Sabtu, 30 Maret 2013

DANGDUTAN


DANGDUTAN..
Bengi iku nang desane,sardot lagi ngadakne acara bersih deso sore ruwatan nanggap wayang karo rodok bengi acara dangdutan
Ora lali, Sardot ugo ngundang pak camat Mukri...
ceritane pas acara dangdutan wes mulai...
Biduan pertama langsung munggah panggung lan nyanyi..penontone langsung ono sing keplok keplok,ono sing bengok bengok,ono sing suit suit,nganti ono sing nyolongi dompet...wah pokok'e rame banget tontonane..

Pak camat mukri njur takon karo sardot..

Mukri :kae mau biduan seko ngendi dot ..najan wonge ora pati ayu tapi suarane jan apik tenan..

Sardot : oh nak niku wau biduan saking Semarang pak camat..namine markonah..

Terus ono biduan maneh sing munggah panggung lan nyanyi..
Penontone sorak sorak-e ora kalah rame koyok sing biduan pertama..

Pak camat Mukri sing gumun karo suoro biduane sing apik,njur takon karo sardot..

Mukri : kae biduan seko ngendi dot kok suarane apik tenan,bocahe ugo ayu..jan ora njelehi..

  sardot:oh nak niku biduan saking wirosari.namine paijem.,tanggane penyanyi nourma silvya,.niku lho pak,biduan nak goyang bokonge teng suroboyo sirahe teng semarang..wkwkwkwk...

Ora suwe,ono Biduan maneh, tapi biduan iki wonge wuelek,awak,e lemu koyok weteng gajah,untune akeh sing palsu,lan suarane ugo elek koyok rupane..
tapi anehe, akeh penonton sing podo tepuk tangan lan pingin ngajak salaman..

Mukri sing melu gumun karo geleng gelengke sirahe,njur nakoni maneh karo sardot..

Mukri :woalah dot dot..kowe nemu biduan yok ngono ki seko daerah ngendi? ,biduan yok ngono kok di pamerke nang panggung..mending konen matun nang sawahku wae..wis jan ora pantes blas bocah iku dadi biduan..wonge wis wuelek,gendut,nyawang wae aku arep muntah..tapi gumunku kok penontone seneng banget yo karo biduan iku,.iku biduan seko ngendi tow dot??

Sardot :anu pak ..nak sing niku boten biduan kok pak. Tapi garwo kulo nembe nyumbang lagu,namine Juminten..LIHAT FACEBOOK DISINI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar