Sabtu, 30 Maret 2013

AWAN MAU JUMINTEN NGOMONG NANG BOJONE SARDOT

JUMINTEN :Pancene bener omonge SODRON

SARDOT:NGOMONG OPO SODRON TAK TAPUK E(emosi)

JUMINTEN:Remuk kabeh dadi bojomu
Mbendinane mbok keplaki
Mbok gebuki mbok pisui(karo mencep sangit)


SARDOT:Sebab kakean cangkem,
Dadi wong wedok
Jok cerewet dik,
Karo wong lanang(karo mendelik)

JUMINTEN:Yo mesti wae ,
Ora mbok ingoni,
Ora mbok openi
Wani rabi mas..Kudu tanggung jawab (karo menek mejo)

Yen jek seneng kelon mas
Ojo moro tangan
(Ojo kereng kereng to mas karo aku)

SARDOT: akulho cinta karo kowe (mringis sapi)


JUMINTEN:Melarat tak belani,
Mbumbung tak openi
Opo ngene dibukak(nyinsing sewek e)
Kelonan nomer siji,
Mergawe nomor pitu mangan watu

SARDOT: (MRONGOS)

JUMINTEN:Nganggur taun taunan
Mangan gak melok adang
Cek nggantenge raimu (karo jopok parut)
Aku wis ora kuwat
Cepet golekno surat
Ndang di pegat


SARDOT: Ojo nekat dik ojo ojo njaluk dipegat
Sebab pegatan
















saiki surate larang(karo ngesot)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar