Rabu, 16 Oktober 2013

NOMPO SMS

Sardot nduweni bojo ayu sing moblong" yo iku Juminten,ugo nduweni konco raket jenenge Sodron

Nanging sodron sajake kok nduwe roso seneng neng Juminten.

Awan kuwi ndilalah pas wektu sardot kerjo,ujuk" nrimo SMS soko sodron... isine SMS'e koyok ngene unine..

Sodrun: Dot,aku maeng nyang omahmu,kowe tak goleki ora ono...bojomu nek omah dhewe lha kok aku weruh bojomu ndilat" ngemut" lan nyedot"

Ora suwe Sardot langsung menyat muleh nyang omahe bareng moco SMS kuwi.

Sardot dadi kepikiran sing ora ora,langsung ae mbengok'i Juminten

Sardot : Dik...sodron mau jarene mrene yo..?!!
omonge kowe ndilat" opo yo tenan kuwi hee..!!...
(mentheleng meh cepot Mripatnya)

Juminten : manthuk karo mesem..

Sardot : Lan maneh,omonge kowe yo ngemut"...bener ngono opo ora..??
(tambah banter mbengok'e)

Juminten : manthuk manthuk..

Sardot : Siji maneh,omonge kowe yo nyedot"...opo yo ngono tenan..!!
( Karo malangkerik)

Juminten : Manthuk ping rong puluh

Sak wis'e Ngerti jawabane Juminten,Sardot langsung kebakaran jenggot..

Sardot : Pancen wong wedok angel di toto,senengane nglanang...kurang opo olehku ngopeni kowe heh..!!
(nggebrak mejo)

Juminten : Woeeyyy...lek ngomong di atur,sing seneng nglanang ki yo sopo heeeh Lambenya..!!
(gregeten)

Sardot : Lha iki buktine,SMS soko sodron iki
(ngelungne HaPe)

Juminten langsung mbukak SMS...karo cincing" daster.
Banjur juminten muni:"

Juminten : Pancen wong lanang gampang di apusi sampean iki Mas...

Sardot : Lha SMS'e koyo ngono,Iseh kurang bukti piye,Saiki jelasno karepmu piye..??

Juminten : Woles Mas Bojooo..
(Karo ngelus gingsule Sardot)

Sardot: Wes Kadung Emosisasi ngene iki,piye CRITone..??

Juminten: Sodron rene mau,weruh aku ndilat" amargo pas lagi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
NDILATI COWEK ngentekne sambel trasi..Eman2 nek ora di entekne Mas hikz Hikz..

Sardot : Hah..!!
(Mendelik kaget)
Terus..??

Juminten : Terus yo nabrak Judirmu..Tepluk (nyipok gingsule sardot)
Aku ngemut" kuwi amargo
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku kepedhesen trus NGEMUT GULO..paham..??

Sardot : Terus.. (siap" salto)

Juminten : Halah terus kok lhosss,Lhah amargo kepedhesen ora mari"
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.CERTA JUMINTEN DI FB
.
.
.
.
.
.
.
.
Aku tuku ES JUS tak ombe gawe sedhotan...kan yo di SEDOT,mosok kon ngokop

Sardot Koprol ping Suwidak rolas karo krukuban Cething

SARDOT EMOSI 6

KROMPYAAAAANNNGGGG.....!!!!

Sardot :"SETAN ALAS !! ora ono ampun kanggo kowe jum,. Dalane mung siji tok..kowe kudu MATI !!"

Juminten :"ampun kang..ampun.. Aku njaluk
samudraning pangapuramu kakang.."

Sardot :"samudraning
pangapuraku wes asat!!
Kowe nguciwakke aku jum.."

Juminten :"ampuni aku
kang..Aku pancen salah
nggawe sliramu lara ati..tapi..apa kudu ngene dalane kakang?"

Sardot :"aku ora iso
ngampuni kowe jum!kowe
wani-wanine nlikung
aku seko mburi.. Umpet-
umpetan tresno karo
Sodron konco kenthel ku dhewe.. Opo kuwi kelakuan bojo sing apik hah!!!?"

Juminten :"iyo kang..aku
ngaku salah.. Tapi tresnaku tenanan mung kanggo pean kang..Tulung kang..
KERIS mu kuwi di edunke ..aku wedi kang.."

