 ngrungokne..

Mukri : Syarate yoiku..

Sardot : nopo mbah..

Mukri : tiap wengi..

Sardot : yak..trus...
.
.
.
.
.

(Wargo kampung tambah maju mergo pengen krungu)
.
.
.
.
.
.
.
.
.

Mukri : TIAP WENGI KOWE OJO TURU KARO NGELONI PASANGANE SAPIMU SING NGAMUK KUWI,SEBAB SAPIMU CEMBURU YEN PASANGANE MBOK KELONI TRUS..

.
.

# Saknaliko warga kampung podo tibo jempalikan,,trus gelut dewe2..

# Sardot sing isin langsung dlesepne rai neng tumpukan damen..

Hahahaa...hahaaaa..Dot...Sardot..koyo neng dunyo iki wiz hora ono RONDO,,,???
Wakakaaa........salam gemblung kanggo warga WHX sedoyonipun,,,!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar