Jumat, 03 Mei 2013

LAPORAN

Sardot sing lg tuku motor ninja anyar,isuk iku numpak'i motore nang dalan raya

amargo olihe numpak'i zig zag,sardot langsung di sumprit polisi sodron sing lagi tugas

"priiittt !!! Sampean ngerti aturan ora sih? nak numpakmu motor iku membahayakan orang lain..kowe saiki tak tilang.."

"bapak kedhah gadah toleransi kalih kulo tow pak..kulo numpak motor kan lagi latihan.."

Sardot ora sido di tilang

Esuk'e sardot numpak'i motore maneh ..
Lagi-lagi sardot di sumprit sodron sing lagi tugas..

"prittt !!! sampean niku numpak'e motor membahayakan orang lain. Sampean bener bener bakal tak tilang !! "

"waduh pak.. jenengan mbokyo gadah toleransi sekedik kalih kulo tow pak pak..kulo kan nembe latihan"

Sardot ora sido di tilang

Esuk'e sardot numpak motor maneh..tapi sardot nabrak truk lan mencelat nyungsep nang got..

Mukri sing pejalan kaki weruh kejadian iku langsung lapor karo sodron sing lagi tugas

"pak polisi..wonten kecelakaan pak.."

"nang ndi?"

"teng mriku"

Sodron langsung mluncur nang TKP.

Sampe TKP, Sodron malah guyu gulung kuming..

Mukri sing heran banjur takon

"lho pak wonten kecelakaan kok jenengan malah guyu ngakak...."

"wis ora usah di urusi..Dewekne kan lagi LATIHAN"

Mukri :@%&+@???

Tidak ada komentar:

Posting Komentar