Sardot :"ora iso jum.. Aku
ora trima kowe ngidek-idek wong lanangmu iki... "

Juminten :"yo wes nek
pancen aku ora dingapurani,aku ikhlas pecahing
dada wutahe getihku kang.."

Sardot :"RASAH KAKEAN CANGKEM JUM....TAMPANI
KERIS IKI !!"
.
.
.
BLEEEESSS.........
.
.
.CERITA JUMINTEN DI FB KLIK DISINI
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sardot :"piye aktingku bune? muehehehe.."

Juminten :"apik pakne...apik temenan,...Pokoke LOMBA KETOPRAK nang baledesa engko bengi dewe kudu menang yo pakne.."

Sardot :"hahaha. . Dewe
ojo nganti kalah karo grup
RT sebelah yo bune.."

Juminten :"iya pakne..wes kene, sulak-e balekno,tak enggo resik-resik.."

pasien RSJ

CERITA JUMINTEN KOPLAX KLIK DISINI

CRITane neng RSJ ORA TAU WARAS Juminten dadi perawat..

Awan iku Juminten KONTrOL pasien-pasien...

Juminten : wilujeng siang mbah sodron..

sodron : ngeeng..ngeeeeng...!!!! (karo numpak guling)

Juminten : SELAMAT SIAANG MBAH SODRON..!!!! (mbengok koyo bledhek
nyamber)

Sodron : sssssttt....ojo seru2 sing ngomong bu...aku lagi nyopir sedan...

Juminten : ooalah....emange sampean arep neng endi mbah kok nyopir sedan ??

Sodron : aku arep nang jakarta bu...ngeeeng..ngeeeng...(karo mobat mabit tangane koyo wong nyetir
mobil)

Juminten : eaalaah.,,yo wes ngati2 yen nyopir sedan yo mbah...

Sodron : inggih bu...

Selanjute ing wayah bengi Juminten KONTrOL pasien maneh lan weruh mbah sodron isih numpak'i guling..

Juminten : sugeng dalu mbah
sodron..sakniki tekan ngendi
perjalananmu??

sodron : niki sampun tekan tol cikampek bu...ngeeng..ng
eeeng...thiin...thiiin (gayane
nglakson luur)

Juminten : yo wes ngati2 yo mbah.,

Sakwise tilik mbah sodron,juminten trus KONTrOL neng pasien liyane sing
jenenge sardot

Wektu iku juminten yo weruh sardot lagi numpak'i gulinge..

Juminten : sugeng dalu mas sardot...

sardot : eh..bu juminten..hihihi (pamer untu)

Juminten : sampean lagi nyopir nopo mas..??

sardot : kulo mboten nyopir kok bu...

Juminten : yen gak nyopir,iku lagi numpak jaran yoo..??

sardot : mboten bu..

Juminten : po numpak kebo??

sardot : mboten kok..

Juminten : numpak sapi,,wedus,,kuciing...kodok..opo...

sardot : aaaaaarrrgggh..
..WOOY...SAMPEAN WES EDAN YO BU??? (ngrawusi amben)

Juminten : waduuh..kok dadi ngene to...sabar..sabaaar...... Trus kowe lagi ngopo mas???

sardot : ssssstttt....ojo seru2 bu yen ngomong,,mengko yen dikonangi tonggo...

Juminten : lha emange ono opo mas?? (ngomong bisik2)

sardot : saktenane..

Juminten : iyo trus..

sardot : kulo niki lagi...

Juminten : ho'o..trus..(penasaran)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
sardot : LAGI ANUH KARO PAIJEM BOJONE MBAH SODRON,,MUMPUNG
MBAH SODRON WES BUDAL NENG JAKARTA.,.muehehehehehheh...(guyu
garangan)
.
.
.
#Juminten langsung koprol trus njoget kuda lumping..

ketemu mantan pacar

ceritane juminten kepitingCritone Sardot esuk mau ora pengen mangan sate koyok tonggo tonggone,tapi lagi pengen mangan KEPITING.

Sardot sing lagi mriang ngakon juminten (bojone) kon nukokne kepiting

Sardot: "Bune,ngene iki mangan kepiting enak paling yo.."
(karo lendotan nang pundak'e juminten)

Juminten: "Halah wes ono daging kok yo iseh pengen mangan Kepiting..mau pas blonjo ra gelem ngomong to pakne."
(mbuka klambi)

Sardot: "Kepingine saiki kok bune,saiki tumbas yo..bune kan ayu,nek bojone pengen opo langsung di turuti Muehehe."

