Jumat, 21 Juni 2013

ONDEL ONDEL

karena  hari ultah JAKARTA ke_ 486 th

cerita SARDOT tema BETAWIAN

JUMINTEN "Bang, kita nih pacaran kan udah lama. Udah ampir 3 taonan,"

SARDOT" Iye jum, sekitar segitu deh. Emang kenape, lu udeh bosen pacaran ame gue?"

JUMINTEN"Yaa.. ga gitu sih, cuma aye mo nanya, abang serius ga sih ame aye,"

SARDOT"Serius gimane maksudnye jum?"(belaga pilon.)

JUMINTEN"Yee.. aa.bang.. maksudnye abang serius mo nikahin aye, ape cuma mo pacaran doang,"(rada kesel.)

SARDOT"Ya ngga lah jum. Abang juga pengen nikahin dik juminten, tapi ga sekarang, ntar kalo duit abang udeh bejibun, baru deh abang ngelamar dik jum,"

JUMINTEN"Yaaa... kelamaan bang, lah abang aje kerjaannye nadang doang ame babe abang, gimane ngumpulnye..." ( tambah kesel.)

SARDOT"Nah tu, pan lu tau sendiri, abang ude kesono kemari nyari kerjaan, ga dapet-dapet. Ampe lecek ijazah abang dipotokopi berkali-kali." ( sembari curhat.)

JUMINTEN"Abis gimane dong bang, nyak ame babe aye udeh nanyain terus tuh,"

SARDOT"Yee... gimane dong jum?"

JUMINTEN"Jiaaaah... abang malah balik nanya,"
"Begini aje deh bang. Ntar kalo ada yang ngelamar juminten, abang ikhlasin ye. Abang jangan marah,"

SARDOT"Yaaaah... ko gitu jum... Jadi dik jum mutusin abang?"


JUMINTEN"Abis gimane bang, jumi sih ga mao mutusin abang. Tapi nyak ame babe bilang kalo abang ga bisa ngelamar aye minggu ini, babe mao nerima cowok laen yang ngelamar aye,"

SARDOT"Emangnye ade yang mao ame lu jum?" ( sambil mesem, rada ngeremehin juminten.)sardot pikir cuma ia doang yang demen ame juminten

JUMINTEN"Yee... ade lah bang. Emangnye abang aje yang demen ame jumi. Asal abang tau ye, minggu kemaren tuh cowok dateng mao ngelamar jumi. Tapi babe belon nerima lamarannye, babe ngasih kesempatan buat aye negesin ke abang,"  bikin sardot rada seneng, ngerasa di perluin.

SARDOT"Tapi kok ngasih waktunye cuma seminggu. Abang kan perlu ngomongin dulu ame babe abang,"

JUMINTEN"Jiaaah abang, pan aye ude sering bilang ame abang, kapan abang ngelamar aye, abang jawabnye kalo duit ude ngumpul mulu,"

SARDOT"Emang tuh cowok anak mane, berani-beraninye ngelamar cewek gue,"( rada emosi.)

JUMINTEN"Die orang sini juga bang, abang juga kenal. Tapi abang jangan marah ye,"

SARDOT"Anak sini?... Siape?... Si SODRON anaknye kong Dule ape si Joni anak gang Mangge?"

JUMINTEN"Bukaa...n, bukan dua-duanye. Si SODRON mah aye ga demen, apelagi ame Joni yang kerjaannye godain cewek mulu,"


SARDOT" Terus siape dong.. Belon tau sardot kali tuh orang...,"

JUMINTEN"Emangnye abang berani ame tuh cowok?" (rada ngeledek.)

SARDOT"Yee... dik jum ngeremehin a..bang..," (rada sewot.) "Emang dik jum lupa, waktu abang hajar preman yang gangguin dik jum diujung gang," ( pamer.)

JUMINTEN"Iye.. iye bang... aye inget. Tapi nih cowok laen bang, bukan preman,"


SARDOT"Biar kate tuh cowok anak polisi atau anak pejabat... gue jabanin. Enak aje cewek gue mao dilamar.." ( sok jago.)

JUMINTEN"Bukan juga bang.. Die orang biase aje bang... die ntu orang sini, abang juga kenal ame die,"

SARDOT"Emang siape sih  jum?" ( penasaran)

JUMINTEN"anu ..itu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.







Babe abang,"

SARDOT" Haah...Baabeee," ...... GDUBRAK!!!!
JUMINTEN"Bang... bang.... yeee si abang pingsan!" MUKENYE PERSIS ONDEL ONDEL


Sabtu, 15 Juni 2013

sardot situmorang

sardot Situmorang , wong Medan kuliah neng malang..,
lagi kesengsem karo juminten, prawan manis lan ayu soko malang…
liyo dino sardot situmorang ngajak juminten muter-muter kutho Malang nganggo motor MegaPor,,,,
pas lagi neng dalan wong loro(2) iku ngobrol,..,
mergo motore mlakune banter pool.., juminten mulai protes,,,,

  JUMINTEN: “Mas, ojo kesusu..”

  sardot meneng wae.., mergo dikiro lungguhe terlalu cedak(deket) karo juminten..,
akhire sardot lungguge geser maju sitik me ngarep,, supoyo ora terlalu cedak karo dadane juminten.

Motor tetep wae ngebut mlayu banter…

  JUMINTEN: “Maasssss… ojo kesusu tho?!!..”

  sardot iseh meneng, sardot lungguhe soyo maju nganti tangki motor…

  JUMINTEN: “Mas iki piye tho,,, mbok ojo kesusuuu….”.

  sardot mulai jengkel, lungguhe soyo maju nganti mepet stang motor, banjur ngomong nganggo logat Batak e,,

  SARDOT.:

.
.
.
.
.
.
.
.
..
.
.
.
.
.
 
.

.
.
.
: “BAHHH !!…, PANJANG KALLEE SUSU KAUUU TU, JUUMMM…??!!!


ABSEN DULU TEKO ENDI WAE SING MOCO STATUS IKI

panas e poooll

Critone awan iki sodron karo sardot nembe ngaret neng tegalan

  sodron: puanas yo dot (nyepot klambi)
sardot: luweh panas maneh yen kelingan mambengi (mulai mbabati suket)

sodron: emange ono opodot ?

  sardot: awakmu ngerti giron  anak'e mbah slamet kae pora ?

  sodron: seng rupane koyok garangan kae ?

sardot : iyo lah , trus awakmu kenal waginten anak'e mbok mesenah kae pora ?

  sodron: waginten ? Lha kae lak pacarmu tho ,, Seng bocah'e hola holo kae ye ? Gek pakean'e koyo ibu" ?

  sardot: iyo , tapi wingi nggawe rok mini karo tang top , gek rambut'e dikucer duwur , jan uye pokok'e

  sodron: wah , tenane ,, kemajuan pesat nuw

  sardot: kemajuan dron..., sak kelakuane yo kemajuan pol"an og (mbacok'i suket teki)

sodron : lha kok iso ?

sardot: ngerti ora dron , mosok Giron karo Waginten slinthutan neng mburi omahku dron ,, (mbacokne arep neng wit jati)

  sodron: waduh , lha kok ngunu (mbanting aret)

  sardot: aku pertamane ora ngerti dron ,, tp tak tamat" BH sg di gawe cewek kuwi kyo seng tak tukokne kangge waginten mbiyen

  sodron: wah , yo ora salah brarti

  sardot: pas aku ngerti Giron ngambung Wagintenl , aku meneng wae dron..

  sodron: beyuh , sabar temen kowe

  sardot: pas Girun nyekel tangan'e Waginten , aku yo tetep meneng wae

  sodron: waaaaah , iki (nglosoran ng lemah)

  sardot: tp pas aku ngerti tangane Giron mulah nggrayang neng dodone waginten ,,, aku spontan langsung emosi  (ngangkat aret)

  sodron: trus piye kuwi (wedi)

  sardot: aku langsung munggah gentheng dron  (ngungkal aret )

  sodron: wah , critane wong 2 kwi mbok balang gentheng ngunu ye ?

  sardot: gentheng'e ora tak balangne dron

  sodron: trus mbok kapakne ?

  sardot: gentheng'e tak emot dron

  sodron: jiahhhh (salto molak malek ) kok malah mbok emot thodot

  sardot: AKU LORO ATI DRON !!! (mbanteng aret)

sodron: nek musoh aq, langsung tak buacok wi

  sardot: seng paling parah pas aq ngingeti GIRON karo WAGINTEN wes podo cepot klambi dron , spontan aku langsung ngremet talang ,,

  sodron: trus ?? (stress)

  sardot: ora disongko ora dinyono dron , goro" kadung nemen leh ku ngremet talang ,, tiba tiba BRUAKK !! Gluduk !! GEDEBUK !! CROTTT !!!

,

,

,

,

,

,

,

,

,

,

aku tibo teko amben , trus aku langsung tangi ,,
haduuuuh , jebul'e mung ngipi dron

  sodron: (ngemut aret)

ahìhihìhi ,, nek moco yo ojo karo tegang tho mber
wkwkwkwk
kabur ahh

cicilan

"ceritane sardot iki arep muleh soko rantauan luar jowo,
al kisah sardot  iki muleh neng omahe,
ehladalah pas neng bandara ketemu konco lawase jenenge sodron"

  SARDOT: hlo kowe sodron  yo...

  SODRON: wah, iyo dot ..

  SARDOT: pirang taun awak'e dewe gk ketemu...

  SODRON: wah kiro2 yo 10 taunan...

  SARDOT: hla piye nak sak iki....

  SODRON: maksudte opo dot, kog sak iki...

  SARDOT: hlo kowe ki kepiye to, 10 taun kepungkur kowe kan nduwe tanggungan karo aku to...
Hla piye, sak iki iso nyauri tah ora..

  SODRON: walahdalah, tak kiro lali kowe dot.., mosok wes 10 taun kog ijeh ae kelingan..

  SARDOT: wah kowe piye to droonn.. Msok 10 jta kog kon nglaliake... Iso nyauri ora sak iki...

  SODRON: wah nak sak iki aku lagi gk nduwe duwet dot...

  SARDOT: jane kowe niat nyauri tah ora to dron...

  SODRON: aku yo niat dot,,, tpi sak iki aku gk nduwe duwet,,,

  SARDOT: jiah ilah, kere..kere...

"sodron sing mumet lagi mikir, piye carane golek duwet semono akehe... Tapi sing jenenge sodron iki ora kentek'an akal"

  SODRON: dot,,, aku iso nyauri dino iki, tapi...

  SARDOT: tapi opo meneh...

SODRON: aku nyileh duwet'e yo..

  SARDOT: walahdalah jiangkrek, sing wingi durung di sauri iki arep nyileh meneh..

  SODRON : hla utangmu gelem tak lunasi tah ora...

  SARDOT: yo jelas gelem to... Kowe arep nyileh piro...??

  SODRON: 15 jta wae...

  SARDOT: wah jian akeh timen...

  SODRON: gelem di lunasi tah ora?

  SARDOT: iyo to... Yoh iki dwet'e 15 jta..

SODRON: wah, matursuwun yo...

  SARDOT: cepet ndang di lunasi..

  SODRON: oke..oke..
Utangku sing 10 th kepungkur piro...

  SARDOT: 10 jta...

  SODRON: nyoh iki utangku sing 10 th wingi (karo ngelungke dwet 10 jta)

 SARDOT : oke.. Matur suwun yo..
Eh hla sing sak iki?

  SODRON: sing sak iki, nyoh tak cicil 1 juta ndisik...

  SARDOT: oke..

  SODRON: piye, wes beres to... Utangku sing wingi wes lunas...

  SARDOT: ok,,, matur suwun yo dron,,,, (kok rasane aneh "mbatin",,,)
,
,
,
,
halah,,, sing koplak ki sopo to,,,
sodron,, sardot,,, admin,, po sing moco,,,
,
,

Jumat, 14 Juni 2013

LULUSAN STM

Sabtu, 08 Juni 2013

WES NETES

CRITane Sardot dadi wong pedalaman wana(hutan) amazon

Wektu iku Sardot metu seko hutan ameh represhing ning pantai golek swasana anyar

Tekan pantai,Sardot nemu buah klopo

Mergo penasaran,Sardot takon marang Sodron

Sardot : Mas....iki opo yo...?

Sodron : *Mbathin : Dasar katrok,klopo wae kok ora ngerti*
IKU JENENGE NDOG GAJAH MAS...!!!

Akhire Sardot nggowo mulih klopo mau

Tekan omah,Sardot nyiapke sak kabehe gawe persiapan ngengkremi klopo mau

Sardot gantian karo Juminten bojone olehe ngengkremi nganggo sarung supoyo anget cepet netes

Seminggu pas jatahe Sardot ngengkremi,Juminten ngongkon Mukri anake

Juminten : Le...kowe menyang'o mburi omah...di tiliki kae Bapak mu ngengkremi wes netes opo durung...

Mukri ngadeg nyat moro ning Mburi omah

Ora suwi Mukri mlebu omah meneh karo bengok bengok seneng

Mukri : Mak....maaak.....

Juminten : Piye le....what happen enek opo...?

Mukri : Anu mak....

Juminten : Ora usah anu anu'an le....kowe isih cilik,ora ilok di rungoke member PDWJ

Mukri : Aaaarrrghhhh...mama Jum iki lho...(ngrikiti benik)
aku mung ameh ngomong,ndog'e wes ameh netes mama....

Juminten : (kaget seneng)
Kowe kok iso ngerti yen ndog'e ameh netes le....?

Mukri : .........

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"MAU PAS SARUNGE PAPA ADOT TAK ROGOH,WES METU TLALE'NE (BELALAI)"

sardot emosi

Sardot:"SETAN ALAS !! ora ono ampun kanggo kowe jum,. Dalane mung siji tok..kowe kudu MATI !!"

Juminten:"ampun kang..ampun.. Aku njaluk samudraning pangapuramu kakang.."

Sardot:"samudraning pangapuraku wes asat!! Kowe nguciwakke aku jum.."

Juminten:"ampuni aku kang..Aku pancen salah nggawe sliramu loro ati..tapi..opo kudu ngene dalane kakang?"

Sardot:"aku ora iso ngampuni kowe jum!kowe wani-wanine nlikung aku seko mburi.. Umpet-umpetan tresno karo Sodrun.. Opo kuwi kelakuan bojo sing apik?"

Juminten:"iyo kang..aku ngaku salah.. Tapi aku tresnaku tenanan mung kanggo kowe kang.. Tulung lah kang.. KERISmu kuwi didhunke tow..aku wedi kang.."

Sardot:"ora iso jum.. Aku ora trimo kowe ngidak-idak wong lanangmu iki.. "

Juminten:"yo wes nek pancen aku ora dingapuro,aku ikhlas pecahing dodo wutahing ludiroku kang.."

Sardot:"RASAH KAKEAN UKORO..TAMPANONO KERIS IKI !!"

BLEEEESSS
.
.
.
.
.
.
.
.
Sardot:"piye aktingku bune? Hehehe.."

Juminten:"apik pakne..apik tenan,. Pokokmen LOMBA KETOPRAK AGUSTUSAN ngko bengi dewe kudu menang yo pakne.."

Sardot:"hahaha.. Dewe ojo ngasi kalah karo grup RT sebelah yo bune.."

Juminten:"iyo pakne..wes kene sulak-e balekke, tak nggo resik-resik.."

perampok

Crito iki rodo 17++ sitik yo lur.. Xixixi...ojo doh sepaneng.... Langsung wae diputer critane

Critane kui sardot lan juminten dadi pasutri.

Amargo pas kui dino malam jumat wayah'e sunah rasul,,, sardot-pun icik-icik ehem-ehem karo juminten...

Lagi enak-enak icik-icik ehem-ehem... Ujug" ono perampok mlbu neng omah'e sardot.

Perampok iki terkenal sadis..

sardot lan juminten-pun kaget karo ngomong Wow !!!!

Sardot : waduh ,, pye ki dek???

Juminten : lha pye mas ?? (Karo keweden)

Perampok : NOPO SAMPEYAN NDELENG-NDELENG AKU??? HAH!!!!

Sardot : ora po" mas... (gemeter)

Perampok : enak'e nek diperkosa wae ki....

sardot lan juminten keweden setengah mati...

Si perampok mutuske naleni sardot neng nduwur
dipan (kasur) tpi ijek keadaan setengah udo...

Si perampok mlebu neng njero kamar mandi...

Ketoke sih arep siap" lur... Xixixii

Sardort : wah dek... Ketok'e perampok iki wes
suwe ora nglakok'e icik-icik ehem-ehem..
Ketok'e nafsu banget mbek kowe dek...

Juminten : Hikz.. Pye ki mas?? Aku wedi...

Sardot : wes.. Pokok'e koe manut wae karo perampok'e kui ,, dari pada dewe mengko dipateni (dibunuh)... Lakokne opo seng diarepke perampok iku ... Iki demi tresno kita dek...

Si perampok wes metu teko kamar mandi...

Juminten : tapi mas...(ngomong karo sardot)

sardot : wes,,, pokok'e lakokno opo seng diarepke perampok'e iku...

Juminten : tapi mas,,, pas perampok'e mau mlebu
kamar mandi mau mbisik'i (membisiki) aku
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sardot : mbisik'i opo dek???
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Juminten : mbisik'i.. Nek mau njaluk hand body lotion

Sardot : wes,,,, ngno tok??
.
Juminten : ora... Tapi
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Perampok'e kui nafsune karo sampeyan mas..... Jebul'e wonge kui Homo mas...

Sardot : What????

Juminten : wes mas,,, pokok'e lakokno opo seng di arepke ya mas .. Iki demi tresno kita

Sardot : *Kejang-kejang langsung stroke*

GAWE AKUN PESBOOK (SULE-AZIS)

Suka · ·

KETURUNAN

Bengi iku Sardot,Sodron lan Mukri lagi nongkrong neng Poskamling..

Dasare wong 3 kuwi lagi jomblo ditambah dompete tipis,mulo yo mung jagongan karo guyon lan ora acara malem minggonan...

Sardot : Dron...kowe ngerti ora karo tonggone dewe sing jenenge Achong kae...???

Sodron : iyo..emang ono opo dot??

Sardot : Akhir akhir iki rodok sibuk menghias omahe nganggo lampu2 lampion..

Mukri : Wes biasa Dot yen arep memperingati IMLEK,,sing keturunan Tionghua yo mesti sibuk menghias omahe nganggo pernak-pernik Imlekan..

Sardot : Tapi kok kowe ora menghias omahmu dron??

Sodron : Emange aku keturunan hongkong po???

Sardot : Lhooh...kudune kowe yo melu memperingati dron...kan HP-MU KETURUNAN CHINA,,,wekekkekekkek...

Sodron : your mouth jeplak seprapat dot...

Sardot : Lha kowe kok yo ra melu menghias omahmu kri???

Mukri : Raenek hubungane dot,,,aku asli jowo,,HPku yo ora made in china...

Sardot : wah...tiba'e kowe yo pekok podo Sodron... kowe isih mambu2 keturunan china kri..

Mukri : Maksutmu??

Sardot : Kan kowe dodolan buah,,,salah sijine kowe yo adol JERUK MANDARIN....wkwkkwkwkwkkwkk

Mukri : Kampret kowe dot...marai gawe emosi wae...

Sodron : Dooot....

Sardot : opo Dron..

Sodron : Yen tak sawang2 kanthi tenanan..tibak'e kowe kuwi mirip keturunan...

Sardot : aahhh...mosok to dron...(karo ngoco)

Sodron : mripatmu yo mirip...

Sardot : aahh...ojo ngono lah dron...(karo jungkatan)

Sodron : irungmu yo persis...

Sardot : alaah...tenane dron...Kri tak wenehi duit tulung tukuo rokok karo camilan...nyoooh duwite...

Mukri : Tumben doot...biasane rokok wae njupuk bekase uwong...wekekekkek....

Sardot : Karo aku tenag wae kri....trus opo meneh dron??

Sodron : Sing paling mirip tenan kuwi.....(mandeg sedelo)

Sardot : Apaku dron...??? (penasaran)

Sodron : Lambemu dot...

Sardot : aahhh kowe iso wae dron...(mabur neg awang2)

Sodron : Lan akhire...soko kabeh mau,,aku duwe kesimpulan yen kowe iku asline...
.
.
.
.
.
.

Sardot : Asline opo dron..(ngenteni karo melet2)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.....100 % KETURUNAN....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sardot : ho'o...trus..trus...(siap2 salto)
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.....B A R O N G S A I....
.
.
.
.
#Sardot : salto ping pitu trus natapke RAI neg kentongan...

GORO-GORO LALER

Sodron dolan nang omahe sardot sing konco lawase amargo suwe ora pernah ketemu..

Sodron :assalamualaikum..

Sardot :wa'alaikumsalam..

Sodron : aku krungu krungu jare kowe wis rabi yo dot..lha ndi bojomu??

Sardot :hiks hiks..bojoku wis ninggal seminggu kepungkur dron..

Sodron :lho lho lho..emange bojomu loro (sakit) opo kok sampe ninggal??

Sardot :sak benere bojoku ora loro kok dron..cuma goro goro laler menclok nang gelas kopiku,bojoku langsung mati..

Sodron :ah mosok sih goro2 laler menclok nang gelas wae bojomu isoh mati..

Sardot :ngene lho dron critane,wektu aku dadi manten anyar,awan awan kan aku dandani kamar amargo gebyok kamarku ono sing rusak..

Sodron :terus..

Sardot :wektu iku bojoku kan gawekne aku kopi..aku njur ngombe kopi mau karo lungguh jejer karo bojoku..pas bar ngombe kopi,gelasku di rubung laler 3..

Sodron : terus bojomu weruh laler mau njur bojomu kaget terus mati..ngono po dot.?

Sardot :ora..lalere mau njur tak antem nganggo sandal..

Sodron :terus bojomu mati..ngono po..

Sardot :ora...lalere malah mabur menclok nang sirahe bojoku..amargo aku gregeten, aku njur jupuk palu lan lalere tak gepuk nganggo palu karo aku bengok "MODAR KOWE !!"..eh lalere ora mati malah bojoku sing mati dron...

dilantas POLDA

Dino minggu Sardot mancal Satr*a FU nuju ing alun alun ngumbah mripat

Dirung sampek tekan alun alun,ning dalan enek razia polisi

Polisi: "Sugeng siang pak, endi SIM utowo STNK'mu...?

Sardot: "Aduh...kulo mboten mbeto Pak.."

Polisi: "Mok kiro iki dalane buyut mu...numpak motor ora nggowo surat surat

Sardot: "tapi Pak..."

Polisi: "Wes ora tapu tapian...kowe ameh nyogok aku...ora iso !!!"

*Mari ngono Polisi nggawe surat tilang

Sardot: "Ampun pak... kulo ampun di tilang...kulo tak telpon Sodron rencang kulo,piyambake nyambut damel ing DITLANTAS POLDA...tenggo riyen pak...

*Goro-goro Sardot muni koyo ngono, pak polisi malih wedi..

Polisi: "Bener kuwi koncomu sing kerjo ning DITLANTAS POLDA?"

Sardot: "leres pak...menawi bapak mboten percoyo,niki kulo paringi nomer hp'ne...bapak telpon mawon piyambake..."

*Sardot menehi suwek'an kertas sing ono tulisane nomer HP'ne Sodron

Polisi: "Yo wes ngalio nek ngunu..."
Jare polisi karo keweden...

Sardot: "Matur Suwun Pak"

Ora suwi mari ngono Pak Polisi penasaran banjur nelpon nomer HP sing ning kertas.

Polisi: "Sugeng siang,opo bener iki saudara Sodron sing kerjo ning DITLANTAS POLDA?"

Sodron: "Benar, pak ..!"

Polisi: “Koe kenal karo saudara Sardot..?"

Sodron: "Iyo kenalah kanca kenthel ku...ono opo pak?"

Polisi: Ora opo-opo kok,mung takon...
Hmmmm... Yen oleh ngerti,
sampeyan kerjo ning DITLANTAS POLDA bagian opo yo pak?

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Sodron : "Iki aku bagian resik-resik pak..."

.

.

.

.

.

"Iki aku lagi ngresik'i WC."
Arep kok ewangi nopo pripun pak?

ojo boros-boros

Bapake Sardot kuwi lumayan criwis.

Bengi kuwi Sardot diomongi bapake.

Sodron: le,nyetel radio ojo banter banter le...boros battre

Sardot : iyo pak.
**Sardot mateni radione,terus ning dapur mangan.

Sodron: le,mangane sitik wae le,beras regane larang...boros beras

Sardot: iyo pak...
**Sardot langsung gak nafsu mangan,terus metu sedelok ning teras omahe.

Sodron: le,ojo suwe suwe ning njobo omah,masuk angin mengko...boros obat

**Sardot ngelus dodo,terus mlebu kamar.

Amargo hawane panas,Sardot nguripke kipas angin.

Sodron: le,ojo suwe suwe nguripke kipas angin,bayar listrike mengko larang...boros listrik

Sardot: iyo iyo pak.! (mulai
gregeten)

Sodron: le,awake bapak gatel kabeh,tulung tukokne obat nyamuk ning warung.

Sardot: yo lah pak,..
**Sardot terus mangkat ning warung,selot sedelok wis tekan omahe maneh.

Sodro.: le,wes muleh soko warung le...tulung bapak mu iki gawekne kopi
ning pawon...ora usah legi legi,boros gulo...

Sardot: yo pak...(Rewel ae)
**selot sedelok Sardot gowo wedang kopi,diwehke Sodron bapake.

Sodron: #sruTupPpPp....AHhh tumben seger le wedang gawenanmu.?

Sardot: ah,mosok pak?

Sodron: iyo le...,lho obat nyamuk sing tuku kowe soko warung nengndi?

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Sardot: wis tak campur ning wedang kopine bapak,ben ora kakean cangk*m maneh...urip suwi suwi boros nyowo!!!

tawuran

Awan iku neng SMA ORA NEGRI lagi gegeran sebab Sardot ngamuk2 nantang perang Sodron..

Sardot : HOOOY...DASAR BOCAH RA DUWE TOTO KROMO...KAREPMU PIYE..?? HAAAH..!!!! (karo nggebrak mejo)

Sodron : lhooh...kowe kok wani2 ngomong kasar karo aku...emang opo salahku..??? (munggah mejo)

Sardot : isih ra ngaku salah yo?? Wes ngerti yen Juminten iku pacarku,tapi kowe wani2 kencan malam minggu karo juminten..OPO NYOWOMU WES SUMUK???

Sodron : Juminten pacarmu????? waxaxaxaxa...ngoco disik mas..rupo pating celoneh ngono kok ngaku pacare juminten.,wkwkwkwk (guyu ngece)

Sardot : mosok to rupaku ting celoneh?? (karo ngoco)..wah jebul tenan tapi....LHOOH AKU KOK MALAH MANUT OMONGANMU..!!!! KOWE DURUNG NGERTI SOPO SEJATINE AKU...

Sodron : wkwkwk...opo sing mok banggakne nang awakmu..

Sardot : WES RA USAH KAKEHAN BAC*T...AKU RA TRIMO YEN JUMINTEN MOK AJAK KENCAN...(karo ngangkat bangku)

Sodron : trus karepmu jaluk piye...arep nantang DUEL ??? oke tak layani..(karo ngangkat pak guru)

Sardot : Jaluk diuncali kepala sekolah tenan bocah iki...AYO DUEL SAIKI....!!!! (karo ngangkat kepala sekolah siap2 diuncalke)

Sodron : YEN PANCEN PENGEN PERANG..OJO SAIKI..SEBAB WEKTUNE TERBATAS..

Sardot : trus jalukmu piye haah...

Sodron : Mengko yen wes muleh sekolah...

Sardot : oke..

*Sakwise mulih sekolah..

Sardot : Wooi...ayo saiki yen kowe lanang,,duel karo aku..(gowo golok)

Sodron : ing kene tempate ora ombo..Ojo nang kene...mending nang lapangan etan desoku kae,iso bebas sing perang...wani ora??

Sardot : lapangan cedak desomu sempit..isih ombo lapangan ing desoku.. mending perange nang lapangan desoku wae..

Sodron : ora iso..tetep isih ombo lapangan nang desoku..

Sardot : Wah ngeyel tenan bocah iki...WOOI RASAH KAKEHAN OMONG...AYO NDANG DIBUKTEKNE....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.....LAPANGANE SOPO SING LUWIH OMBO..mending ayo diukur lapangane wae yuk..

Sodron : good idea dot..tumben otakmu waras..xixixi..

Akhire wong 2 iku ngukur lapangan nganti sedino sewengi....

kagum

tane sodron dadi wong sugih dewe sak alas roban.. mobile akeh,omahe gedong magrong-magrong,.lan nduwe anak lanang bujang siji jenenge sardot..

sodron : dot? papi ameh ngomong karo kowe diluk.. reneo dot..

sardot : nopo pi? BMWku ameh kanggo kandang wedhus po? pas banget pi.. aku pengen ganti FERARRI.. huekekeke.. (ngguyu kuda nil)

sodron : ora dot.. tapi...

sardot : kolam renange dewe sing nomer 3 ameh dinggo ngingu lele ngunu po?

sodron : ora dot.. tapi..

sardot : helicopter sing pranti nggo ngarit rusak maneh po pi?

sodron : ora dot.. iki ngomongke awakmu..

sardot : awakku sehat kok pi..

sodron : iyo sehat.. mung ra duwe uteg.. hahaha.. maksudku ngene dot.. kowe kan bujang..?

sardot : iyo pi..

sodron : umurmu diluk neh kepala tiga.. yo ra?

sardot : iyo pi..

sodron : wes wayahmu rabi.. yo ra?

sardot : iyo pi..

sodron : kowe wes nduwe pacar durung dot?

sardot : ora ono sing gelem karo aku pi.. hiks.. hiks.. (nangis)

sodron : iyo aku paham nek rupamu...

sardot : koyo opo pi?

sodron : cemceman anak menyawak !!!! hahahaha (mrongos)

sardot : elek-elek ngene pi...

sodron : piye dot?

sardot : turun bapakne!!

sodron salto diluk trus njagong maneh..

sodron : diluk maneh ono cewek teko rene.. ameh tak jodokke karo kowe dot..jenenge juminten..

sardot : ayu ra pi? hehehe (karo melet-melet)

sodron : ayu tenan..

sardot : seksi ra pi? wkekeke (omes)

sodron : seksi pol..

sardot : wes tau rasan rung pi? hehehe (nakal)

sodron : aku mung njajal pisan.. ups.. maksudku anu.. emm.. anu.. wes lah pokoke cewek'e istimewa.. diluk neh rene dot..

ora suwe ono suoro bel muni..

TING TONG..

sodron weruh neng CCTV trus ngomong lewat speaker..

sodron : mlebu wae jum!!!!

juminten : nggeh pak.. xixixi

tekan njero omah trus wong 3 kuwi lungguh bareng neng ruang tamu..

sodron : jum kenalke.. iki sardot anakku.. ayo salaman..

juminten : aku juminten mas..

sardot : aku sardot, waaah.. nek iki aku gelem pi.. KUA endi KUA?? huekekeke (ngekek jaran)

sodron : piye pendapatmu jum?

juminten : wow.. masio rodo ireng tapi gagah...

sardot : (ngguya-ngguyu dewe)

juminten : awakke keker.. sajake kuat.. xixixi..

sardot : (mulai mancal-mancal)

juminten : mripate tajem.. xixixi

sardot : (koprol-koprol)

juminten : keren...

sardot : (push up)

juminten : pokoke kulo kagum kalih...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...PATUNG MACAN teng pojok niku pak.. xixixi..

sardot : pi?

sodron : piye dot?

sardot : gagal maning pi..

sodron : trus piye dot?

sardot : smack down wae gelem ra pi?

sodron : ayo dot..

pelajaran

Sardot : dron?

Sodron : piye dot? (karo kukur-kukur dengkul)

Sardot : kapan aku iso dadi wong sugih yo...?

Sodron : (uthik-uthik upil)

Sardot : ..nduwe omah gedong ombone 50 hektar...

Sodron : hah? Ombo men?

Sardot : ..supoyo keno nggo playon... Neng kono ugo ono kolam renang gede jumlahe 20...

Sodron : hah? Kanggo opo??

Sardot : ..sing 1 tak nggo renang aku dewe...

Sodron : lha sing 19 kanggo opo?

Sardot : ..tak ingoni lele..

*sodron tibo ngglangsar

Sardot : ..mobilku cacahe 20 dron...

Sodron : hah?? Le parkir piye kuwi..??

Sardot : ..sing siji mlebu garasiku...

Sodron : lha trus sing 19 piye?

Sardot : ..tak cemplungke kolam renangku...

*sodron push up 1.. 2.. 1.. 2.. trus tangi maneh..

Sardot : ..bojoku dron...

Sodron : bojomu ugo 20 ??

Sardot : ora dron...

Sodron : lha piro? (kuatir)

Sardot : siji wae dron...

Sodron (lego) : alhamdulilah dot.. Aku seneng yen koncoku iki ora play.....

Sardot : tapi...

Sodron : opo? (was-was)

Sardot : TAPI...!!!!

Sodron : dooott.. (karo tutupan kuping)

Sardot : TAPIIIIIII...!!!!!

Sodron : opooo dooooootttt.... (karo mancal-mancal)

Sardot : ..tapi..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...BOJO ENOMku=6.. SELIRku=5.. Trus men genep tak tambahi SELINGKUHAN=8.. kuwi ora nutup kemungkinan iso nambah amargo aku kan.....

Sodron : dot?

Sardot : piye?

Sodron : aku ameh ngomong karo member oleh ra?

Sardot : monggo..

Sodron : lur.. Dino iki dewe oleh pelajaran berharga seko bapak sardot..

Sardot : (mbenerke krah klambi)

Sodron : pelajaran sing iso dijupuk seko kono...

Sardot : (sisiran)

Sodron : yoiku...

Sardot : (siap munggah podium)

Sodron : ojo pisan-pisan...

Sardot : (pose jaim)

Sodron : ..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
..minggat tanpo pamit seko RSJ lur..

..Mengko ndak kumat sak wayah-wayah koyo bapak sardot iki..!!!!