Juminten:" Preketek,Pakne ancen ki mbelgedest ah..Ngelem kok nek ono kekarepan thok to pakne..pakne."
(karo njabuti kelek)

Sardot:" Ora kok bune,pokok'e Bune is the best lah whehehe..
(karo nyodorne lambe mak tepluk)

Juminten: "Yo wis mari iki tak budal tuku kepiting nggone Mukri."

Ora suwe Juminten salin klambi terus budal.

Sardot : "Lho nggak Numpak Mio to bune ?"

Juminten: "Gak wis, amis kabeh ngko..tak nyegat Bemo ae."

Mari ngono Juminten mlaku budhal nyegat bemo.

Ndilalah ndek Bemo Juminten pethuk karo Mantan pacare biyen, jenenge Sodron.

Sodron: "Lho Jum, piye kabare suwe gak pethuk kok tambah cetarrr membahenol ae..arep nang endhi kowe Jum..?"

Juminten: "Kabarku Apik mas..anu mas,Arep nglencer golek angin.."
(Salting karo nyibakne poni)

Sodron: "Sakjane aku yo arep kulak kain, tapi gak sido ae wis, aku tak melok kowe ae Jum,munpung lagi ketemu hehe."
(Karo mbenakne Krah)

Mari ngono Wong loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam

Ndek kono hawane isis nganti gak kroso moro-moro wis sore.

Juminten: "Waduh Mas piye iki, wes jam limo,Yo ora aku kudu mulih,Wes disek yo Mas bye bye."

Sak lebare pamitan, Juminten moro neng nggone Mukri tuku kepiting di adahi kresek njuk cepet cepet muleh

Ora suwe Juminten wes meh tekan omah

Nalikane tekan pekarangan Omah,Kepiting sing Di wadai kresek mau di Culne kabeh."

Juminten: "Wouey..Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki "
(karo mbengok sak bantere)

Sardot: (krungu) "Bune..,Kowe kui lapo kok bengak bengok dewe neng kono..??
(Karo gocek'an untune)

Juminten:" Anu..Iki lho Pakne aku..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...Aku Lagi NGGIRING KEPITING..xixixixi."
(Karo cengingisan)

Sardot:" Arrrrrrrgh..bune..bune..Kepiting kok mok padakne Bebek ae,Mulakno kok ket jaman Alip nganti jaman Dal lagi tekan ngomah,Lehku ngenteni nganti ngiler
.
.
.
Juminten: "Aw aw Aweeeeee..Yessss..!! Ora konangan..
(Mlayu nyang dapur joget Caesar)

sardot bunuh diri

Jam11 awan ning Java mall
semarang heboh mergo enek wong ameh bunuh diri mlompat seko lantai 3

Usut duwe usut jebul wong sing ameh bunuh diri mau jenenge Sardot

Sodron sing ndilalah dadi satpam kono weruh banjur nyedhak'i sardot alon alon

Sodron : Mas...ampun bunuh diri mas...

Sardot : ora urusan mu...ojo
penggah aku!!!

Sodron : iling wong tuo mas...wong tuo sing nglairke lan ngrumat pean

Sardot : aku anak yatim piatu,ora duwe wong tuo!!

Sodron : iling sedulur mas...sedulur kuwi unggale pean

Sardot : aku anak tunggal,ora duwe sedulur!!

Sodron : iling anak bojo mas...sopo sing ameh nguripi yen pean mati

Sardot : aku durung rabi,ora duwe bojo...opo maneh anak!!

Sodron : iling pacar mas...pacare pean mesti sedih yen krungu kabar pean mati

Sardot : aku jomblo ngenes 5
taon,ora duwe pacar!!

Sodron : iling kerjaan mas...opo pean ora gelo karo gajine pean

Sardot : aku pengangguran ora duwe ijazah,dadi ora duwe kerjaan!!

Sodron : iling konco mas...koncone pean mesti goleki

Sardot : aku anak rantau,ora duwe konco!!

Sodron : (GUBRYAAAAKKK)..............

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.cerita juminten
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
(jungkelke sardot seko
lantai 3)
MODARO WAE MAS...URIP KOK NGENES,ORA DUWE SOPO SOPO!!!