*sardot+sodron gelut dewe

chatingan

CRITane Sardot lungo ning warnet njuk chattingan karo cah wedhok sing jenenge Juminten

Sardot : Aduh Dik...poto mu ayu tenan...persis koyok Aura Kasih...marake ati ku rontok

Juminten : (mesem kuda nil)

Sardot : Iku asli opo sotoshop Dik...

Juminten : Asli lah mas....sorry lah yaaau,ora lepel sotoshop

Sardot : Umpomo aku duwe pacar koyok kowe,bakal tak adolke sawah limang hektar gawe ngrabi pean Dik...ahihihii...(ngguyu truwelu)

Juminten : Hmmmm....eeh mas,poto gank mu jebul ugo ganteng ganteng yo...(muntah emas)

Sardot : Biasa wae kok dik...iku ugo poto asli...

Juminten : Pojok paling kiwo mas...mirip Ariel Noah...

Sardot : (mbenake krah)

Juminten : Wuuuihhhh...nomer 2 seko kiwo mas,mirip banget karo Pasha Ungu

Sardot : (mlintir brengos)

Juminten : Pojok paling tengen mas...mirip Teuku Wisnu...

Sardot : (mbenerke gesper)

Juminten : Nomer 2 seko tengen mas....ckckckck....mirip banget karo Vino G Bastian...

Sardot : (jungkatan)

Juminten : Aduuuh masss....sing paling tengah....ahihihiii...persis banget karo Raffi Ahmad

Sardot : (nyukur brewok)

Juminten : ngomong ngomong kowe sing sebelah endi mas...

Sardot : Anu Dik......

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"AKU SING MOTO...."

udan bledheg

"JEDUAAAAAARRRRR...!!!! "( Suoro BLEDHEK nyamber ngiringi udan sing bengi iku derese ora umum)

Wektu wes jam 10 bengi,,suasanane wes sepi mergo udan..nanging ing tengah cuaca sing medeni iku ono wong moro neng omahe Juminten...

" Tok...tok...tok...Kulo nuwun..."

Juminten : monggo...(karo mbukak lawang)...LHOOOH SAMPEAN TO MAS?? (kaget)

Sardot : iyooo...dik..iii...kiii....akuuuu.....(karo kademen sampek ngewel/menggigil)

Juminten : arep ngopo sampean bengi2 kok nekat udan2an tanpo mantel mas??? iki wes bengi yen arep apel mas??

Sardot : dik Jum....aku ora arep apel dik...nanging bengi iki aku mung pengen ngucapne "SELAMAT HARI ULANG TAHUN "...AKU GAK ISO MENEHI OPO2 KAJOBO DOA...

Juminten : (meneng wae)

Sardot : aku gak pengen kelangan momen iki,,,mulo iku aku nekat mrene dik...oiyo...iki ono sekedar tanda tali asih soko aku dik...(karo menehi kado)

* Juminten nyawang Sardot karo mripate arep neteske luh..ujug-ujug.............

"BRUAAAAAAKKKKKKKK..." (Juminten banting kado)

Sardot : (kaget)....ono opo kok mbok banting??? opo kowe isih nesu goro2 salah paham seminggu kepungkur kae???

Juminten : (meneng wae)

Sardot : pancen kado iku ra larang regane...tapi kowe perlu ngerti kepiye perjuanganku oleh kado iki..

Juminten : (nyawang Sardot)

Sardot : Tak rewangi nuntun sepeda motorku sampek 1 km mergo bensinku entek pas neng alas karet kae...

Juminten : (ndingkluk)

Sardot : lebare kejadian bensinku entek...ban motorku bocor,gelem ra gelem aku nuntun motor maneh sampek stengah jam golek'i tukang tambal ban...

Juminten : Maass..(ngelapi luh sing dleweran neng pipi)

Sardot : tak rewangi rebutan...gelut lan adu jotos karo wong liyo mergo kado iki gari siji thok sebab wong iku yo pengen tuku kado iki...

Juminten : uwes Maassss...(nangis mingsek2)

Sardot : tak rewangi udan-udanan nganter kado iki neng omahmu...sampek teles kebes koyo ngene...

Juminten : cukuup Maass..huaaaa...

Sardot : aku ra peduli..aku ikhlas nglakoni kabeh mau,sebab aku pengen ing dino ULTAH-mu iki kowe seneng dik..

Juminten : uweess maass...uweess...aku wes ra kuat sing ngrungokne...huaaaaaa...(nangis banter)

Sardot : (nyawang Juminten)

Juminten : aku wes koyo gak iso ngomong maneh krungu critamu mas...Tapi iki kudu tak omongke neng sampean,,hiks...hiks

Sardot : aku wes paham dik...ngomongo alon2 dik..

Juminten : aku pengen ngomong............
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

........YEN ULANG TAHUNKU WES KELEWAT SEMINGGU KEPUNGKUR MAS...TRUS AREP KANGGO OPO KADO IKI???? HAAAAH...STRESSS AKU YEN NGENE TERUSS..

#Sardot langsung tibo jempalik trus turu neng latar ngarep2 disamber bledhek...

facebook.com/sardotcs